Iguana biru

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Iguana biru
Grand Cayman Blue Iguana.jpg
Klasifikasi ngèlmiah e
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Reptilia
Ordho: Squamata
Subordho: Iguania
Famili: Iguanidae
Génus: Cyclura
Spésies: C. lewisi
Jeneng binomial
Cyclura lewisi
Grant, 1940
Sinonim

Iguana biru utawa Cyclura lewisi ya iku sawijining kèwan jinis rèptil kang duwé werna abu-abu nganti biru. Kèwan iki namung ditemoni ana ing pulo Grand Cayman, Karibia, Kuba. Iguana biru lumrahé ditemoni ing pasisir pulo utawa ara-ara kang garing. Gedhéné kèwan iki bisa ngancik 11 kilogram lan dawané 1,5 mèter. Ing tahun 2002, kèwan iki cacahé namung 10-25, lan miturut IUCN setatus konservasiné kalebu kadrawasan. Amarga ana program kanggo mbalèkaké populasi kèwan iki, ing taun 2012 cacah spèsies kèwan iki udakara 750.[4] Adhedhasar IUCN, kèwan iki kang déwasa cacahé 443, miturut cacah kèwan kang diuculké ing alam. Gunggung iki ping teluné saka gunggung populasi biru ing 3 generasi kepungkur (78 taun) sing cacahé 250. Program panangkaran iguana biru (kanthi mitra lokal lan internasional) ing taun 2009 bisa nampa 175 iguana tambahan. Iguana biru kagolong kèwan kang ora duwéni populasi èkstrim, lan populasiné stabil. Kèwan iki kalebu kèwan kang duwéni umur kang dawa lan duwéni umur reprodhuksi kang uga dawa.[5]

Ciri-ciri[besut | besut sumber]

Iguana biru ya iku kèwan kang urip ana ing palemahan. Kèwan iki wujudé kaya kadal kang gedhé utawa kaya naga, kanthi dawa 5 ft lan lan duwéni bobot 25 lb. Iguana biru lanang duwéni dawa 515 mm lan sing wadon duéni dawa 410 mm. Werna saka kèwan iki saka biru nganti abu-abu. Nalika mangsa kawin, sasi Mèi, kèwan iki warnané katon biru banget. Umur urip kèwan iki dawané kaya umur manungsa, udakara 70 taun.[6][7]

Habitat lan ékologi[besut | besut sumber]

Iguana biru urip ing Grand Cayman, pulo kang gedhé lan kulon dhéwé saka kapuloan Cayman kang manggon ing sisih kidul Kuba.

Iguana biru ya iku kèwan èndhemik kang manggon ing pulo Grand Cayman, kapuloan Cayman, ing dhistrik North Side lan East End, Kuba. Kèwan iki manggon ing 1-6 mèter sadhuwuré banyu segara. Nalika jaman mbiyèn dipitayani menawa kabèh laladan Cayman dadi panggon uripé kèwan iki (amarga ditemoni rangka kang sumebar ing laladan iki. Nanging ing taun 2002, laladan kuwi mau nyusut udakara dadi 4 km² kang manggon ing sisih wétan. Ngerti kahanan iku mau, mula dianakaké panangkaran iguana biru. Banjur laladan panangkaran iku mau diambakké dadi 15,6 km² kang dumadi ing telun panggon ya iku Taman Tetuwuhan QE II, Papan Panangkaran Salina, lan Papan Panangkaran Colliers. Papan kanggo padunung ing laladan iki udakara 0,5 km².[5]

Ing laladan Cayman, iguana biru pernah dianggep urip ing pasisir. Amarga anané proyek bangun dalan lan pomahan ing sakpinggiré pulo, uripé iguana biru kegèsèr lan saya cures. Ing saktengahé pulo uga dibuka laladan kanggo tani, mula papan kanggo urip kèwan iki kegèsèr menyang laladan ara-ara lan kebon buwah. Kadadéan iku nyebabaké iguana biru dadi saya cures. Mula kanggo njaga populasi iguana biru dianakké program stratègi panangkaran kanthi suwéné tengahan (medium term conservation), udakara dawané sakgnerasi 26 taun.[5]

Papan kang cocok kanggo uripé kèwan iki ya iku ara-ara tropis utawa subtropis lan pasisir. Nanging kèwan iki uga bisa rada cocok urip ing alas garing tropis utawa subtropis, lemah kang subur, kebon, lemah kanthi suket, lan alas kang rusak.[5]

Pakan[besut | besut sumber]

Iguana biru kalebu kèwan kang mangan tetuwuhan kaya ta buwah, godhong, lan kembang. Miturut ing Cyclura Reasearch Center (C.R.C), iguana biru diwènèhi pakan kaya jangan ijo kang duwéni kandhungan kalsiyum lan fosfor kang positif. Pakan iku kaya ta, janganan ijo (sawi ijo, kalé, lobak, lobak ijo, pètersèli, dandelion ijo), wiji-wijian (thokolan lan kacang-kacangan), janganan (jipang, jagung, brokoli, kembang kol, asparagus, téla), buwah (melon, apel, plum, pir, gedhang, anggur, tin), kembang sepatu, lan banyu.[7]

Kauripan[besut | besut sumber]

Iguana biru kang dhédhé ing dhuwuré watu

Iguana biru saben tauné bisa ngendhog udakara 22 iji.[5] Salah sawijiné prédhator kang diwedèni déning iguana biru ya iku ula kang bisa nyolong endhogé. Ula kang mangsa endhog-endhog mau ya iku kèwan kang mligi ana Grand Cayman ya iku Alsophis cantherigerus. Ula mau kerep mangsa kodhok, kadhal, lan bayi iguana. Carané iguana biru kanggo ngedohi ula ya iku mlayu lan ndelik ana uwit. Sawisé netes, bayi iguana banjur nyebar lan antara siji lan liyané kapisah kanthi adoh. Nalika ngancik umur sesasi, iguana biru sipaté dadi giras. Mula, nalika ing kandang iguana-iguana mau dipisah. Menawa ora dipisah, iguana kang gedhé bisa matèni iguana kang cilik. Iki nuduhaké, menawa iguana ing papan asliné uripé dhèwèkan. Nalika setaun, iguana iku manggon ing sawenèh papan tanpa dikancani déning wong tuwané. Nalika saya gedhé, iguana biru luwih katon lan luwih wani. Iguana biru kang umur setaun iku lumrahé wis golek papan kanggo manggon. Papan kang dinggo manggon iguana mau, kaya ta wit-witan, suket, utawa ara-ara. Nalika umur setaun, iguana biru lanang lan wadon durung bisa dibédaaké.

Nalika ngancik umur loro setengah taun, iguana biru awaké tuwuh dadi gedhé lan organ reprodhuksiné wis mateng. Saliyané iku, ing umur iku iguana biru bisa ngendog. Nalika déwasa iguana biru narik kawigatèn marang liyané kanggo kawin. Ing sadawané taun iguana biru wadon urip kanthi dhèwèkan lan manggon ing cedhak omahé. Omahé iku arupa bolongan kang cedhak marang watu, lan ana pérangan lemah kanggo mépé awak, mènèhi panganan, lan ngendhog. Ora ana iguana wadon liyané kang nyedhaki omah iku. Menawa ana iguana biru liyané kang nyedhaki, iguna iki banjur ndhangakké sirahé lan mènèhi pepenget supaya ngedohi. Menawa iguana liyané iku njarak, iguana iku banjur nyerang mungsuhé.

Iguana biru lanang duwéni urip kang luwih mardika lan bisa pindhah saka rong siji lan liyané kanthi sumebar, adoh marang siji lan liyané. Nalika dudu ing mangsa kawin, saka pungkasané mangsa panas nganti mangsa adhem, iguana biru lang uripé luwih males, tangi telat, mangan luwih akèh, mépé awak tanpa obah kanthi suwé, lan ngawasi iguana wadon ing cedhak lan adoh saka rongé.

Iguana biru kang urip ing ara-ara ing Grand Cayman

Nalika mangsa semi, iguana biru lanang padha padu antara siji lan liyané kanggo rebutan laladan lan nuduhaké sapa sing kuwat dhéwé. Amarga rebutan laladan iku, kulit kang rusak, buntut kang ciri, lan miliné getih bisa ditemoni. Sasi Maret iguana babon ndelik ing jeroné rong nalika weruh iguana lanang. Mangsa kawin kèwan iki akèh-akèhé ing rong minggu wiwitan sasi Mèi. Ing mangsa kawin iki iguana wernané dadi katon saya biru. Iguana biru lanang ngudhunké boboté amarga nglawan iguana biru lanang liyané lan nyiapké kanggo kawin. Menawa iguana wadon, ngendhegaké anggoné mangan amarga wetengé kebak endhog. Sawisé 6 minggu sakwisé kawin, iguana biru wadon miwiti ngeruk lemah, lan siap kanggo anggoné ngendhog. Sadurungé iku, iguana biru wadon ngusir kabeh iguana biru lanang dhisik, sanadyan iguana biru lanang mau awaké luwih gedhé.[6]

Umur iguana biru, kang disebut "Godzilla" bisa ngancik 69 taun kang manggon ing kebon raja Gladys Porter. Godzilla mulané ditemokaké déning Ira Thompson, sawjining ahli alam, ing taun 1950 ing Grand Cayman. Kèwan iku duwéni bobot 15 lb lan udakara umuré 15 tau. Banjur kèwan iku diimpor ing Amérikah Sarékat ing taun 1986 déning Ramon Noegel, banjur didol marang Crutchfield ing taun 1990. Crutchfield banjur masrahaké Godzilla ing kebon raja Gladys Porter ing taun 1997. Godzilla urip kebon raja iku kira-kira 7 taun lan ing tanggal 26 Mèi 2004, kèwan iku mati amarga lara. Sadurungé mati kèwan iku lara suwéne rong minggu. Salah siji matané Godzila sakwutuhé wuta, lan matané sing liya wuta sakpérangan. Godzilla kanthi teratur digawa ing dhokter kèwan kebon raja Gladys Porter.[8]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Burton, F.J. (2012). "Cyclura collei". IUCN Red List of Threatened Species (IUCN) 2012. Dijupuk June 10, 2012. 
  2. Schwartz A, Thomas R (1975). A Check-list of West Indian Amphibians and Reptiles. Carnegie Museum of Natural History Special Publication No. 1. Pittsburgh, Pennsylvania: Carnegie Museum of Natural History. 216 pp. (Cyclura nubila lewisi, new combination, p. 113).
  3. Species Cyclura lewisi at The Reptile Database . www.reptile-database.org.
  4. Pruwanto (2012-10-24). "Setelah Punah, Iguana Biru Hidup Lagi". Tempo (ing basa Inggris). Dijupuk 2020-01-11. 
  5. a b c d e "The IUCN Red List of Threatened Species". IUCN Red List of Threatened Species. Dijupuk 2020-01-23. 
  6. a b "Grand Cayman Blue Iguana. reptile conservation" (ing basa Inggris). Dijupuk 2020-01-11. 
  7. a b "Wayback Machine" (PDF). web.archive.org. 2008-04-11. Dijupuk 2020-01-23. 
  8. "Iguana Specialist Group Newsletter" (PDF).