Fort de Kock
Bèntèng de Kock utawi Fort de Kock punika bètèng tilaranipun Walanda ingkang wonten ing kutha Bukittinggi, Sumatra Kulon, Indonésia. Bèntèng punika dipundirikaken déning Kapten Bourer nalika taun 1825 [1] nalika mangsa Baron Hendrik Merkus de Kock minangka dados komandan Der Troepen lan wakil Gubernur Jenderal Indhiya Nèderlan. Awit saking punika bètèng punika kawéntar kanthi nama Bèntèng de Kock manawi wonten Basa Inggris Fort de Kock. Bèntèng de Kock punika wonten ing Bukit Jirek naté dipun-ginakaken déning wadya Walanda minangka kubu pertahanan saking gempuran rakyat Minangkabau mliginipun nalika wonten Perang Padri taun 1821-1837 [2].
Wonten ing sakiwa tengenipun bètèng punika taksih wonten meriam-meriam kuna kalamangsa abad kaping 19. Ing taun-taun salajengipun, ing kiwa-tengené bètèng punika tuwuh kutha kanthi nama Fort de Kock ingkang sapunika Bukittinggi. Manawi mirsani ing sisih bètèng punika katingal kreteg (Jambatan Limpapeh) ingkang ngubungaken bètèng kaliyan objèk wisata taman MArga Satwa [1].
Sajarah pangyasa
[besut | besut sumber]Nalika mangsa papréntahan kolonial Walanda, Bukittinggi punika dados salah satunggaling punjer papréntahan. Kutha punika dipunwastani Gemetelyk Resort wonten ing taun 1828. Kajawi punika, kutha mau boten namung dados pusating papréntahan lan papan pertahanan kanggé pamaréntah kolonial Walanda, nanging ugi dados papan ngaso para opsir Walanda ingkang wonten ing wewengkon jajananipun. Bèntèng Fort de Kock punika dipunyasa minangka lambang bilih kolonial Walanda punika sampun kasil anggènipun mapan ing Sumatra Barat. Bèntèng mau dados tandha penjajahan lan pawiyaran kuasaning Walanda dhumateng Bukittinggi, Agam, lan Pasaman. Kolonial Walanda punika pinter sanget kanggé nguasani Sumatra Barat amargi Walanda punika manfaataken konflik internal ingkang kadadosan antawisipun golongan adat lan golongan agami. Ugi Walanda ndhèrèk mbiyantu golongan adat, kanggé neken golongan agama nalika Perang Paderi (1821-1837). Walanda ingkang paring pambiyantu dhateng golongan adat damel kesepakatan bilih Walanda angsal yasa basis pertahanan militèr ingkang dipunyasa Kaptèn Baurer ing pucuk Bukit Jirek, lajeng dipunwastani Fort de Kock [3].
Sasampunipun yasa bètèng ing Bukit Jirek, Pamaréntah kolonial Walanda ugi nglajengaken rencananipun kanggé mendhet alih bukit-bukit sanèsipun kados ta Bukit Sarang Gagak, Bukit Tambun Tulang, Bukit Cuwarak Bungkuak, lan Bukit Malambung. Ing laladan mau ugi dipunyasa perkantoran, rumah dinas pamaréntah, komplèks pemakaman, pasar, sarana trasnportasi, sekolah ugi papan rekreasi. Pangyasa ingkang dipunlamaphi déning kolonial Walanda mau ing istilah Minangkabau kawentar kanthi tajua nagari ka Bulando ingkang ateges Terjual Negeri padha Walanda. Ing mangsa punika Walanda kasil nguasani 75 persèn wilayag saking gangsal désa ingkang dados punjer dagang [3].
Kaanan Sapunika
[besut | besut sumber]Awit dipunrenovasi ing taun 2002 déning Pamaréntah Laladan Bukittinggi, kawasan bètèng Fort de Kock sapunika dados Taman Kota Bukittinggi (Bukittinggi City Park) lan Taman Burung Tropis (Tropical Bird Park). Dumugi sapunika ing bètèng mau wonten yasan-yasan kanthi cèt putih ijo kanthi dhuwur 20 mèter. Ing sekawan sudut ingkang wonten ing bètèng Fort de Kock punika kajangkepi kaliyan meriam alit. Lajeng kawasan ing kiwa-tengené bètèng ugi dipunpugar déning Pamaréntah laladan dados taman ingkang kebak wit-witan lan aréna kanggé dolanan laré[3].
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b [1] Archived 2012-02-08 at the Wayback Machine.,(id) http://www.wisatamelayu.com Archived 2008-02-26 at the Wayback Machine. Benteng Fort de Kock Sterreschans (dipun-akses tanggal 27 Dhésèmber 2012).
- ↑ [2] Archived 2016-03-07 at the Wayback Machine.,(id) http://www.museumindonesia.com Archived 2013-01-11 at the Wayback Machine. Fort de Kock (dipun-akses tanggal 27 Dhésèmber 2012).
- ↑ a b c [3][pranala mati permanèn],(id) pariwisata Indonésia bètèng Fort de Kock Bukittinggi(dipun-akses tanggal 27 Dhésèmber 2012).