El Escorial
El Escorial | |||
Jeneng: | El Escorial | ||
---|---|---|---|
Digawé déning: | Juan Bautista de Toledo | ||
Tlatah: | San Lorenzo de El Escorial, Spain | ||
El Escorial | |
---|---|
Janeng ing Pratélan Warisan Donya | |
Jinis | Cultural |
Wewaton | i, ii, iv |
Rujukan | 318 |
Tlatah UNESCO | Europe and North America |
Sujarah prasasti | |
Prasasti | 1984 (Sési 8) |
El Escorial, ingkang gadhah jarak kirang langkung 30 mil kulon laut saking Madrid ing lereng Sierra de Guadarrama, dipunbiyangun dados monumen kanggé simbol kamenangan Spanyol kelawan Perancis ing perang Saint Quentin tanggal 10 Agustus 1557 (dinten raya St. Lawrence). Felipe II piyambak dipundadosaken situs kanggé wihara, 1.028 mèter (3.372kaki) dpl. Wihara punika wiwit dipunrancang déning arsitek Juan Bautista de Toledo, nanging sesampunipun séda ing taun 1567, asistenipun Juan de Herrera ngelajengaken proyek punika. Dipunbiyangun kirang langkung 21 taun 1563-1584. Wihara El Escorial minangka wewangunan ingkang paling ageng ing donya.
Wewangunan
[besut | besut sumber]Wewangunan punika gadahhi ukuran 207 x 161 granit mèter (680 x 528 kaki). Wonten sekawan menara ingkang nginggilipun 55 mèter (180 kaki). Wonten kalih campaniles ingkang nginggilipun 72 mèter (236 kaki)lan kubah basilika ingkang nginggilipun 92 mèter (302 kaki). Totalipun wiyar inggih punika 24 kilomèter (14,9 mil) saking koridor. Wewangunan punika dipuntata saking wétan inggih punika saking façade utami nglampahi kapustakan, Courtyard Raja, Basilika, lan Pura Felipe II. Sapanunggalipun punika wonten Wihara, Seminari, Sekolah, lan Raja Pantheon ing ngandhapipun altar Basilika. Dekorasi Wihara dipungarap déning pelukis kondhang Italia ingkang gadhah tanggung jawab kaliyan Gladri Perang lan kapustakan. Karya Titian, Bosch, El Greco, lan Velázquez wonten ing témbok Chapters Roon lan sacristy. Ingkang wonten 1.600 lukisan lan luwih saking 500 lukisan ing témbok.[1]
Kuliner
[besut | besut sumber]Ing area San Lorenzo de El Escorial wisatawan saged nyicipi masakan asli punika lan gunung Madrid. Siput, omelet daging kenthang ingkang dados dhaharan kapisan. (Buncis, daging lan sayur) godhog Madrid, babat lan sup bawang putih ingkang dipunmasak ngagem tradisi Kastilia Sapanunggalipun punika, wonten sapi gunung Guadarrama ingkang dipundamel ing pangangan, sapanunggalipun punika domba lan babi ingkang dipunoven. Lan wonten dhaharan pungkasan inggih punika adas manis rosquillas, puding canutitos lan almond mantecados. Ávila, Segovia, Toledo lan Madrid kitha-kitha ingkang saged dipunpurugi ing San Lorenzo de El Escorial. San Lorenzo de El Escorial dados salah satungalipun Situs Warisan Donya déning UNESCO ingkang gadhah nile arsitertur nginggil. Tembok lan gréja-gréja saking Ávila, Benteng lan Katedral saking Segovia, lan wonten campuran budaya Toledo. Sapanunggalipun punika Madrid gadhah papan-papan ingkang sampun dangu, tuladhanipun Habsburg lan Bourbon Madrid[2]
El Escorial
[besut | besut sumber]Pranala njaba
[besut | besut sumber]Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Royal Seat of San Lorenzo de El Escorial. |
- Practical Information for Public Visits Archived 2007-10-10 at the Wayback Machine.
- Patrimonio Nacional | Royal Seat of San Lorenzo de El Escorial Archived 2009-04-11 at the Wayback Machine.
- Jardin del Monasterio de El Escorial - a Gardens Guide review Archived 2006-06-15 at the Wayback Machine.
- El Escorial Monastery - History and Photos
- 74 Photos of El Escorial
- Maps showing areas of outstanding natural beauty, educational, scientific or cultural importance in Spain Archived 2018-12-15 at the Wayback Machine.
- El Escorial tourist and travel connexions guide (Eng) Archived 2014-12-20 at the Wayback Machine.
- COPYRIGHT IN THE RENAISSANCE
- HISTORIA DEL REAL MONASTERIO DE SAN LORENZO
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ www.feelmadrid.com(dipuntingali tanggal 20 September 2011)
- ↑ www.spain.info(dipuntingali tanggal 20 September 2011)
Artikel ngenani yasan tinamtu iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |