Crita rakyat Indonésia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Tangkuban Prau, salah sijining crita rakyat saka Jawa Kulon

Crita rakyat Indonésia ya iku salah sijining jinis sastra lawas kang dadi warisan budaya ing Indonésia[1]. Crita rakyat iku kalebu salah sijining genre sastra lisan utawa sastra oral amarga crita rakyat dicaritakaké kanthi gethok tular utawa lisan liwat crita déning masarakat siji ing masarakat liyané. Crita rakyat uga bisa dicritakaké déning wong tuwa marang anaké. Saben dhaérah lan saben ètnis ing Indonésia nduwèni crita rakyat kang béda-béda. Umumé, crita rakyat ing Indonésia iki warisan saka leluhur kang diwarisaké kanggo masarakat lan generas-generasi enom. Crita rakyat kang ana ing Indonésia uga nduwèni piwulang moral kanggo masarakat.[2] Akèh saka crita rakyat ing Indonésia iku dimulai saka tradhisi lisan kang dicritakaké déning wong tuwa marang anaké lan dicritakaké déning pandongeng ing sawetara désa ing Indonésia.[2] Ing tradhisi Melayu, crita rakyat bisa dicritakaké kanthi wujud hikayat. Ing tradhisi Jawa, crita rakyat uga bisa dicritakaké kanthi awujud kakawin utawa babad. Tokoh-tokoh kang dicritakaké ing crita rakyat biyasané awujud manungsa, kéwan, utawa déwa déwi.[3]

Unsur-unsur[besut | besut sumber]

Crita rakyat Indonésia uga nduwèni unsur-unsur crita, ya iku unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik. Unsur intrinsik ya iku unsur kang ana ing njero crita lan unsur ekstrinsik ya iku unsur kang ana ing njaba crita. Unsur intrinsik ing crita rakyat Indonésia iku, kayata tema crita, lakon-lakon crita, prastawa, lan latar prastawa. Latar prastawa bisa dibagi dadi latar wektu, latar papan panggonan kadadéyané crita, lan latar swasana crita. Unsur ekstrinsik ing crita rakyat Indonésia iku, kayata kahanan sosial kang ana ing lingkungan sakubengé.[3]

Wos[besut | besut sumber]

Wos utawa piwulang ya iku salah sijining unsur penting kang kudu ana ing crita rakyat Indonésia lan mbangun dalané crita. Wos bisa dadi amalan urip masarakat kang maca. Crita rakyat ing Indonésia ora mung dadi crita kang kondhang ing masarakat. Nanging, crita rakyat uga nduwèni wos kang mupangat kanggo kauripan masarakat. Wos-wos kang ana ing crita rakyat Indonésia ya iku wos pendhidhikan kang nduwèni mutu lan kwalitas kanggo wong kang maca, utamané bocah-bocah. Wos pendhidhikan bisa kanggo renungan bab kauripan ing masarakat lan dadi suri tauladan.[3]

Crita rakyat akeh kang nduwèni wos kang bisa mbangun alégori moral nggunakaké karakter simbolik saka jaman biyèn. Karakter simbolik iku bisa dadi amalan kanggo para masarakat kang maca. Wos kasebut bisa dijupuk saka karakteré para lakon, kayata crita rakyat kang nyaritakaké tindak tanduk bocah marang wong tuwa utawa tindak taduk para lakon crita marang lingkungan sakubengé. Saliyané wos pendhidhikan, crita rakyat ing Indonésia uga nduwèni wos panglipur kanggo masarakat. Wos panglipur bisa katon ing lakuné crita kang dilakokaké déning para lakon. [3]

Wos panglipur bisa katon uga ana ing dalan critané crita rakyat mau. Wos panglipur bisa katon ana ing jinis crita rakyat, ya iku dongèng amarga crita ing dongèng iku tujuwané kanggo nglipur bocah-bocah.[3] Crita rakyat uga bisa nambah kamampuan basa para bocah sekolah amarga bocah-bocah bisa ngrungokaké lan nyaritakaké isi crita rakyat kang wis diwaca.[4]

Jinisé[besut | besut sumber]

Crita rakyat ing Indonésia iku ana maneka warna jinisé, ya iku mite utawa mitos, legenda, lan dongèng.

Nyi Rara Kidul, salah sijining mitos kang kondhang ing Jawa lan Sunda

Mitos[besut | besut sumber]

Mitos ya iku crita babagan dewa lan pahlawan. Crita kang ana ing mitos biyasané crita babagan mula bukané saindenge donya, manungsa, lan bangsa.[5] Mitos uga bagian saka crita rakyat kang nyaritakaké babagan makluk-makluk kang ana gegayutané karo kaciptané saindenge donya utawa makluk-makluk kang nduwèni prabawa ing dhaérah kang dicritakaké.[6] Mitos uga kalebu salah sijining bentuk saka crita rakyat kang nduwèni piwulang moral kanggo masarakat. Panyebaran crita saka mitos iki umumé padha kaya déné crita rakyat, yaiku gethok tular saka masarakat siji ing masarakat liyané liwat crita lisan. Crita ing mitos biyasané babagan makluk-makluk mitologi, kayata dewa-dewa, pahlawan supranatural, manungsa, lan bisa waé babagan panggonan. Nanging, akèh masarakat kang pracaya yèn crita ing mitos iku nyata lan akèh uga kang pracaya yèn critané mung fiksi amarga ora bisa dibuktekaké.[7]

Conto mitos kang kondhang ana ing Indonésia, kayata:

  1. Ratu Segara Kidul utawa Nyi Rara Kidul
  2. Wéwé gombèl
  3. Calon Arang
  4. Bathara Kala
  5. Léak
  6. Ratu Adil

Legenda[besut | besut sumber]

Legenda ya iku sastra lawas awujud crita rakyat kang ana gegayutané karo prastawa sajarah.[8] Prastawa sajarah iku bisa sajarah panggonan utawa dhaérah. Crita kang ana ing legenda biyasané prastawa kang wis tau kadadéyan ana ing donya, salah sijining crita mula bukaning dhaérah ing Indonésia utawa panggonan wisata. Legenda uga nduwèni unsur-unsur kayata alur utawa dalan crita lan lakon-lakon kang mbangun lakuné crita. Legenda biyasané uga awujud crita kang ana ing legenda iku uga nyaritakaké babagan bocah-bocah kang tindak tanduké ora nyenengaké marang wong tuwané lan akhiré bocah iku nemoni bebaya utawa dibendoni déning wong tuwané.[9]

Legenda Roro Jonggrang lan Bandung Bandawasa, mula bukané Candhi Prambanan

Conto legenda kang kondhang ing Indonésia, kayata:

  1. Crita Sangkuriang dadi mula bukané Gunung Tangkuban Prau saka Jawa Kulon
  2. Legenda Rawa Pening saka Jawa Tengah
  3. Legenda Batu Menangis saka Kalimantan Kulon
  4. Legenda Batu Batangkup saka Riau
  5. Malin Kundang saka Sumatera Kulon
  6. Rara Jonggrang dadi mula bukané Candhi Prambanan saka Yogyakarta
  7. Ciung Wanara saka Jawa Kulon
  8. Legenda Tlaga Toba saka Sumatra Lor
  9. Legenda Tlaga Warna ing Pagunungan Dièng

Dongèng[besut | besut sumber]

Dongèng ya iku salah sijining crita rakyat kang critané ora nyata ana ing kauripan masarakat. Dongèng uga sarana kanggo panglipur bocah-bocah amarga kang dicritakaké ing dongèng iku awujud fabel utawa dongèng babagan kéwan, dongèng biyasa kang lakoné manungsa biyasa, dongeng lelucon utawa anèkdot, lan dongèng kang awujud crita-crita panglipur liyané.[4] Crita-crita ing dongèng biyasané dicritakaké marang bocah-bocah cilik dadi crita sadurungé turu. Crita kang dicritakaké déning panulis dongèng iku biyasané ngandhut wos pendhidhikan, panglipur, kabijaksanaan, tatatrapsila, kaprawiran, kasabaran, lan wos-wos utawa piwulang moralitas liyané kanggo bocah-bocah kang maca utawa kang ngrungokaké critané saka wong tuwa.[4] Motif crita lan karakter kang ana ing dongèng nduwèni ciri khas, ya iku sedhengan. Karakter kang digambaraké ana ing dongèng biyasané awujud putri, kéwan-kéwan kang bisa ngomong, pangawulan, buta, naga, peri, jaran, penyihir, ibu tiri, lan karakter liyané kang ora ana ing donya. [10]

Keong Mas

Conto dongèng kang kondhang ana ing Indonésia, kayata:

  1. Bawang Merah Bawang Putih
  2. Crita Kancil
  3. Keong Mas
  4. Timun Mas
  5. Lutung Kasarung
  6. Cindelaras
  7. Ande Ande Lumut
  8. Joko Kendil

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Wijayanti, Daru. (2010). Cerita rakyat Indonesia super lengkap 33 propinsi unik & menarik (ed. Ed. 1). Yogyakarta: New Diglossia. ISBN 979-17092-8-9. OCLC 586642509. 
  2. a b Amin, Irzal; Syahrul R, Ermanto. "Cerita Rakyat Penamaan Desa di Kerinci: Kategori dan Fungsi Sosial Teks". Jurnal Bahasa, Sastra, dan Pembelajaran: 31–41. 
  3. a b c d e Gusnetti, dkk. "Struktur dan Nilai-Nilai Pendidikan dalam Cerita Rakyat Kabupaten Tanah Datar Provinsi Sumatera Barat" (PDF). Jurnal Gramatika: 183–192. 
  4. a b c Azkiya, Nur Rahmatul. "Pengaruh Mendengarkan Dongeng terhadap Kemampuan Bahasa Pada Anak Prasekolah". Jurnal Ilmiah Psikologi Terapan: 123–139. 
  5. "Hasil Pencarian - KBBI Daring". kbbi.kemdikbud.go.id. Dijupuk 2019-12-14. 
  6. Kirk, G.S. (1984). "On Defining Myths". Sacred Narrative: Readings in the Theory of Myth (Barkeley: University of California Press): 53–61. 
  7. Eliade, Mircea (1963). Myth and Reality. diterjemahkan oleh Williard R. Trask. New York: Harper & Row. 
  8. "Arti kata legenda - Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI) Online". kbbi.web.id. Dijupuk 2019-12-14. 
  9. Zacher, Elissa Michele (2010-07-20). "Urban legends: Modern morality tales". The Epoch Times. 
  10. Grimm, Jacob, 1785-1863.; Grimm, Wilhelm, 1786-1859.; Tatar, Maria, 1945- (2004). The annotated Brothers Grimm (ed. 1st ed). New York: W.W. Norton. ISBN 0-393-05848-4. OCLC 53186563.