Corazon Aquino
Corazon C. Aquino | |
---|---|
Présidhèn Filipina kaping 11Présidhèn ika-2 saka Républik ika-4Présidhèn Pamerentahan Revolusioner (1986)Présidhèn ika-1 saka Républik ika-5 | |
Linggih 25 Fèbruari 1986 – 30 Juni 1992 | |
Wakil Présidhèn | Salvador Laurel(1986-1992) |
Kang sadurungé | Ferdinand Marcos |
Kang sawisé | Fidel V. Ramos |
Rerincèn dhiri | |
Lair | Paniqui, Tarlac, Filipina | 25 Januari 1933
Pati | Agustus 1, 2009 Kutha Makati | (umur 76)
Parté pulitik | Organisasi Dhémokratik Nasionalis Serikat (UNIDO) |
Sisihan | Benigno Aquino Jr. |
Agama | Katulik Roma |
Tandha tangan |
Maria Corazon Sumulong Cojuangco Aquino (lair ing Paniqui, Tarlac, Filipina , 25 Januari 1933 – pati ing Makati, 1 Agustus 2009 ing umur 76 taun), dikenal minangka 'Cory Aquino', iku Présidhèn Filipina taun 1986 – 1992. Panjenengané wanita Asia pisanan sing tampil minangka présidhèn wanita ing donya. Wanita iki garwa saka tokoh oposisi sing populèr, senator Benigno Aquino Jr.. Garwané kaprejaya wektu ndharat ing Papan Anggegana Internasional Manila nalika mulih menyang nagarané tanggal 21 Agustus 1983. Corazon sabanjuré difiguraké déning kalangan oposisi kanggo nentang kakuwasan otokratik sing diayahi déning Ferdinand Marcos.
Cory Aquino inggih punika Présidhèn wadon ingkang nomer satunggal ing Filipina.[1] Panjenengane inggh punika garwanipun Benigno Aquino, Jr.[2] Nama aslinipun Cory inggih punika Corazon Sumulong Cojuangco.[3] Miyos ing tanggal 25 Januari 1933.[3] Panjenengane putra ingkang nomer sekawan, saking enem sadulur kandung.[3] Ramanipun, Jose Cojuangco, Sr.[3] Asalipun saking Tarlac lan ibunipun, Demetria utawi asring dipuntimbali Metring Sumulong saking Rizal.[3] Tahun 1946 sadaya kulawarganipun Cory pindah wonten Amérikah Sarékat.[4] Wonten ing Amérikah Sarékat piyambakipun mlebet Ravenhill Academy ing Philadelphia.[4] Nanging, Banjur Cory ngelajengaken ing Notre Dame Convent School ing New York.[4] Wonten ins SMTA Cory wiwit remen marang basa Prancis.[4] Rikala mlebet Mount St. Vincent College ing New York, babagan kuliah utama ingkang dipendhet matematika, lan babagan kuliah minoripun Basa Perancis.[4] Supados boten mendhet mata kuliah fisika, piyambakipun nggantos Basa Perancis dados babagan kuliah utama, lan matematika minor.[4] Tahun 1953 piyambakipun lulus sarjana mudha.[4] Tanggal 11 Oktober 1954, Cory nikah kaliyan Benigno “Ninnoy” Aquino.[2] Sanajan yuswanipun taksih sepantaran kaliyan Cory (24 taun), nanging sapunika Aquino sampun kondhang mawi paraban “Anak Ajaib” ing jurnalistik lan pulitik.[2] Piyambakipun kekalih nikah ing Gréja Our lady of Sorrow ing Pasay city.[2] Sejatosipun kirang leres manawi Cory dipunsebat boten siyap kanggé dados présidhèn.[5] Punika pamanggihipun Lupita Aquino kashiwahara, adik iparipun piyambak.[5] Cory pikantuk pendidikan pulitik saking garwanipun piyambak, inggih punika rikala Aquino dados tahanan pulitik wiwit taun 1972-1980.[5] Saben Setu piyambakipun sowan dateng garwanipun ing pakunjaran.[5] Wonten ngrika piyambakipun medangetaken napa kémawon ingkang dipunandharaken garwanipun, kalebet nuturi kados pundi piyambakkipun mesthi ngewangsuli pitakon-pitakonipun wartawan.[5] Rikala Ninoy séda, sajatosipun Cory gadhah kalih pilihan; dados randha sedih lan ngunci awakipun piyambak ing dhalem utawi mendhet alih tugasipun garwane lan ngisi panggonanipun garwane ingkang kosong ing pulitik.[6] Kulawarga Aquino ugi boten mangertos pundi ingkang badhé dipunpilih kaliyan Cory ngantos dugi ing Manila kanggé ngrawuhi upacara pemakaman garawanipun.[6] Kampanye taun 1984 dados gladhen sesorah kanggé Cory.[7] Manawi padhatanipun kaliyan Ninoy rumiyin, piyambakipun ajrih sanget caket-caket podium, nanging saiki piyambakipun purun mminggah panggung lan sesorah sanajan boten dangu.[7] Pemilihan taun 1984 uga maringi kathah pengalaman lan piwulang énggal kanggé Cory.[7] Sawijining dinten rikala nembé miwiti sesorah ing laladan Zambale, wonten gerimis.[7] Lajeng piyambakipun dadosaken rikat sesorahipun.[7] Cory ngendika marang pendukungipun bilih piyambakipun boten purun piyambakipun sadaya gerah amargi kudanan saéngga boten saged mariki swantenipun.[7] Nanging para pendukungipun boten purun, piyambakipun sadaya taksih pengen midangetaken sesorahipun Cory sanajan jawahipun saya deres.[7] Kados ingkang kula lan panjenengan mangertosi, pungkasanipun Cory kapilih dados Présidhèn Wadon ingkang sapisan ing nagara Filipina lan ingkang dados wakilipun inggih punika Salvador Laurel.[1]
Award lan prèstasi
[besut | besut sumber]- 1986 Time Magazine Woman of the Year
- 1986 Eleanor Roosevelt Human Rights Award
- 1986 United Nations Silver Medal
- 1986 Canadian International Prize for Freedom
- 1986 Nobel Peace Prize nominee
- 1986 International Democracy Award from the International Association of Political Consultants
- 1987 Prize For Freedom Award from Liberal International
- 1993 Special Peace Award from the Aurora Aragon Quezon Peace Awards Foundation and Concerned Women of the Philippines
- 1994 One of 100 Women Who Shaped World History (by G.M. Rolka, Bluewood Books, San Francisco, CA)
- 1995 Path to Peace Award
- 1996 J. William Fulbright Prize for International Understanding from the U.S. Department of State
- 1998 Bebungah Ramon Magsaysay for International Understanding
- 1998 Pearl S. Buck Award
- 1999 One of Time Magazine's 20 Most Influential Asians of the 20th Century
- 2001 World Citizenship Award
- 2005 David Rockefeller Bridging Leadership Awards
- 2005 One of the World's Elite Women Who Make a Difference by the International Women's Forum Hall of Fame
- 2006 One of Time Magazine's 65 Asian Heroes
- 2008 One of A Different View's 15 Champions of World Democracy
- EWC Asia Pacific Community Building Award
- Women's International Center International Leadership Living Legacy Award
- Martin Luther King Jr. Nonviolent Peace Prize
- United Nations Development Fund for Women Noel Award for Political Leadership
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b Syaelendra. Seri Wanita Legendaris Paling Berpengaruh di Dunia. Penerbit:Cipta Media Binanusa (kaca 45)
- ↑ a b c d Syaelendra. Seri Wanita Legendaris Paling Berpengaruh di Dunia. Penerbit:Cipta Media Binanusa (kaca 39)
- ↑ a b c d e Syaelendra. Seri Wanita Legendaris Paling Berpengaruh di Dunia. Penerbit:Cipta Media Binanusa (kaca 37)
- ↑ a b c d e f g Syaelendra. Seri Wanita Legendaris Paling Berpengaruh di Dunia. Penerbit:Cipta Media Binanusa (kaca 38)
- ↑ a b c d e Syaelendra. Seri Wanita Legendaris Paling Berpengaruh di Dunia. Penerbit:Cipta Media Binanusa (kaca 41)
- ↑ a b Syaelendra. Seri Wanita Legendaris Paling Berpengaruh di Dunia. Penerbit:Cipta Media Binanusa (kaca 42)
- ↑ a b c d e f g Syaelendra. Seri Wanita Legendaris Paling Berpengaruh di Dunia. Penerbit:Cipta Media Binanusa (kaca 44)
Pranala njaba
[besut | besut sumber]Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Corazon Aquino. |
- Official website of Corazon Aquino – maintained by the Benigno S. Aquino, Jr. Foundation
- President Cory's historic speech before the U.S. Congress
- Malacañang Museum Official Biography[pranala mati permanèn]
- Prayers for Tita Cory[pranala mati permanèn]
- Prayers - prayforcory.com Archived 2014-12-18 at the Wayback Machine.
- NYTimes obituary
Kang sadurungé Ferdinand E. Marcos |
Présidhèn Filipina 1986–1992 |
Kang sawisé Fidel V. Ramos |
Kang sadurungé Deng Xiaoping |
Tokoh Wanita taunan versi Time 1986 |
Kang sawisé Mikhail Gorbachev |
- Kabèh artikel mawa pranala njaba sing mati
- Artikel mawa pranala njaba sing mati kawit October 2023
- Articles with invalid date parameter in template
- Artikel mawa pranala njaba sing mati permanèn
- Artikel mawa pranala njaba sing mati kawit September 2023
- Présidhèn Filipina
- Tionghoa-Filipina
- Wanita pemimpin
- Person of the Year
- Lair 1933