Codex Sinaiticus

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Codex Sinaiticus (dipunsimpen ing London, British Library, Add. 43725; Gregory-Aland no. א (Aleph) utawi 01) punika satunggiling naskah manuskrip jangkep Prajanjian Ènggal ingkang asalipun saking abad kaping 4. Naskah punika dipunserat migunakaken huruf kapital Yunani (uncial). Sasanèsipun kitab Prajanjian Ènggal, naskah punika ugi ngamot pérangan ageng Septuaginta. Sesarengan kaliyan Codex Vaticanus, Codex Sinaiticus punika salah satunggil naskah Prajanjian Ènggal paling wigatos lan ugi Septuaginta mawi basa Yunani salebetipun ngrunut sajarah tèkstualipun.[1]

Satunggiling pérangan Codex Sinaiticus, isi kitab Ester 2:3-8.

Codex Sinaiticus kapanggih déning Constantin von Tischendorf nalika lelampahanipun ingkang kaping tiga nuju Biara Santa Katarina, ing Gunung Sinai, Mesir, 1859. Lelampahanipun ingkang sepisanan lan kaping kalih, ngasilaken pamanggihan cuwilan-cuwilan naskah saking Prajanjian Lawas, sapérangan ing antawisipun asalipun saking papan sampah. Tsar Alexander II saking Rusia lajeng mréntah panjenenganipun kanggé pados naskah-naskah sanès, ingkang dipunpitadosi taksih saged kapanggih ing biara Sinai punika.

Cariyos kepripun Von Tischendorf manggihaken naskah manuskrip punika, ingkang ngandhut sapérangan ageng kitab Prajanjian Lawas lan sadaya kitab Prajanjian Énggal, mèmper kaliyan cariyos satunggiling roman. Von Tischendorf dumugi biara punika tanggal 31 Januari; nanging panylidhikanipun boten ngasilaken punapa-punapa. Tanggal 4 Fèbruari, panjenenganipun sampun mutusaken kanggé wangsul tanpa pikantuk asil lelampahanpun. "Mila ing dinten punika, nalika saweg mlampah-mlampah kaliyan kepala biara, panjenenganipun nggetuni kagagalanipun. Sasampunipun wangsul saking mlampah-mlampah, Von Tischendorf manggihi sang biarawan malih dhateng kamaripun lan ing mrika sang biarawan nedahaken satunggiling salinan naskah ingkang dipunsebut minangka salinan naskah Septuaginta ingkang dipungadhahi déning biarawan punika. Naskah manuskrip punika dipunbungkus salembar kain lan nalika gulungan dipunbukak, Von Tischendorf ugi kagèt lan rumaos gambira amargi inggih punika dhokumèn ingkang dipunpados-padosi sauntawis panjenenganipun sampun katelasan pangajeng-ngajeng kanggé manggihaken dhokumèn wau. Tujuanipun inggih punika kanggé njangkepi potongan Septuaginta ingkang panjenengan panggihaken taun 1844 lan ingkang panjenenganipun wedharaken arupi naskah perkamen Yunani awangun codex (buku) ingkang tuwa dhéwé. Nanging boten namung punika kémawon ingkang panjenenganipun panggihi, panjenenganipun ugi manggihaken satunggal salinan kitab Prajanjian Ènggal Yunani ingkang jangkep, boten kirang satunggal kaca utawi satunggal paragraf kémawon." Mila sasampunipun négosiasi radi dangu, Von Tischendorf pikantuk naskah ingkang berharga sanget punika lan ngintunaken dhumateng Tsar Alexander II ing Rusia ingkang sanget ngregani. Salajengipun Tsar mréntah kanggé nerbitaken naskah punika ing wangun faksimile supados seratan kuna punika saged langsung katingal dhumateng khalayak ingkang langkung ramé.

Sedaya naskah awangun codex punika kapérang saking 346 1/2 kaca folio, lan dipunserat salebeting sekawan kolom. Saking sadaya folio punika 199 ngamot tèks kitab Prajanjian Lawas lan 147 1/2 tèks kitab Prajanjian Énggal. Kitab-kitab Prajanjian Énggal dipunsusun kados makaten: sekawan Injil, Serat-serat Rasul Paulus, Para Rasul, Serat-serat Katulik (Catholic Epistles), lan Kitab Wahyu. Éwadéné sapérangan péranganing kitab Purwaning Dumadi lan Wilangan salajengipun kapanggih lan dipunjilid ing buku-buku ingkang sanès, para biarawan lajeng ngintun dhumateng Von Tischendorf. Nanging déning pangurus biara sapunika Codex punika dipunanggep dipundhusta.

Ing wulan Mèi 1975 nalika saweg dipunrénovasi, para biarawan biara Santa Katarina mangihaken satunggal ruwangan ing saandhapipun kapel St. George ingkang ngandhung kathah fragmèn-fragmèn perkamèn. Ing antawisipun fragmèn-fragmèn punika, tigawelas kaca Codex Sinaiticus saking kitab Prajanjian Lawas ingkang ical, pinanggih.

Sajarah awal naskah punika boten dipunmangertos. Kolofon kitab Ezra lan Ester nedahaken bilih naskah punika naté wonten ing Caesarea Palaestina nalika abad kaping 6 lan abad kaping 7. Para nimpuna kagungan spékulasi bilih naskah punika dipunserat ing Mesir.

Taun 1933, British Library numbas naskah punika saking pamarétahan kuminis Uni Sovyèt kanthi regi £100.000.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Metzger, Bruce M.; Ehrman, Bart D. (2005), The Text of the New Testament: Its Transmission, Corruption, and Restoration. New York, Oxford: Oxford University Press, p. 62.

Ugi pirsani[besut | besut sumber]