Arsitèktur Indonésia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Omah Gadang

Arsitektur Indonésia inggih punika jinising arsitèktur ingkang kapacak wonten ing yasan ing Indonésia. Arsitektur ing Indonésia kenging pangaribawa saking manéka warna budaya, sujarah, lan géografi ingkang wonten ing Indonésia. Para panjajah saha pedhagang mbeto kabudayan saking nagara asalipun ingkang sanget damel wontenipun éwah- éwahaning gaya lan teknik konstruksi yasan ing Indonésia. Pangaribawa saking nagara sanèsipun ingkang paling kenthel mangaribawa Indonésia ing jaman arsitèktur klasik inggih punika saking nagara India, senajan ta ugi boten sekedhik yasan Indonésia ingkang kenging pangaribawa saking Cina lan Arab. Lajeng, arsitèktur yasan Indonésia ugi kenging pangaribawa saking Éropah wonten ing seni arsitèktur wiwit mlebet ing purwakaning abad kaping 18 lan abad kaping 19.

Arsitektur keagamaan[besut | besut sumber]

Seni arsitèktur ngrembaka sanget ing Pulo Jawa.[1] Sinkretisasi agama ing Jawa boten namung ngewah- ewahi agama asli ingkang sampun wonten ing Indonésia, ananging ugi mangaribawani gaya- gaya arsitèktur ingkang khas dados titikanipun yasan Jawa kanggé yasan- yasan kanggé ngibadah agama hindhu, Buda, Islam, ugi Kristen. Sapérangan yasan agama kados candhi, ingkang asring dipundamel kanthi ukuran ageng lan dipundhisen kanthi arsitèktur ingkang kompleks, kathah dipunyasa ing Pulu Jawa ing jaman jumeneng nata kraton Hindhu- Buda Indonésia ing antawisipun abad kaping 8 ngantos abad kaping 14. Candhi- candhi Hindhu ingkang paling sepuh ingkang taksih madeg mapan wonten ing Pegunungan Dieng. Manawi dipuntaksir, wonten ing laladan pegunungan Dieng punika, wonten kirang langkung sekawan atus candhi ing Dieng ingkang sak punika namung kantun wolung candhi. Candhi Borobudhur ingkang dados monumen umat Buda kalebet wonten ing pratélan Situs Warisan Dunya UNESCO, ingkang dipunyasa déning wangsa Syailendra ing antawisipun taun 750 ngantos taun 850 Masehi, ananging lajeng dipuntilar sekedhap sasampunipun Borobudhur sampun badhé dipunyasa, amargi ningali sampun langkung sekedhik ingkang ngrembakakaken agami Buda lan kakuasaan ing tanah Jawa sampun pindhah mangetan. Borobudhur gadhah sapérangan ageng pahatan- pahatan ingkang narik kawigatosanipun para wisatawan amargi ngandharaken cariyos ingkang wetah lan manunggal manawi dipuntingali saking tingkat paling ngandhap (Kamadhatu), rupadhatu, ngantos tingkat paling nginggil inggih punika, arupadhatu, ingkang punika inggih metafor peralihan pencerahan. Kanthi munduripun Karajan Mataram, ing sisih wétan Jawa ingkang dados punjering arsitèktur keagamaan kanthi gaya ingkang saged narik kawigatosanipun masarakat ingkang minagka gambaraning Siwaisme, Buda lan pangaribawa khas Jawa; satunggaling fusi ingkang nyerminaken karakteristik agama ing sadaya pelosok Jawa. Ing abad kaping 15, Islam sampun dados agama ingkang nguwaosi Jawa lan Sumatra. Kados déné agama Hindhu lan Buda ingkang sampun mangaribawani yasan- yasan sakiwa-tengenipun, pangaribawa asing ingkang ndherek agami punika ugi dadosaken wontenipun gaya- gaya arsitèktur masjid kanthi khas Jawa.

Arsitektur Griya Adat[besut | besut sumber]

Saben ètnis lan suku ingkang wonten ing Indonésia punika gadhah arsitèktur ingkang beda- béda ingkang dadosaken rumah adat saben laladan punika ugi beda- beda. Kanthi wontenipun sekedhik dipunlirwakaken, bilih tiyang Indonésia punika inggih sejatosipun keturunan saking Austronesia (asalipun saking Taiwan, c. 6.000 taun kepengker), lan griya- griya adat tradhisional Indonésia gadhah karakteristik kados saking konstruksi kayunipun, variasi wujud griyanipun, lan ugi struktur gendhengipun ingkang njlimet. Tiyang Austronesia punika padatanipun damel griya kanthi strukutur griya ingkang dawa komunal kados panggung, kanthi gendhengipun ingkang sanget miring posisinipun, kados ingkang katingal wonten ing Griya adat Batak lan Tongkonan, Toraja. Déné variasi wujud griya ingkang dawa punika kapanggih wonten ing dalemipun tiyang- tiyang Dayak ing Kalimantan saha tiyang pendhudhuk Mentawai.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ [Schoppert, P., Damais, S., Java Style, 1997, Didier Millet, Paris, 207 pages, ISBN 962-593-232-1]
  2. ^ [Dawson, B., Gillow, J., The Traditional Architecture of Indonésia, 1994 Thames and Hudson Ltd, London, ISBN 0-500-34132-X]

Ma:Seni bina Indonésia