Widura

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Widura
Widura salah sijine tokoh protagonis ing ing wiracarita Mahabarata
Widura salah sijine tokoh protagonis ing ing wiracarita Mahabarata
Déwanagari: विदुर
Éjaan Sanskerta: Vidura
Jeneng liya: Yamawidura
Asal: Hastinapura, Kerajaan Kuru

Widura (Dewanagari: विदुर,IASTVidura, विदुर) yaiku salah sijiné tokoh protagonis sajroning wiracarita Mahabharata. Widura iku adhik kuwaloné Pandu lan Dretarasta awit nduwèni bapak padha ananging ibu kang béda. [1]Bapaké Widura jenengé Resi Kresna Dwipayana Wyasa utawa Resi Byasa (Abyasa), ananging ibuné yaiku wong wadon saka kasta sudra. [1]Widura ora melu perang ing medan perang ing Kurukshetra, yaiku perang antarané Pandawa lan Korawa, putuné dhéwé.[1]

[sunting] Kelairan

Ing kitab kang sepisanan Mahabharata, yaiku Adiparwa, dicritakaké yèn nalika Ambalika dikongkon kanggo ngadhep Resi Byasa kanggo entuk katurunan, Ambalika malah wedi karo raine resi.[2] Kanggo Nuruti panjaluké maratuwané kang jenengé Satyawati, Ambalika ngirim salah sawijiné babu kanggo nemoni Resi Byasa dhéwékan ing kamar.[2] Babu iki ngladéni resi kanthi apik saéngga resi wicara yén mengko anak kang dilairaké saka guwa garba babu iki bakal nduwèni solah bawa kang prasaja.[2] Resi Byasa nerangaké yén anak kang bakal dilairaké babu iki jelmaan saka Dewa Dharma.[2] Ananging siji kang nggawé Satyawati kuciwa, yaiku anak kang bakal dilairaké ora saka katurunan mantuné ananging saka katurunan babu saka kasta sudra.[2]

Nalika isih enom Widura sinau kanthi dibimbing karo Bisma bareng karo seduluré kang cacahé loro.[2] Miturut Mahabharata, Widura paling nduwèni kawicaksanan tinimbang sedulur-seduluré. [2]Widura sinau dadi mentri raja, déné Pandu diangkat dadi panglima perang lan Dretarastra dipilih dadi putra mahkota.[2] Awit Dretarastra wuta, Pandu nggantékaké lan dadi pamimpin nggenteni Dretarastra, ananging Widura dadi penasihat raja lan ngancani Dretarastra.[2]

[sunting] Chatetan suku

  1. a b c (id)books.google.co.id(dipunundhuh tanggal 17 Juli 2011)
  2. a b c d e f g h i (en) Mahabharata Online mahabharataonline.com(dipunundhuh tanggal 17 Juli 2011)

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Widura&oldid=659319"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès