Burisrawa

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Burisrawa

Miturut layang Mahabharata, Burisrawa iku saluguné putrané Prabu Sommadatta ing negara Baliha. Nanging yèn miturut pakem padhalangan, Burisrawa kuwi putrané Prabu Salya (Salyapati), ratu ing Mandaraka klawan Endang Pujawati iya Setyawati sing angka papat. Déné urutané mangkéné:

  1. Dèwi Erawati, kagarwa Raden Kakrasana iya Prabu Baladéwa nata ing Mandura, banjur peputra Raden Wisatha lan Wimuka.
  2. Dèwi Surtikanthi, kagarwa Adipati Karna (Suryatmaja) nata ing Awangga, peputra Warsakusuma, lan Warsasena.
  3. Dèwi Banowati, kagarwa Prabu Suyudana, nata ing Astina, peputra Sarojakusuma iya Lesmana Mandrakumara, lan Dèwi Lesmanawati.
  4. Raden Burisrawa, lenggah ing kasatriyan Cidhekembang, garwané asma Dèwi Kiswani, atmajané Prabu Kiswamuka, ratu ing negara Cedhisekar. Karo Dèwi Kiswani, peputra siji, Arya Kiswara.
  5. Raden Rukmarata, lenggah ing kasatriyan Pabutulan.

Raden Burisrawa iku praupané awujud raseksa awit nurun eyangé Begawan Bagaspati, kang ora liya pendhita raseksa. Amarga isin pinaringan wujud raseksa mula Burisrawa yasa papan kasebut tunutupan kere lan Burisrawa singidan ing mburine. Burisrawa sinebut uga satriya ing Madyapura. Sanajan kalebu satriya ananging tindak-tanduké kasar lan dhemen ngguyu.

Burisrawa gandrung[sunting | sunting sumber]

Jumbuh klawan wujudé sing setengah yaksa kanthi rambut gimbal diudhal-udhal, Burisrawa seneng nguja kesenengané, golèk menangé dhéwé, dhemen gawé gendra. Nanging bawané anak ratu apa manèh kecaket karo Prabu Baladéwa lan adipati Karna, ora ana wong sing wani nyaruwé marang kabèh tumindaké Burisrawa.

Burisrawa kayungyun banget marang Dèwi Wara Sumbadra wiwit nalika Wara Sumbadra isih kenya nganti tumekané dadi garwané Arjuna lan malah kepara wis peputra Abimanyu barang, gandrungé Burisrawa marang Sang Dèwi ora tau mendha. Burisrawa iya banget sengit nginggit-inggit marang Setyaki, amarga nalika nglamar Dèwi Wara Sembadra ing Dwarawati, Burisrawa tau diajar Setyaki ing alun-alun nganti lémpé-lémpé, kamangka Burisrawa wis nyandhang cara temantén. Ya wiwit iku Burisrawa sengit kepati klawan Setyaki.

Ing lakon Sembadra Larung, Burisrawa dicritakaké minta sraya marang Bathari Durga ing pasétran Gandamayin iya Dhandangmangoré supaya bisa sapatemon karo Sumbadra. Bathari Durga ngendikani, yèn Burisrawa bisa sapatemon karo Sumbadra, nanging ora bisa gepokan salira.

Nalika semana Arjuna pinuju grogol (mbebedhag kidang ing alas Winangsraya. Kanthi ancas nedya pepasihan (cumbana) karo Sumbadra, Burisrawa njujug taman Maduganda, taman keputrén ing kasatriyan Madukara. Kanthi tetembungan manis manuhara, Burisrawa njaluk usadaning lara asmara marang Sumbadra. Amarga Sang Dèwi ora kersa nglanggati, Burisrawa banjur ngunus kerisé. Dewi Sumbadra diagar-agari keris, nanging tetep puguh ora gelem nuruti kekarepané Burisrawa. Kerisé sing diagar-agaraké iku malah banjur ditubruk wani déning Dèwi Sumbadra saéngga sirna margalayu. Burisrawa kamitenggengen. Jroné ora mobah lan ora mosik, ana aloké emban kang tumeka papan kono. Burisrawa gagé mlayu nggendring ninggalaké taman, mlebu ing tengah alas.

Kasatriyan Madukara dadi gègèr sawisé para emban nyumurupi kunarpan Dèwi Sumbadra. Saka pamrayogané Prabu Kresna, Dèwi Sumbadra banjur dilarung ana Bengawan Gangga (Swilugangga), kanthi rineksa Gathutkaca saka gegana. Wusanané layoné Sumbadra diuripaké Antareja kang jumedhul saka Saptapratala nedya ngupadi sudhermané. Gathotkaca ngira yèn Antareja kuwi kang njalari patiné Dèwi Wara sumbadra. Tanpa ditakoni terus ditimblis saka dirgantara. Dadi perang ramé. Leloroné padha digdayané. Sabanjuré leloroné dipisah déning Wara Sumbadra. Sang Dèwi banjur nyritakaké lelakoné kang sanyatané. Ya merga lelakon iki, Antareja banjur bisa kepanggih marang ramané, yaiku Raden Bratasena iya Werkudara.

Patiné Burisrawa[sunting | sunting sumber]

Ing lakon Kresna Duta, Burisrawa marani Setyaki sing lungguh ngedangkrang sila tumpang ing dhuwur kréta Jaladara. Setyaki ditawani ombèn-ombèn utawa inuman tuak waragan. Karepé mono yèn Setyaki gelem ngombé terus mendem, Burisrawa nedya males ukum. Setyaki bakal genti diajar ana alun-alun Astina. Nanging Setyaki ora gelem mèlu ngombé, kanthi pawadan wedi yèn ketagihan. Amarga Burisrawa pijer nawani inuman tuak waragan, Setyaki jéngkél. Gendul isi inuman tuak disaut banjur dikeprukaké ing sirahé Burisrawa. Burisrawa nesu banget, satemah dadi bandayuda. Lagi ramé-raméné adu jotos, dumadakan wadyabala srayané Prabu Duryudana ngebyuk nedya ngranjab Setyaki. Setyaki lumajar nggendring mlebu kedhaton, nusul ingkang raka Sang Prabu Kresna kang lagi pirembugan parang Prabu Duryudana dalah para sesepuh Astina. Amarga Prabu Kresna anggoné dadi duta ora klakon ngeluk panggalihé Prabu Duryudana kang atos lan wangkot iku, satemah bakal dadi perang gedhé sinebut perang Baratayuda Jayabinangun. Dina kang kaping patbelas, Burisrawa maju ing paprangan, ditandhingi Setyaki. Nalika iku Mahasénapati Kurawa isih diasta Pandhita Durna. Bawané kalah gedhé dhuwur, kalah sentosa, Setyaki bisa dipikut déning Burisrawa. Setyaki banjur dibanting sakayangé, nuli kinakahan. Setyaki ora bisa bangga manèh. Burisrawa banjur ngunus candrasa. Nalika candrasa arep ditamakaké ing anggané Setyaki, dumadakan bahu-tangané sing tengen Burisrawa "timpal alias tugel thel ketaman jemparing Nagabandha. Panah Nagabandha iku panahé Setyaki. Déné sing namani panah mau Arjuna awit saka iguh pertikelé Prabu Kresna. Rumangsa uwal saka kakahané Burisrawa, Setyaki gagé ngadeg nyat, terus nyadhak candrasa duwèké Burisrawa banjur ditamakaké ana janggané Burisrawa saéngga tigas pancing, mustakané gumlundhung ing bantala. Burisrawa sirna margalayu ana paprangan Tegal Kurusetra. Mula lakon patiné Burisrawa iku uga banjur disebut lakon "Timpalan".

Uga delengen[sunting | sunting sumber]

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Burisrawa&oldid=804978"