Astinapura

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Astinapura utawa 'Hastinapura (Sansekerta: हस्तिनापुर ) iku sawijining kutha lan Nagar Panchayat ing distrik Meerut, Uttar Pradesh, negara bagéyan India. Astinapura utawa Hastinapura asal saka tembung Hasti (gajah) + Pura (kota). Akèh lelakon ing carita Mahabharata sing kedadéyan ing Astinapura. Ing mangsa saiki, kutha iki disebut Hastinapur, sawijining kutha cilik sing dumunung ing Uttar Pradesh, leté watara 120 km saka Delhi. Ing kutha iki akèh tinemu objek wisata sing narik kawigatèn kaya Kuil Jain lan Taman Nasional Hastinapur.

Hastinapura jroning Mahabharata[sunting | sunting sumber]

Kutha Astinapura iku pusat pamaréntahan krajaan para Kurawa (keturunan Kuru, Dinasti Kuru) sing uga muncul jroning kisah epik Mahabharata.

Para Raja Astinapura[sunting | sunting sumber]

Para Raja Astinapura iku katurunan Raja Bharata lan Raja Kuru, mula disebut Wangsa Kurawa (Kuruwangsa). Jroning kitab Mahābhārata, kisah sentral Para Raja Astinapura diwiwiti saka katurunan Prabu Santanu. Prabu Santanu nduwèni sepasang istri, yaiku Dewi Gangga lan Satyawati. Saka perkawinan iku, Prabu Santanu duwé putra telu, yaiku: Bhisma, Chitrāngada, lan Wicitrawirya. Bhisma lair saka Dewi Gangga d’ené Chitrāngada lan Wicitrawirya lair saka Dewi Satyawati.

Bhisma wis sumpah ora bakal kawin, déné Chitrāngada gugur ing yuswa anom nalika tarung lawan Raja Gandharwa sing jenengé padha. Sauntara kuwi Wicitrawirya dinikahaké karo loro putri saka Krajaan Kasi, yaiku Ambika lan Ambalika. Nanging Wicitrawirya séda tanpa katurunan. Supaya tahta krajaan bisa diwarisaké, kaloro randha Wicitrawirya dipasrahaké marang Resi Byasa sing isih nduwèni hubungan kakrabatan karo kulawarga krajaan.

Resi Byasa nganakaké ritual nyuwun anak. Sawetara wektu sawisé kuwi kaloro randha Wicitrawirya banjur ngandhut. Saka Ambika lair Drestarastra sing wuta. Saka Ambalika lair Pandhu sing pucet praupané. Saka panyuwunan Dèwi Satyawati, Resi Byasa kersa nerusaké upacara lan Dèwi Satyawati ndangu sawijining peladèn anama Sudri. Saka peladèn iki lair Widura.


Para Raja Astinapura jroning Mahabharata
Jeneng Katrangan
Santanu putra Pratipa
Chitrāngada putra pambarep Santanu, wafat ing yuswa anom jroning paprangan
Wicitrawirya putra ragil Santanu, wafat ing yuswa amum tanpa katurunan
Pandhu putra Alm. Wicitrawirya karo Ambalika (sawisé upacara putrotpadana)
Dretarastra putra Alm. Wicitrawirya karo Ambika (sawisé upacara putrotpadana)
Yudistira putra sulung Pandu karo Kunti
Parikesit putra Abimanyu (putra Arjuna, adik saka Yudistira) karo Uttara
Janamejaya putra Parikesit

Deleng uga[sunting | sunting sumber]


 
Wiracarita Mahābhārata
Para Pandawa Lima

Daftar Kitab: | Adiparwa | Sabhaparwa | Wanaparwa | Wirataparwa | Udyogaparwa | Bhismaparwa | Dronaparwa | Karnaparwa | Salyaparwa | Sauptikaparwa | Striparwa | Santiparwa | Anusasanaparwa | Aswamedikaparwa | Asramawasikaparwa | Mosalaparwa | Prasthanikaparwa | Swargarohanaparwa |
Paraga wigati: Pandhawa | Korawa |
Artikel kagandhèng: Astadasaparwa | Bhagawad Gita | Bharatayuddha |

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Astinapura&oldid=825990"