Perang ing Kurukshetra

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Perang ing Kurukshetra
Bagéan saka wiracarita Mahabharata
Kurukshetra.jpg
nalika perang ing Kurukshetra .
Tanggal durung mesthi, ± tahun 3000 SM - 1000 SM[1]
Papan Distrik Kurusetra, negara bagian Haryana, India Utara.
Asil dimenangake pihak Pandawa
Pihak sing kalibat
Lima anake Pandu (Pandawa) lan sekutune, dipimpin dening Yudistira Satus anake Dretarastra (Korawa) lan sekutune, dipimpin dening Duryodana
Komandhan
Drestadyumna- Bisma-
Drona-
Karna-
Salya-
Aswatama
Kakuwatan
7 Aksohini (7 divisi)
Total ± 1.530.900 tentara
11 Aksohini (11 divisi)
Total ± 2.405.700 tentara
Cacahé korban
Meh kabeh prajurit.
Mung 7 kesatria sing urip: lima Pandawa, Yuyutsu, dan Satyaki
Meh kabeh prajurit.
Hanya 3 kesatria sing urip: Aswatama, Krepa, dan Kertawarma

Perang ing Kurukshetra (Dewanagari: कुरुक्षेत्रयुद्ध,IASTKurukṣētrayud'dha, कुरुक्षेत्रयुद्ध), sing dadi bagèyan paling penting saka carita Mahabharata. Sing gawé sebab anané perang kuwi yaiku rebutan panguwasa antarané Pandhawa lan Kurawa.Kurusetra sing dadi panggonan paprangan iki isih isa didelok tekan saiki. Kurusetra mapan ana ing daérah Haryana, India.

Paprangan kuwi ora dingerteni kapan kadadéané, mula kadang-kadang diarani kadadéan ana ing jaman Mitologi. Paninggalan-paninggalan ing Kurusetra (kayata bèntèng) kira-kira dai bukti arkeologine. Miturut kitab Bhagawadgita, perang ing Kurukshetra kadadéan 3000 taun sakdurungé Masèhi (5000 taun kapungkur) lan kuwi dadi referènsi sing misuwur.[2]

Sanajan paperangan iki mung paprangan antarané rong kaluwarga sak dinasti, nanging uga mélokaké pirang-pirang krajan ing India. Paprangan kuwi kadadéan 18 dina, lan yutanan tentara saka rong pihak akèh sing gugur. Paprangan kasebut nyebabaké akèh wanita sing dadi randha lan bocah-bocah sing dadi yatim. Paprangan iki uga ndadèkaké krisis ing India lan uga dadi gerbang nuju jaman Kaliyuga.

Anané Paprangan Kurukshetra[sunting | sunting sumber]

Paprangan Kurukshetra kuwi dadi puncaké Mahabharata, wiracarita paprangan Dinasti Kuru minangka titik séntralé. Parebutan panguwasan sing dadi panyebab perang iki, amarga putra-putrane Dretarastra ora gelem nyerahake tahta krajan Kuru marang sedulure sing paling tuwa, yaiku Yudistira, salah sawijiné Pandawa.Jeneng Kurusetra sing dadi panggonan paprangan iki nduweni teges "daratan Kuru", utawa Dharmakshetra lan "daratan keadilan". Lokasi iki dipilih kanggo paprangan amarga dianggep suci dening umat Hindu. Dusa-dusa apa waé yèn kelakon ana ing kana mesti bakal diampuni ing daérah kana.[3]

Ing kitab Mahabharata dijelasna menawa pangéran Dretarastra sing wuta awit lair kapeksa nyerahaké takhta krajan Kuru sing pusat pamaréntahané ing Hastinapura marang adhiné, Pandu, sanajan dheweké anak mbarep. Pandu nduwèni putra lima kang dikenal déning sebutan Pandawa, lan Yudistira sing mbarep. Sakwisé Pandu ora ana, Dretarastra nggantèni dadi Raja tekan anaké Pandu sing pambarep diwasa.

Para Kurawa, mliginé Duryudana, duwé ambisi arep nguwasani Dinasti Kuru. Nanging ambisi kasebut ora bisa kelakon amarga sing luwih pantes dadi raja yaiku Yudistira. Kanggo mujudaké ambisiné, Duryudana terus golek cara kanggo nyingkiraké Yudhistira lan para pandhawa, dheweke uga duwe karep mateni para pandhawa. Nanging para pandhawa slamet saka usaha Kurawa sing arep mateni Pandhawa amarga oleh dukungan saka Arya Widura lan Kresna sing isih kalebu pakné cilik.[4]

Sakwisé gagal mateni Pandhawa banjur Kurawa duwé rencana liya. Kurawa ngajak Pandhawa dolanan dadu, kanthi syarat sing kalah kudu metu saka krajan nganti telulas taun. Dolanan dadu kuwi disetel licik dening Kurawa sing nyebabake pandhawa kalah. Sakdurungé Pandhawa dibuwang, Dretarastra janji arep nyerahaké krajan marang Yudhistira amarga dheweké kuwi minangka aak pambarep dinasti Kuru.

Sakwisé telulas taun, padha karo janjiné Pandhawa nduweni hak njaluk maneh krajan Astina. Nanging Duryodana ora gelem menehake Krajan maneh, sanajan kaya mangkono Yudhistira lan adhi-adhiné isih bisa sabar. Minangka Pengeran, Pandhawa krasa yen dheweké nduweni hak lan wajib melu ana ing urusan administrasi krajan, banjur Pandhawa njaluk lima desa. Nanging Duryudana gumbedhe ora gelem menehi sanajan sakpucuk dom. Kuwi sing dadi sebab anané paprangan amarga Pandhawa wis kentekan sabar.Pandhawa minangka pangeran kudu lan nduweni hak ana ing administrasi pamerentahan Sebagai seorang pangeran, Pandawa merasa wajib dan berhak turut serta dalam administrasi pemerintahan, maka mereka meminta lima buah desa saja. Tetapi Duryodana sombong dan berkata bahwa ia tidak bersedia memberikan tanah kepada para Pandawa, bahkan yang seluas ujung jarum pun. Jawaban itu membuat para Pandawa tidak bisa bersabar lagi dan perang tak bisa dihindari. Di pihak lain, Duryodana pun sudah mengharapkan peperangan.[2]

Misi damai Sri Kresna[sunting | sunting sumber]

Sakdurungé kaputusa perang diumumké, para Pandawa nduweni usaha nggolek sekutu kanthi mikiraké surat permohonan karo raja-raja ing daratan India Kuno supaya gelem ngirimaké pasukan kanggo mbiyantu Pandhawa saumpama perang sida kadadean. Mangkono uga sing dilakokaké dening Kurawa, nggolek sekutu. Kaya mangkono sing ndadekaké raja-raja ing daratan India Kuno kabagi dadi rong pihak, pihak Pandhawa lan Kurawa.

Sauntara iku, Kresna nyoba kanggo nglakokaké musyawarah supaya bisa damai. Kresna menyang Hastinapura ngusulaké kadamaian antarané Pandawa lan Kurawa. Nanging Duryudana nulak usulé Kresna amarga ngrasa diece, mula dheweké mrentah para prajurit supaya nangkep Kresna sakdurungé budal saka kraton. Nanging Kresna ora wong biyasa. Dheweké bisa dadi cumlorot sing ndadekaké prajurit wuta kabeh. Nalika kuwi uga dheweké nunjukaké bentuk rohaniné sing mung bisa dideleng dening wong suci yaiku : Bisma, Drona, lan Widura.

Sakwise Kresna lunga saka Hastinapura, dheweke menyang Uplaplawya kanggo ngandhani Pandhawa yen perang wis ora udu kadadean. Dheweke njaluk supaya Pandhawa nyiapake widyabala.

Persiapan perang[sunting | sunting sumber]

Kresna ora nyanggupi perang dhewekan. Dheweké ngajokaké pilihan karo Pandhawa lan Kurawa, yen salah siji bisa njaluk widyabalane Kresna sing akeh lan salah siji oleh migunaake tenagane Kresna. OLeh kesempatan kaya mangkono Arjuna lan Duryodana lunga menyang Dwaraka kanggo milih salah siji saka rong pilihan mau.

Duryodana pinter ing politik, jenius ing bidang politik, banjur dheweke milih tentarane Kresna. Dene para Pandawa sing diwakili Arjuna, milih tenagané Kresna sing bisa ngadhani lan njaluk supaya Kresna maju perang tanpa gaman. Sri Kresna gelem marang panjaluké pandhawa.

Cathetan sikil[sunting | sunting sumber]