Mesjid Al Aqsa

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Masjid al-Aqsa
Al aqsa moschee 2.jpg
Informasi dasar
Dunung Al-Haram asy-Syarif, Yerusalem
Koordinat geografi koordinat 31°46'35N 35°14'8E
Afiliasi agama Islam
Distrik Kutha lawas Yerusalem
Status eklesiastik Masjid
Kapemimpinan Wakaf
Deskripsi arsitektur
Jinis arsitektur Masjid
Gaya arsitektur Islam Awal
Arah facade north
Pembukaan tanah 685 CE (Konstruksi Pisanan)
1033 CE (Konstruksi Kapindho)
Taun rampung 705 CE ((Konstruksi Pisanan)
1035 CE (Konstruksi Kapindho)
Spesifikasi
Kapasitas 5,000 (jero); 400,000 (jaba)[1]
Dawa 83 meter (272 kaki)
Amba 56 meter (184 kaki)
Kubah 1
Menara 4
Dhuwur menara 37 meter (121 kaki)
Bahan Limestone (external walls, minaret, facade) stalactite (minaret), lead (dome), white marble (interior columns)

Masjid Al-Aqsha (Arab: المسجد الاقصى , Al-Masjid Al-Aqsa, makna harfiah: "masjid paling adoh") iku salah siji wangunan sing dadi bagéyan saka komplèks wangunan suci ing Kutha lawas Yerusalem (Yerusalem Wétan) sing dikenal kanthi jeneng Al-Haram asy-Syarif kanggoné umat Islam lan kanthi jeneng Har Ha-Bayit (Bukit Baitallah (?) Temple Mount) kanggoné umat Yahudi lan Nasrani.

Literatur Muslim(Al Quran nul karim ) nyatakaké yèn Nabi Muhammad SAW diangkat menyang Sidratul Muntaha saka lokasi iki ing taun 621 Masehi, andadèkaké masjid iki minangka panggonan suci kanggoné umat Islam (pirsani Isra' Mi'raj.)

Masjid Al-Aqsa sing biyèné diarani Baitul Maqdis, minangka kiblat shalat umat Islam sing pisanan sadurungé dialihaké menyang Ka'bah ing sajroning Masjid Al Haram. Umat Muslim ngadhep kiblat menyang Baitul Maqdis sajroning Nabi Muhammad ngajaraké Islam ing Mekkah (13 taun) nganti 17 wulan sawisé hijrah menyang Madinah. Sawisé kuwi kiblat shalat dadi Ka'bah ing jero Masjid Al Haram, Mekkah nganti saiki.

Masjid Al-Aqsa wektu iki arupa masjid sing diwangun sacara permanèn déning Khalifah Abdul Malik bin Marwan saka Kekhalifahan Umayyah (Dinasti Bani Umayyah) ing taun 66 H lan rampung taun 73 H. Rada béda karo pangertèn Masjid Al-Aqsa jroning prastawa Isra' Mi'raj (Q.S. Al Israa’:1) yaiku nyakup kabèh kawasan Al-Haram asy-Syarif.

Kobongan Masjid Al-Aqsa tanggal 21 Agustus 1969 wis nyurung madegé Organisasi Konferensi Islam sing wektu iki anggotané ana 57 negara. Pangobongan kasebut uga nyebabaké sawijining mimbar kuna sing jenengé "Shalahuddin Al-Ayyubi" kobong nganti entèk. Dinasti Bani Hasyim, panguwasa Krajaan Yordania wis ngganti nganggo mimbar gawéyan Jepara, Indonésia. Kulawarga Bani Hasyim, sing isih tetalèn getih karo Nabi Muhammad miturut tradhisi minangka kulawarga sing tanggungjawab njaga papan panggonan suci Islam ing kawasan kasebut.

[sunting] Referensi

  1. Al-Aqsa Mosque, Jerusalem. Atlas Travel and Tourist Agency. URL diaksès tanggal 2008-06-29

[sunting] Deleng uga

[sunting] Pranala jaba


Banda Aceh's Grand Mosque, Indonesia.jpg
Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Mesjid_Al_Aqsa"