Abu Dzar Al-Ghiffari
Jundub bin Junadah bin Sakan (Arab: جُندب بن جَنادة) utawa luwih dikenal kanthi jeneng Abu Dzar al-Ghifari utawa Abizar al-Ghifari yaiku sahabat Nabi Muhammad.
Bab lan Paragraf |
Biografi [sunting]
Abu Dzar asale saka suku Ghifar (dikenal minangka panyamun ing mangsa sadurunge tekane Islam). Dheweke nganut agama Islam kanthi sukarela, dheweke salah siji sahabat kang luwih ndisik nganut agama Islam. Dheweke nekani Nabi Muhammad langsung ing Mekkah saperlu mratelakake kaislamane.
Sawise mratelakake kaislamane, dheweke ngubengi Mekkah saperlu mbengokake yen dheweke sawijining muslim nganti dheweke dikepruki suku Quraisy. Amarga ditulungi Abbas bin Abdul Muthalib, dheweke dibebasake suku Quraisy, sawise suku Quraisy mangerteni yen wong kang dikepruki kuwi saka suku Ghifar. Dheweke melu meh kabeh pertempuran-pertempuran semangsane Nabi Muhammad gesang.
Wong-wong kang mlebu Islam lumantar dheweke, yaiku : Ali-al-Ghifari, Anis al-Ghifari, Ramlah al-Ghifariyah.
Dhewke dikenal setya banget marang Rasulullah. Kasetyane dibuktèkaké kanthi sosok prsaja iki ing sawijining lelungan pasukan Muslim tumuju medan Perang Tabuk nglawan kakaisaran Bizantium. Amarha keledaine lemes, dheweke lila mlaku sinambi mikul gawanane. Nalika kuwi ana kedadeyan pucuking mangsa panas.
Dheweke keselen lan ambruk ing ngarepe Nabi SAW. Nanging Rasulullah gumun amarga kantong banyune isih kebak. Sawise ditakoni kenapa dheweke ora ngumbe banyune, tokoh kang uga kerap ngritik pangwasa sapenake dhewe iki kandha, "Ing lelunganku iki, aku nemokake tuk.
Aku ngombe banyu kuwi nanging mung sithik lan aku ngrasa enak banget. Sawise kuwi, aku supata ora bakal ngumbe banyu kuwi maneh sadurunge Nabi SAW ngunjuk." Kanthi rasa trenyuh, Rasulullah ngendika, "Sira teka ijèn, sira urip ijèn, lan sira bakal mati jroning kaijènan. Ananging sarombongan wong saka Irak kang saleh mbesuk bakal ngurus panguburanmu." Abu Dzar Al Ghifary, sahabat setya Rasulullah kuwi, ngabdi kanggo Islam selawase urip.
Referensi [sunting]
- Summarized Sahih Al Bukhary, Islamic University Al Madinah Al Munawarah