Manuk Puyuh
| Puyuh | |
|---|---|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Aves |
| ordo: | Galliformes |
| kulawarga: | Phasianidae |
| Genera | |
Puyuh yaiku salah siji jinis manuk saka kulawarga familia Phasianidae.[1] Saka wujude, manuk puyuh wujude cilik rupa ireng semu putih ing lar-e.[1] Manuk puyuh kagolong kulawarga unggas darat kang cilik lan lemu. Jinis manuk puyuh ndhuweni kabiasaan mangan wiji-wijian lan asring uga mangan kéwan kayata kalamangga lan kéwan kang ndhuwe prawakan cilik. Manuk puyuh ndhuweni susoh ana ing ndhasar lemah uga ndhuweni kamammpuan kanggo mlayu lan miber kathi cepet lan dhuwur minangka jarak miber kanthi jarak kang cerak-cerak . Aneka werna jinis manuk puyuh kayata puyuh jepang yaiku migratori uga bisa miber kanthi jarak kang aduh. Manuk puyuh Jepang uga diternakake minangka ngasilake endhog.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sajarah
Puyuh kalebu salah siji jinis manuk kang ora bisa mabur saka spesies utawa subspesies genus Coturnix. [2][3][4] Ing Jawa, ana uga kang nyebut Gemak.[2][3][4] Saka basa asing Quail, utawa manuk liar kang sepisan diternaake dening bangsa Amerika Serikat, taun 1870.[2][3][4] Ing Indonésia, puyuh wiwit dikenal lan diternak nalika pungkasane taun 1979.[2][3][4]
[sunting] Mupangat
Manuk puyuh nduweni manfaat kayata:[2]
- Endhog lan daginge nduweni gizi gedhe lan rasa kang enak
- Wulu utawa lar bisa kanggo bahan kerajinan
- Tembelek utawa kotoran bisa kanggo pupuk kandhang utawa kompos kang apik kanggo tanduran
[sunting] Kandungan Gizi Endhog Puyuh
Endhog puyuh nduweni ukuran cilik.[3] Sanajan cilik kandungan gizine gedhe.[3] Biasane endhog puyuh dimasak kanthi digodhog utawa dicampur karo sayuran kayata campuran sambel kentang, isi bakso, tahu lan somay.[3] Endhog puyuh uga bisa kanggo diet amarga bisa ngurangi proses penimbunan lemak.[5]
| Zat Gizi | Endhog Puyuh |
|---|---|
| Energi (kkal) | 158 |
| Protein (g) | 13,05 |
| Total lemak (g) | 11,09 |
| Karbohidrat (g) | 0,41 |
| Kalsium/Ca (mg) | 64 |
| Bes/Fe (mg) | 3,65 |
| Magnesium/Mg (mg) | 13 |
| Fosfor/P (mg) | 226 |
| Kalium/K (mg) | 132 |
| Natrium/Na (mg) | 141 |
| Seng/Zn (mg) | 1,47 |
| Tembaga/Cu (mg) | 0,062 |
| Mangan/Mn (mg) | 0,038 |
| Selenium/Se (mkg) | 32,0 |
| Thiamin (mg) | 0,069 |
| Riboflavin (mg) | 0,478 |
| Niasin (mg) | 0,070 |
| Asam Panthothenat (mg) | 1,438 |
| Vitamin B6 (mg) | 0,143 |
| Kolin (mg) | 263,4 |
| Vitamin B12 (mkg) | 1,58 |
| Vitamin A (IU) | 543 |
| Vitamin E (mg) | 1,08 |
| Vitamin K (mkg) | 0,3 |
| Kolesterol (mg) | 844 |
| Lutein+zeaksantin (mkg) | 369 |
Sumber: USDA (2007)
[sunting] Cathetan Suku
- ↑ a b Soeseno, Ari. 1993. Burung Hias Aneka Jenis dan Perawatannya. Jakarta: PT. Penebar Swadaya. Hal 197
- ↑ a b c d e Klub Burung(dipunundhuh tanggal 06 Maret 2011)
- ↑ a b c d e f g Telur Puyuh Baik Bagi Semua(dipunundhuh tanggal 07 Mei 2011)
- ↑ a b c d Sentrapuyuh(dipunundhuh tanggal 7 Mei 2011)
- ↑ Telur Burung Puyuh(dipunundhuh tanggal 7 Mei 2011)