Manuk Cucak kuricang
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 71 dinten 619 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Cucak Kuricang | |
|---|---|
| Status konsèrvasi | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Aves |
| ordo: | Passeriformes |
| kulawarga: | Pycnonotidae |
| Genus: | Pycnonotus |
| Species: | P. atriceps |
| Jeneng binomial | |
| Pycnonotus atriceps Temminck, 1822 |
|
Cucak kuricang (Pycnonotus atriceps) yaiku anggota familia merbah, cucak, lan sejenisé ing ordo passeriformes. Déwéké ditemukaké ing alas-alas Asia Tenggara. Utamané, wuluné kuning zaitun kanti ndas biru-ireng mengkilap.
Bab lan Paragraf |
Dèskripsi awak lan suwara [sunting]
Ukuran awaké sedeng (17 cm),[2] déwéké arupa anggota kanti ukuran awak paling cilik ing antarané jenis kutilang liya. Senajan mengkono, cucak kuricang nduwéni wulu kang akèh warnané.[3]
Warnané kekuningan kanti ndas ireng berkilau lan tenggorokan ireng. Awak bagiyan nduwur zaitun-kekuningan, swiwi keirengan, buntut uga keirengan ananging ana warna kekuningan kang mencolok ing pucuk-pucuké. Awak bagiyan ngisor kuning-rodok ijo. Iris warnané biru-pucet, cucuké ireng, lan sikilé coklat.[2][4]
Ananging, bédané karo Cucak Kuning ing wuluné, cucak kuricang nduwéni wulu luwih sithik ketimbang cucak kuning lan warnané kuning zaitun. Wondéné, cucak kuning sakliyané nduwé wulu kang luwih akèh ketimbang cucak kuricang, matane warnané putih wondén wetengé warnané kuning jelas.[5]
Suwarane apik banget, senajan ora gedhi kaya suwara kutilang biasa, utawa crocok lan cucak jenggot. Suwarane amung siulan lirih lan krungu tajem,[3] yaiku "cip” kang rame tajem. Kicauan khas kang kgolong saka deretan “ciip” lan “ciik” sarta variasine.[2]
Persebaran lan habitat [sunting]
Ana ing India wétan-laut, Asia Tenggara, Palawan, Semenanjung Malaya, lan Sunda Besar.[6]
Déwéké iso katemokaké ing pinggiran alas , alas udan sekunder kang terbuka lan terpencil, sarta ing semak belukar ing pinggiran panté. Déwéké iso ditemukaké ing keduwuran 900mdpl.[2][3] Ananging, ana ing Sumatra, déwék isa ditemukaké ing keduwuran nganti 1200 mdpl.[7]
Subspèsiès [sunting]
Ing ngisor iki yiku subspésiès saka cucak kuricang:[2]
- atriceps (Temminck, 1822): Bangladesh bagiyan wétan (Sylhet lan Chittagongs), India bagiyan timur laut, Myanmar (kajaba bagiyan lor) lan China bagiyan kidul (Yunnan bagiyan barat daya) ngnti Thailand bagiyan kidul, Kamboja bagiyan barat daya, Laos bagiyan kidul, Vietnam bagiyan kidul, Semenanjung Malaya lan Sunda Besar, lan Filipina bagiyan kulon (Calauit, Dumaran, Palawan).
- hyperemnus (Oberholser, 1912): Pulo-pulo ing kulon Pulo Sumatra (Pulo Simeulue, Pulo Nias, lan Kepulauan Mentawai).
- baweanus (Finsch, 1901): Pulau Bawean ing lor Pulau Jawa.
- hodiernus (Bangs & J. L. Peters, 1927): Pulau Maratua ing ujung wetan Pulau Kalimantan.
Kebiasaan [sunting]
Cucak kuricang biasa mabur ing sakcepaké wit kang duwur, Senajan dèwèké kerep mudun marang ngisor wit.[8] dèwèké kerep ketok bebarengan cucak liyané kanggo nggolèk pakan bebarengan lan pakanané yaiku buah lan memangsa kéwan cilik.[7] Kadang uga, dèwèké dewe utawa nggawe kelompok cilik.[7][3][2]
Susuhé bentuké cawan kang ora rapi,saka batang paku-pakuan, serat suket, godhong, lan bahan liya, direkataké kanti susuh gorogati, ing ing pang kang cepak saka lemah. Endog warnane rodok jambon, ana bintiké ungu, lan jumlahe 2-3 iji. dèwèké berkembangbiak ing wulan Oktober, Januari lan Maret-Mei.[4]
Basa liya [sunting]
- Basa Ceko:bulbul černohlavý[9]
- Basa Jerman: Schwarzkopfbülbül[9]
- Basa Spanyol:Bulbul de Cabeza Negra[9]
- Basa Finlandia:mustahuppubulbuli[9]
Cathetan Sikil [sunting]
Catatan bawah
- ^ BirdLife International (2004). Pycnonotus atriceps. 2006 IUCN Red List of Threatened Species. IUCN 2006. Diakses 12 May 2006. Database entry includes justification for why this species is of least concern
- ^ a b c d e f Kutilang Indonesia, Cucak Kuricang.
- ^ a b c d Turut 2010, hlm. 92.
- ^ a b SBW, Cucak Kuricang.
- ^ Strange 2001, hlm. 236-237.
- ^ FOBI, Pycnonotus atriceps.
- ^ a b c Strange 2001, hlm. 236.
- ^ Turut 2010, hlm. 93.
- ^ a b c d Avibase, Cucak Kuricang (Pycnonotus atriceps).
Bibliografi
- "Cucak Kuricang". Kutilang Indonesia. 27 December 2011. Archived from the original on 7 October 2012. http://www.webcitation.org/6BEBTjlL2. Retrieved 7 October 2012.
- Turut, Rusli (2010) (in Indonesia). Memelihara 42 Burung Ocehan Populer. Jakarta: Penebar Swadaya. ISBN 979-002-442-8.
- "Cucak Kuricang". Semarang Bird Web. Archived from the original on 7 October 2012. http://www.webcitation.org/6BEBZpgiv. Retrieved 7 October 2012.
- "Pycnonotus atriceps". Foto Biodiversitas Indonesia. Archived from the original on 8 October 2012. http://www.webcitation.org/6BGKsHm9j. Retrieved 7 October 2012.
- Strange, Morten (2001) (in Inggris). A Photographic Guide to the Birds of Indonesia [Panduan Fotografi Burung Indonesia]. Princeton University Press. ISBN 0-691-11495-1. http://books.google.co.id/books?id=S45LAyKrsAAC.
- "Cucak Kuricang (Pycnonotus atriceps) (Temminck, 1822)". Avibase. http://avibase.bsc-eoc.org/species.jsp?lang=ID&avibaseid=C72EC8C8A7DF7AC2. Retrieved 8 October 2012.
Pranala njaba [sunting]
| Wikispecies duwé informasi ngenani |