Malik bin Anas
| Ahli hukum Islam Zaman keemasan Islam |
|
|---|---|
|
Jeneng |
Mālik bin Anas bin Malik bin 'Āmr al-Asbahi |
|
Lair |
{{{birth}}} |
|
Aliran/tradisi |
|
|
Kawigatèn utama |
|
|
Gagasan wigati |
Evolusi Fiqh |
|
Mènèhi pengaruh marang |
Abu Hanifah, Abu Suhail an-Nafi, Ibnu Syihab al-Zuhri, Jafar as-Sadiq, dan Hisyam bin Urwah.[1] |
|
Kena pengaruh saka |
Abu Yusuf, Al-Syafi'i, Sufyan al-Thawri, Abdurrahman al-Awza'i[2], Qadi Iyad, Ibnu Rusyd, al-Qurtubi, Syihab al-Din al-Qarafi, Yusuf bin Tasyfin, Ibnu Khaldun, Usman dan Fodio |
Malik bin Anas yaiku sawijining ahli fikih lan ahli hadits kang banget ngormati hadits-hadits Rasulullah Shallallahu 'alaihi wasalam. Para ulama uga ngakoni dheweke ahli hadits kang tangguh. Menawa dheweke menehi hadits marang sapa wae, dheweke wudhu dhisik banjur lungguh ing dhuwur klasa kanggo shalat kanthi khusyu' lan tawadhu'. Dheweke ora seneng menehi hadits sinambi ngadeg, ing tengah dalan utawa kesusu. Dheweke ora tau telat shalat jamaah, aktif niliki kanca-kancane kang lagi nandhang lara, lan nglakoni kewajiban liya.[3]
Dheweke kawentar amarga kapinteran, kashalihan, kaluhuran budine, lan kamulyan akhlake.[4]
[sunting] Nasab
- Al Ashbuhi; yaiku nisbah kanggo dzi ashbuh, saka Humair
- Al Madani; nisbah kanggo Madinah, negri kang dipanggoni.[5]
Jeneng jangkepe dheweke yaiku [[al-Imam Abu Ab-dillah Malik bin Anas bin Malik bin Abu Amir bin Amr bin Harits bin Ghaiman bin Khutsail bin Amr bin Harits Dzu Ashbah bin Auf bin Ma-lik bin Zaid bin Syaddad bin Zur’ah Himyar al-Ashghar al-Himyari banjur al-Ashbahi al-Madani. Ibuke yaiku Aliyah bintu Syarik al-Azdiyyah.[4]
Dheweke dikandhut ibuke suwene 3 taun lan silsilahe sarujuk marang Ya’rub bin Al Qaththan Al Asbahi. Mbahe yaiku Abu ‘Umar, sawijining sahabat kang asring melu perang kang ana ing jaman Rasulullah Shallallahu 'alaihi wa sallam kejaba perang Badar. Mbah kakunge yaiku sawijining tabi'in lan ahli fikih, lan salah siji saka 4 tabi'in kang jisime diusung dhewe dening Khalifah Usman bin Affan menyang kuburan.[3]
Paman-pamanne yaiku Abu Suhail Nafi, Uwais, Ar Rabi, An Nadhar, sing sakabehane anake Abu Amr.[6]
[sunting] Lair
Malik bin Anas lair taun 93 H ing Madinah.[4]
[sunting] Jeneng Putrane
- Yahya
- Muhammad
- Hammad.[3]
[sunting] Gelar
[sunting] Sifat-sifat
Malik bin Anas nduweni praupan kang gagah,kulite putih semu abang, gedhe dhuwur, jenggote akeh, klambine resik lan seneng werna putih, menawa nganggo imamah sebagian didokokake ing sangisore janggute lan pucuke ing antarane pundak.[4]
Dheweke asring nganggo lenga wangi saka misik lan liya-liyane.[4]
[sunting] Pendhidhikan
Dheweke ngangsu kawruh nalika isih umur welasan taun. Nalika umur 21 taun dheweke wis bisa menehi fatwa lan bermajelis. Akeh ulama kang njupuk ilmu riwayat saak dheweke nalika dheweke isih nom.[4]
Akeh kang ngangsu kawruh marang dheweke ing akhir kekhalifahane Abu Ja’far al-Manshur lan tambah akeh nalika jaman khilafah Harun ar-Rasyid tekan dheweke sedo.[4]
[sunting] Guru-gurune
- Nafi’ Maula Ibnu Umar
- Sa’id al--Maqburi
- Amir bin Abdullah bin Zubair
- Ibnul Munkadir
- az-Zuhri
- Abdullah bin Dinar, lan liya-liyane kang akehe luwih saka 1400 wong.[4]
[sunting] Murid-muride
Kang ngangsu kawaruh marang dheweke antara liya:
- abu Suhail bin Abu Amir
- Yahya bin Abu Katsir
- az-Zuhri
- Yahya bin Sa’id
- Ya-zid bin Had
- Zaid bin Abu Unaisah
- Umar bin Muhammad bin Zaid, lan liya-liyane.[4]
Murid-muride antarane:
- Ma’mar bin Rasyid
- Ibnu Juraij
- Abu Hanifah
- asy-Syafi
- Amr bin Harits
- al-Auza’i
- Syu’bah
- Sufyan ats-Tsauri
- Abdullah bin Mubarak
- Abdul Aziz ad-Darawardi
- Ibnu Abi Zinad
- Ibnu Ulayyah
- Ya-hya bin Abu Zaidah
- Abu Ishaq al--Fazari
- Muhammad bin Hasan asy-Syaibani
- Abdurrahman bin Qasim
- Abdurrahman bin Mahdi
- Ma’n bin Isa
- Abdullah bin Wahb
- Musa bin Thariq
- Nu’man bin Abdussalam
- Waki’ bin Jarrah
- Walid bin Muslim
- Yahya al-Qaththan, lan liya-liyane.[4]
Muride dheweke kang terakhir sedo yaiku perawi kitab al-Muwaththa’ Abu Hudzafah Ahmad bin Isma’i1 as-Sahmi, sing urip 80 taun sakwise al-Imam Malik.[4]
[sunting] Hadits kang Nandhakake Kautamane Dheweke
- Saka Abu Hurairah Rodhiallahu anhu, Rasulullah Sholallahu alaihi wasalam" ngendika: "Saktemene manungsa bakal mlaku adoh kanggo ngangsu kawruh, mula dheweke ora bakal ketemu wong alim kang luwih akeh ilmune dibandingake ulama Madinah." (Diriwayatke dening Nasa’i jroning Sunan Kubra 2/489 lan Ibnu Abi Hatim jroning Taqdimatul Jarh wat Ta’dil hal. 11-12 lan ngendikane adz-Dzahabi jroning Siyar 8/56: Ha-dits iki sanade resik lan matanne gharib).[4]
- Abdurrazaq bin Hammam ngendika:"Aku ndeleng dheweke yaiku Malik bin Anas (yaiku jroning sabdane Rasulullah Sholallahu alaihi wasalam: ... dheweke ora bakal ketemu wong alim kang luwih akeh ilmune dibandingake ulama Madinah.[4]
- Sufyan bin Uyainah ngendika: "Mbiyen aku ngomong dheweke yaiku Sa’id bin Musayyib banjur saiki aku ngomong mmenawa dheweke yaiku Malik kang ora ana tandhingane ing Madinah."[4]
- Abul Mughirah al-Makhzumi ngandhakake menawa makna hadits ing dhuwur yaiku saksuwene kaum muslimin ngangsu kawruh padha ora nemoni wong kang ilmune luwih akeh saka sawijining ulama ing Madinah.[4]
- Adz-Dzahabi ngendika: "Ora ana ing Madinah sawijining ulama sakwise tabi’in kang kaya Malik sajroning kailmuan, fiqh, lan apalan."[4]
[sunting] Fiqh lan Kailmuane Dheweke
- Al-lmam asy-Syafi’i ngendika: "Saumpama ora ana Malik lan lan Sufyan mula bakal ilang ilmu Hijaz."[4]
Al-Imam asy-Syafi’i uga ngendika: "Muhammad bin Hasan kancane Abu Hanifah:"Sapa kang luwih akeh ilmune jroning al-Qur’an, kanca kita (yaiku Abu Hanifah) utawa kancamu (yaiku Malik)?" Aku ngomong: Kanthi adil ? Dheweke ngendika: kancamu (yaiku Malik). Aku ngomong: Aku takon kanthi nyebut asma Alloh sapa kang luwih akeh ilmune jroning omongane para sahabat Rasulullah Sholallahu alaihi wasalam lan omongane para ulama mbiyen, sahabatku utawa sahabatmu? Dheweke ngomong: Sahabatmu (yaiku Malik):" Asy-Syafi’i ngendika: "Mula aku ngomong: Ora entek ilmune kejaba qiyas, qiyas yaiku analogi jroning pokok-pokok iki, wong kang ora mangerteni pokok-pokok iki, kanggo apa menawa arep dheweke ngiyasake?".[4]
- Abu Hatim ar-Razi ngendika: "Malik bin Anas yaiku wong kang tsiqah, imame wong-wong Hijaz, dheweke yaiku murid Zuhri. Menawa wong-wong Hijaz padha nyalahake Malik, mula kang bener yaiku Malik."[4]
- Al-lmam Ahmad bin Hanbal ngendika: "Malik bin Anas yaiku wong kang paling kuat saka manungsa jroning hadits."[4]
[sunting] Waspadhane marang menehi Fatwa
- Abu Mush’ab ngendika: "Aku krungu Malik ngomong: "Aku ora menehi fatwa tekan 70 wong menehi seksi menawa aku sing patut menehi fatwa."[4]
- Abdurrahman bin Mahdi ngendika: "Kita ana ing sisihe al-Imam Malik bin Anas, ujug-ujug ana wong teka karo ngendika: Aku teka saka jarak 6 wulan perdalanan. Wong-wong negeriku mrentah supaya aku nakokake sawijining masalah marang kowe. Al-Imam Malik ngendika: "Takonono!" Mula wong mau takon sawijining masalah. Al-Imam Malik njawab: "Aku ora bisa njawab." Wong mau kaget, kaya-kaya dheweke mbayangake menawa wis teka marang wong kang ngerti sakabehane, wong mau ngendika: "Banjur apa kang bakal tak kandhakake marang wong-wong sakbanjure aku bali saka kene?" Al-Imam Malik ngendika: "Ngomong wae menawa Malik ora bisa njawab."[4]
- Khalid bin Khidasy ngendika: "Aku teka marang Malik kanthi nggawa 40 masalah, dheweke ora njawab kejaba mung 5 masalah."[4]
[sunting] Malik bin Anas nggatekake marang Kitabullah
- Khalid al-Aili ngendika: "Aku durung nate weruh wong kang nggatekake Kitabullah luwih gedhe saka Malik bin Anas."[4]
- Abdullah bin Wahb ngendika: "Aku takon marang dulur wadone Malik bin Anas: "Apa kasibukane Malik ing omahe?" Dheweke njawab: "Mushaf lan tilawah."[4]
[sunting] Akal lan Adab
- Abdurrahman bin Mahdi ngendika: "Aku durung nate weruh ahli hadits kang luwih apik akale kejaba Malik bin Anas."[4]
- Abu Mush’ab ngendika: "Aku durung nate weruh Malik akon wong-wong supaya ngadeg, dheweke mung ngendika: “Menawa kowe gelem, muliho”[4]
- Abdullah bin Wahb ngendika: "Kang tak jupuk saka adabe Malik luwih akeh saka ilmune."[4]
[sunting] Ittiba’
- Abdullah bin Wahb ngendika: "Aku krungu Malik ditakoni sawijining masalah slempitan driji-driji sikil nalika wudhu, mula dheweke ngendika: "iku ora disyari’atke kanggo manungsa." Abdullah bin Wahb berkata: "dheweke tak menengake tekan sepi saka wong banjur aku ngomong:"Kita nduweni hadits babagan iku." Mula dheweke ngendika: "Apa kuwi?" Aku ngomong: "Wis dikabarake Laits bin Sa’d, Ibnu Lahi’ah, lan Amr bin Harits saka Yazid bin Amr al-Ma’afiri saka [[Abu Abdirrahman al-Hubulli dari Mustaurid bin Sy-addad al-Qurasyi] dheweke ngendika: "Aku weruh Rasulullah Sholallahu alaihi wasalam ngosok slempitan driji sikile nganggo jenthikke." Malik ngomong: "Hadits iki hasan, aku durung nate krungu kejaba saiki." Abdullah bin Wahb ngendika: "Banjur aku krungu Malik ditakoni masalah iku lan dheweke mrentah supaya ngosok slempitan driji sikile nalika wudhu."[4]
[sunting] Ukara Hikmah
Al-Imam Malik ngendika: "Aja njupuk ilmu saka wong papat iku:
- Wong budheg kang ngetokake budhege sanajan dheweke paling akeh riwayate,
- Ahli bid’ah kang ngajak marang hawa nafsune,
- Wong kang biasa ngapusi nalika ngomong sanajan aku ora nudhuh dheweke ngapusi jroning hadits,
- Wong shalih kang akeh ngibadahe menawa dheweke ora apal hadits kang diriwayatke."[4]
- Al-Imam asy-Syafi’i ngendika: "al-Imam Malik menawa ditekani dening ahli bid’ah, dheweke ngendika: "Aku ana ing sakdhuwure kajelasan saka agamaku, nanging kowe wong kang isih ragu, lunga lan debatana marang wong kang ragu kaya kowe!”[4]
- Ja’far bin Abdullah ngendika: "Kita ing sisihe Malik, ujug-ujug ana wong ngomong: "Abu Abdillah, Alloh ana ing dhuwur ’Arsy, piye istiwa iku?" Malik nesu ngungkuli nesune marang pitakonan wong mau. Dheweke ndeleng lemah banjur dicocok nganggo kayu nganti kringete dleweran. Banjur dheweke njunjung sirahe lan mbuang kayu mau sinambi ngendika: "Kaifiyyat saka istiwa ora dimangerteni, istiwa dudu perkara kang majhul, iman marang istiwa hukume wajib, lan takon babagan kai-fiyyatnya hukume bid’ah, lan aku nduga kowe ahli bid’ah. "Mula wong mau ditokake saka majelis.[4]
[sunting] Cobaan
- Ibnu Jarir ngendika: "Malik nate dicambuk."
- Muhammad bin Umar ngendika: "Sakwise kadaden iku, Malik sansaya munggah drajate ing ngarepe manungsa."
- Adz-Dzahabi ngendika: "Iki woh saka ujian kang apik, bakal njunjung ing sisihe wong-wong kang ana imane."[4]
[sunting] Pendhapat Ulama
- Imam Asy Syafi’i : " Menawa dikandhakake hadits, mula Imam Malik yaiku bintange, lan menawa dikandhakake babagan ulama, mula Imam Malik uga bintange. Ora ana wong kang dipercaya jroning ilmu Allah kejaba Imam Malik. Imam Malik lan Ibnu 'Uyainah yaiku wong kang mumpuni ing babagan ilmu ilmu Allah. Saumpama wong loro mau ora ana, mula bakal ilang ilmu wong-wong Hijaz."
- Imam Yahya bin Sa'id Al Qaththan lan Imam Yahya bin Ma’in menehi gelar Amirul Mu'minin fi Al Hadits.
- Al Bukhari ngandhakake menawa sanad kang dikandhakake ashahhul asanid yaiku menawa sanad iku ana Imam Malik, Nafi’, lan 'Abdullah bin 'Umar Radhiyallahli 'anhuma.
- Masyarakat Hijaz uga menehi gelar Sayyid Fuqaha 'il Hijaz.[7]
Dheweke uga dikenal ulama kang keras jroning nyekel pendhapate kang diyakini bener. Dheweke nate diadu marang Khalifah Ja’far bin Sulaiman dening pamane Khalifah dhewe. Dheweke ditdhuh ora sarujuk pembaiatan marang Khalifah. Miturut [Ibnu Al jauzi]], dheweke disiksa kanthi diukum cambuk ping 70 nganti ros lengen kiwa dhuwur nggeser saka sendine. Siksa iki amarga fatwa dheweke ora pas karo kekarepane Khalifah. Siksa mau dlakoni dening Khalifah supaya dheweke sansaya dikurmati dening ahli ilmu.[3]
[sunting] Al Muwaththa'
Kitab iki ditulis taun 144 Hijriyah saran saka Khalifah Ja’far Al Manshur nalika ketemu ing munggah kaji. Miturut panilitene Abu Bakar Al Abhari, jumlahe atsar Rasulullah Shallallahu 'alaihi wa sallam, sahabat, lan tabi'in kang ana jroning Al Muwaththa' ana 1720, kanthi rincian: kang musnad ana 600, kang mursal 222, kang mauquf ana 613, lan kang maqthu’ ana 285.[7]
[sunting] Tulisan-tulisan
Tulisan-tulisane yaiku:
- al-Muwaththa’
- Risalah fil Qadar kang dikirimake marang Abdullah bin Wahb
- an-Nujum wa Manazilul Qa-mar kang diriwayatke dening Sahn-un dari Nafi’
- Risalah fil Aqdhiyah
- Juz jroning Tafsir
- Kitabus Sir
- Risalah ila Laits fi ljma Ahlil Ma-dinah, lan liyane.[4]
[sunting] Madzhab Maliki
Imam Malik uga marisi mazhab fikih ing kalangan Islam Sunni, yaiku Mazhab Maliki. Sakliyane fatwa Imam Malik lan Al Muwatta', kitab-kitab kaya Al Mudawwanah al Kubra, Bidayatul Mujtahid wa Nihaayatul Muqtashid (karyane Ibnu Rusyd), Matan ar Risalah fi al Fiqh al Maliki (karyane Abu Muhammad Abdullah bin Zaid), Asl al Madarik Syarh Irsyad al Masalik fi Fiqh al Imam Malik (karyane Shihabuddin al Baghdadi), lan Bulgah as Salik li Aqrab al Masalik (karyane Syeikh Ahmad as Sawi), dadi rujukan utama mazhab Maliki.[8]
Mazhab iki uga kawentar amarga kemaslahatan jroning netepake hukum. Sumber hukum kang dikembangke jroning Mazhab Maliki yaiku Al-Qur'an, Sunnah Rasulullah SAW, amalane sahabat, tradisi masyarakat Madinah (amal ahli al Madinah), qiyas (analogi), lan al maslahah al mursalah.[8]
Mazhab Maliki nate dadi mazhab resmi ing Mekah, Madinah, Irak, Mesir, Aljazair, Tunisia, Andalusia (Spanyol), Marokko, lan Sudan. Kejaba ing Andalusia (Spanyol), Marokko, lan Sudan mazhab Maliki sansaya ngurangi.[8]
[sunting] Wafat
Al-Imam Malik sedo tanggal 14 Rabi’ul Awwal taun 179 H ing Madinah ing umur 89 taun.[4] Jisime dikubur ing kuburan Baqi.[6]
[sunting] Cathetan Suku
- ↑ MuslimHeritage.com - Topics
- ↑ The Origins of Islamic Law: The Qurʼan, the Muwaṭṭaʼ dan Madinan ʻAmal, hal. 16
- ↑ a b c d (id)[1] Malik bin Anas (diaksés tanggal 28 September 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah ai (id)[2] Malik bin Anas (diaksés tanggal 28 September 2011)
- ↑ (id)[3] Malik bin Anas (diaksés tanggal 28 September 2011)
- ↑ a b c (id)[4] Malik bin Anas (diaksés tanggal 28 September 2011)
- ↑ a b (id)[5] Malik bin Anas (diaksés tanggal 28 September 2011)
- ↑ a b c (id)[6] Malik bin Anas (diaksés tanggal 28 September 2011)