Ibnu Khaldun

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Ibn Khaldun

Patung Ibn Khaldun ing Tunisia
Jeneng pepak Ibn Khaldun
Lair 27 Mei 1332 AD / 732 AH ing Tunisia
Pati 19 Maret 1406 AD / 808 AH ing Kairo
Era Éra abad patengahan
Wilayah MSarjana Muslim
Pendhidhikan Maliki madhab
Kawigatèn utama Sosiologi, Ékonomi
Gagasan wigati Asabiyyah

Ibnu Khaldun jeneng jangkep: Abu Zayd 'Abd al-Rahman ibn Muhammad ibn Khaldun al-Hadrami (عبد الرحمن بن محمد بن خلدون الحضرمي) lair 27 Mei 1332/732H, séda 19 Maret lan tilar donya 1406/808H) yaiku sawijining sejarawan lan bapak sosiologi Islam kang apal Al-Qur'an sakawit cilik. Dhèwèké uga ahli pulitik Islam, ditepungi dadi bapak Ékonomi Islam, amarga pamikiran-pamikirané babagan téori ékonomi kang logis lan réalistis wis dijabarké adoh sadurungé Adam Smith (1723-1790) lan David Ricardo (1772-1823) njabaraké téori-téori ékonominé.

Nalika remaja, tulisan-tulisané wis nyebar. Tulisan-tulisan lan pamikiran Ibnu Khaldun lair amarga sinauné kang banget jeroné, ngamat-ngamati masarakat kang ditepungi kanthi èlmu lan kawruh sing amba, sarta dhèwèké urip ing satengahing masarakat mau.

Lair[sunting | sunting sumber]

lair ing Tunisia tanggal 1 Ramadhan 732 H, bareng karo tanggal 27 Mei 1332 M.[1]

Jeneng[sunting | sunting sumber]

Ibnu Khaldun, jeneng jangkepé yaiku Waliuddin Abdurrahman bin Muhammad bin Abi Bakar Muhammad bin al-Hasan.[2] Jeneng cilikké yaiku Abdurrahman, menawa ing kulawargané dhèwèké diceluk Abu Zaid, amarga dihubungké karo anak kang mbarep. Waliuddin yaiku kinurmatan lan kebesaran kang dianugerahké saka Raja Mesir nalika dhèwèké diangkat dadi Ketua Pangadilan ing Mesir.

Kulawarga[sunting | sunting sumber]

Miturut Ibnu Hazm ulama Andalusia kang séda taun 457 H/1065 M: Kulawarga Ibnu Khaldun saka Hadramaut ing Yaman, lan menawa diruntut silsilahé tekan marang sahabat Rasulullah kang misuwur ngriwayatké kurang luwih 70 hadits saka Rasulullah, yaiku Wail bin Hujr. Simbahé Ibnu Khaldun yaiku Khalid bin Usman, mlebu Andalusia (Spanyol) bareng-bareng karo paneluk mawa kabangsan Arab watara abad VII M., amarga kepincut karo kamenangan-kamenangan tentara Islam. Dhèwèké netep ing Carmona, kutha cilik ing satengahing 3 kutha, yaiku Cordova, Granada lan Seville, kang banjur dadi kutha pusat kabudayan Islam ing Andalusia. Bapaké Ibnu Khaldun jenengé Abu Abdullah Muhammad. Abu Abdulah Muhamad yaiku wong sing seneng karo donya pulitik.[3]

Pendhidhikan[sunting | sunting sumber]

Ibnu Khaldun éntuk pendhidhikan plajaran agama, basa, logika lan filsafat. Guruné yaiku bapaké dhéwé, sakwatara ngapalaké al-Qur’an, sinau fisika lan matématika saka ulama-ulama gedhé ing jamané. Ing antarané guru-guru Ibnu Khaldun yaiku Muhammad bin Saad Burral al-Anshari, Muhammad bin Abdissalam, Muhammad bin Abdil Muhaimin al-Hadrami lan Abu Abdillah Muhammad bin Ibrohim al-Abill]i.

Taun 1349 sakwisé sedané wong tuwané, Ibnu Khaldun arep pindhah menyang Maroko, nanging dicandhet déning kakangné. Taun 1354 Ibnu Khaldun nembé bisa lunga menyang Marokko, ing kana Ibnu Khaldun ngrampungaké pendhidhikané. Saksuwéné nglakoni pendhidhikan ing Marokko, ana 4 èlmu kang disinaoni tenanan, yaiku: Klompok basa Arab kaya: Nahwu, shorof, balaghoh, khitabah lan sastra. Klompok èlmu syari’at kaya: Fiqh (Maliki), tafsir, hadits, ushul fiqh lan ilmu al-Qur’an. Klompok èlmu ‘aqliyah (èlmu-èlmu filsafat) kaya: filsafat, mantiq, fisika, matématika, falak, musik, dan sajarah. Klompok èlmu kanegaran kaya: èlmu administrasi, organisasi, ékonomi lan pulitik. Ibnu Khaldun ora tau mandheg sinau, kaya kang dikandhakaké Von Wesendonk: ing sakdawané urip tekan sedané, Ibnu Khaldun kanthi tenanan golèk èlmu. Saéngga lumrah menawa kanthi kalantipan uteké uga didhukung kekarepan kuwat kanggo dadi wong kang alim lan arif, mung butuh wektu kurang saka seprapat abad Ibnu Khaldun wis bisa nguwasani pirang-pirang èlmu kawruh.

Karya[sunting | sunting sumber]

Kitabé sing misuwur banget yaiku al-Muqaddimah (“Pendahuluan”) yaiku kitab paling gedhé (“masterpiece”e) ing sajroning persuratan babagan sejarah, falsafah lan sosiologi, kalebu pendhidhikan.[4]

Téma utama saka kitab kang “monumental” iki yaiku kanggo ngicim kasunyatan-kasunyatan psikologi, ékonomi, alam sakupengé, lan kamasarakatan kang nyekel peranan ing prosès majokaké peradaban manungsa lan sejarahé. Dhèwèké gawé analisis ing dinamika hubungan kumpulan-kumpulan lan nidhokaké kepiyé kesetiakawanan, utawa perpaduan sosial (al’-asabiyyah) nglairaké tamadun anyar lan kakuwasaan siasah.

Tilat donya[sunting | sunting sumber]

Ibnu Khaldun séda ing Kahirah, taun 1406. [5]

Cathetan sikil[sunting | sunting sumber]

  1. ^ (id)uin-suka.info, diaksès tanggal 20 Juli 2011.
  2. ^ (id)hendria.com, diaksès tanggal 20 Juli 2011.
  3. ^ (id)riwayat.net, diaksès tanggal 20 Juli 2011.
  4. ^ (id)id.shvoong.com, diaksès tanggal 20 Juli 2011.
  5. ^ (id)traditionalislam.freeservers.com, diaksès tanggal 20 Juli 2011.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Ibnu_Khaldun&oldid=831473"