Kembang srengéngé

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Kembang srengéngé
Klasifikasi èlmiah
krajan: Plantae
(unranked): Angiospermae
(unranked): Eudicots
(unranked): Asterids
ordo: Asterales
kulawarga: Asteraceae
Subkulawarga: Helianthoideae
Suku: Heliantheae
Genus: Helianthus
Species: H. annuus
Jeneng binomial
Helianthus annuus
L.

Kembang srengéngé (Helianthus annuus L.) arupa tanduran sausum saka suku kenikir-kenikiran (Asteraceae) sing populèr, minangka pethètan uga tanduran pangasil lenga. Kembangé khas banget: gedhé, biasané awarna kuning padhang, kanthi sirah kembang kang gedhé (dhiameter bisa tekan 30cm). Kembang iki sakbeneré kembang majemuk, kasusun saka atusan nganti éwonan kembang cilik ing sabongkol. Kembang srengéngé uga duwé prilaku khas, yaiku kembangé tansah madhep arah srengéngé utawa heliotropisme. Jeneng kembang iki ing Indonésia béda-béda saka dhaérah siji lan sijiné. Sacara umum jroning Basa Indonésia diarani Bunga Matahahari, déné ing dhaérah Acèh jenengé Bungong mata hurai, ing basa Minangkabau: Bunga panca matohari, jroning basa Melayu: Kembang matahari, ing Basa Sundha: Kembang sarengenge, ing Basa Madura: Kembang mata are, lan ing Rote disebut: Bunga ledomata. Wong Prancis nyebut tournesol utawa "panglana srengéngé". Senadyan mangkono, sifat iki disingkiraké ing manéka kultivar anyar kanggo prodhuksi lenga amarga ngentèkaké akèh energi lan ngurangi asil.

Pamerian[sunting | sunting sumber]

Tanduran terna sausum sing asalé saka Amérika Tropik bagéyan lor (Meksiko), dhuwur 3m tekan 5m gumantung varietasé. Godhong tunggal amba. Wité biasané dituwuhi rambut kasar, jejeg, arang duwé pang.

Kembang kasusun majemuk. Ana rong tipe kembang: kembang pinggir utawa kembang ilat sing nggawa siji kelopak gedhé awerna kuning ngejrèng lan steril, lan kembang tabung sing fertil lan ngasilaké wiji. Kembang tabung iki gunggungé bisa nganti 2000 kuntum jroning satundhun kembang. Panyerbukan kabuka (silang) lan dibantu déning srangga. Ing dina sing cerah, tundhun kembang majemuk nurut obah dinan srengéngé (asal jeneng tanduran iki), sing gejalané diarani heliotropisme. Tanduran éntuk kauntungan 10% luwih fotosintesis marga obahé iki.

Wijiné duwé tipe "achane". Ing tipe iki, woh lan wiji ora bisa kanthi gampang dibédakaké.

Genom kembang srengéngé[sunting | sunting sumber]

Genom kembang srengéngé (Helianthus annuus) iku diploid mawa gunggung kromosom dhasar 17 lan ukuran genom diprakirakaké 2871–3189 Mbp.[1] Sapérangan sumber ngeklaim ukuran sing bener watara 3.5 milyar pasang (luwih akèh sithik tinimbang genom manungsa).[2]

Modhèl matématika pranata kembang cilik[sunting | sunting sumber]

Ilustrasi modhèl Vogel kanggo n=1 ... 500

Sawijining modhèl pola kuntum ing ndhas kembang srengéngé diusulké déning H. Vogel nalika taun 1979.[3] Iki ditelakaké jroning koordinat polar

r = c \sqrt{n},
\theta = n \times 137.5^{\circ},

ing endi θ iku sudhut, r iku jari-jari utawa let saka pusat, lan n iku nomer indeks saka kembang cilik lan c iku faktor skala konstan. Iki arupa wangun spiral Fermat. Sudhut 137.5° iku kakait karo rasio emas lan mènèhi tatanan cerak kuntum. Modhèl iki wis dipigunakaké kanggo mrodhuksi representasi grafis komputer kembang srengéngé.[4]

Klompok budidaya[sunting | sunting sumber]

Wiji kembang srengéngé

Ana patang klompok budidaya kanggo kembang srengéngé sing dibédakaké adhedhasar kagunaané. Kultivar sing dirakit biasané diarahké ing salah siji kagunan tinentu waé.

  • Klompok pangasil lenga, dimupangataké lenga wijiné. Wiji klompok iki duwé cangkok wiji sing tipis. Kandhutan lengané watara 48% tekan 52%. Kanggo ngasilaké sakliter lenga diperlokaké wiji saka kira-kira 60 tundhun kembang majemuk.
  • Klompok pakan kéwan ingon, dipanèn godhongé minangka pakan utawa rabuk ijo.
  • Klompok tanduran hias, sing duwé werna kelopak manéka lan duwé akèh pang ngembang.
  • Klompok kuaci, kanggo dipanèn wijiné minangka bahan pangan.

Budidaya[sunting | sunting sumber]

Kebon kembang srengéngé ing Šumadija, Serbia

Sajarah[sunting | sunting sumber]

Tanduran iki wis dibudidayakaké déning wong-wong Indian Amérika Lor wiwit èwonan taun kepungkur. Nuli nyebar menyang Amérika Kidul lan dadi salah siji sumber pangan kanggo warga Inka. Sawisé panaklukan déning wong Eropah, kembang srengéngé ditepungaké menyang Eropah lan manéka penjuru donya liyané nalika abad kaping 16. Wiwit abad kaping 17 wijiné dipigunakaké jroning campuran roti utawa diolah minangka pangganti kopi sarta coklat. Panggunaané minangka sumber lenga wiwit dirintis ing abad kaping 19.

Budidaya[sunting | sunting sumber]

Kembang srengéngé seneng lemah sing subur lan anget. Tanduran iki seneng swasana sing cerah. Ngèlingi asalé, tanduran iki cocok tuwuh ing papan mawa iklim subtropik. Ing dhaérah tropika asilé dhuwur yèn ditandur ing dhataran dhuwur. Ing dhaérah mawa iklim sedheng kayadéné Eropah, tanduran iki mung bisa ditandur nalika usum semi tekan usum gugur lan kudu dilirwakaké kena frost.

Karapetan tandur biasané 60000 tekan 70000 tanduran saben ha.

Lenga kembang srengéngé[sunting | sunting sumber]

Kayadéné wis disinggung ing bagéyan klompok budidaya, pamupangatan kembang srengéngé utamané yaiku minangka sumber lenga, kanggo pangan uga indhustri. Minangka bahan pangan, lenga kembang srengéngé cocok dipigunakaké kanggo nggorèng, ngenthelaké, sarta campuran salad. Lenga kembang srengéngé sugih asam linoleat (C18:2), sawijining asam lemak ora jenuh sing becik kanggo kasehatan manungsa. Kawigatèn tèknik péngin lenga kanthi kadhar asam oleat sing luwih dhuwur lan ana uga kultivar kembang srengéngé sing ngasilaké lenga kanthi kualitas mangkono (ngandhut 80% tekan 90% asam oleat, sauntara kultivar kanggo pangan mung duwé 25% asam oleat).

Simbol budaya[sunting | sunting sumber]

Tournesols lukisan Vincent Van Gogh ing museum Galeri Nasional, London.

Kembang srengéngé arupa kembang nasional RRC lan Ukarina. Kembang iki uga kembang resmi negara bagéyan Kansas, Amérika Sarékat lan salah siji kembang kutha Kitakyushu, Jepang.

Kembang srengéngé asring dipigunakaké minangka simbol idéologi ijo, kayadéné mawar abang minangka simbol sosialisme utawa demokrasi sosial. Kembang srengéngé iki uga arupa simbol Vegan Society. Sakwéné abad 19, kembang dipigunakaké minangka simbol Gerakan Aesthetic.

Subjèk lukisan Van Gogh still life sing paling misuwur iku Kembang Srengéngé (seri lukisan).

Varietas[sunting | sunting sumber]

Manéka varietas kembang srengéngé (urut abjad):

  • American Giant Hybrid
  • Arnika
  • Autumn Beauty
  • Aztec Sun
  • Black Oil
  • Dwarf Sunspot
  • Evening Sun
  • Giant Primrose
  • Indian Blanket Hybrid
  • Irish Eyes
  • Italian White
  • Kong Hybrid
  • Large Grey Stripe
  • Lemon Queen
  • Mammoth Sunflower
  • Mongolian Giant
  • Orange Sun
  • Peach Passion
  • Peredovik
  • Red Sun
  • Ring of Fire
  • Rostov
  • Skyscraper
  • Soraya
  • Strawberry Blonde
  • Sunny Hybrid
  • Taiyo
  • Tarahumara
  • Teddy Bear
  • Titan
  • Valentine
  • Velvet Queen
  • Yellow Empress

Kasiat[sunting | sunting sumber]

Kembang iki nduwèni kasiat kanggo ngobati wong sing nandang lara mriang (demam) lan busung lapar[5].

Rujukan[sunting | sunting sumber]

  • Brosur Sonnenblume: 3 Minute Info saka i.m.a e.V. Jerman.

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]