Tropisme
Tropisme yaiku pergerakan ing pertumbuhan sel (umume ing sel tanduran) kang nyebabake pergerakan organ tanduran utuh anuju utawa ngadohi sumber rangsangan (stimulus).[1] yen pergerakan pertumbuhan anuju arah sumber rangsangan, proses mau diarani tropisme positif, dene pergerakan pertumbuhan kang ngadohi sumber rangsangan diarani tropisme negatif.[1] Sacara etimologis, tropisme saka basa Yunani "tropos" kang ateges "mubeng".[1] saiki wis tinemu macem-macem tropisme adhedhasar sumber stimulus utawa rangsangane.[1]
Jenis-jenis tropisme [sunting]
Fototropisme Fototropisme yaiku pergerakan pertumbuhan tanduran kang diprabawani dening rangsangan cahya.[1] Tuladhane fototropisme yaiku pertumbuhan koleoptil rumput anuu arah tekane cahya.[1] Koleoptil minangka godhong wiwitan kang urip saka tanduran monokotilkang duweni fungsi minangka pelindung lembaga kang lagi thukul.[1] Hipotesis nyebutake menawa kedadeyan iki disebabake dening kecepatan dawane sel-sel luwih jelas amarga anane penybaran aksin kang ora rata saka pucuking tunas. [1]Hipotesis liyane kandha menawa pucuk tunas minangka fotoreseptor kang micu respons pertumbuhan.[2] Fotoreseptor yaiku molekul pigmen kang disebut kriptokrom lan sensitif banget marang cahya biru.[2] Nanging, para ahli yakin menawa fototropisme ora mung diprabawani dening fotoreseptor, nanging uga diprabawani dening macem-macem hormon lan jalur signaling.[2]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c d e f g (en)Campbell NA, Reece JB (2004). Biology, 7th Edition. Benjamin Cummings. ISBN 978-0-8053-7146-8.
- ^ a b c (en)Craig W. Whippo (2006). "Phototropism: Bending towards Enlightenment". The Plant Cell 18: 1110-1119. http://www.plantcell.org/cgi/content/full/18/5/1110.pdf.