Jambé
| Wit Jambe | |
|---|---|
| Lukisan saka Koehler | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Liliopsida |
| ordo: | Arecales |
| kulawarga: | Arecaceae |
| Genus: | Areca |
| Species: | A. catechu |
| Jeneng binomial | |
| Areca catechu L. |
|
Jambé uga diarani pinang, wohan, penang. Jeneng latiné Areca catechu L.. [1] Ing saben dhaérah, pinang nduwèni jeneng kang werna-werna.[1] Ing Jawa Kulon diarani jambé, penang utawa wohan.[1] Ing Sumatra diarani pinang, pineng, pineung, batang mayang, batang bongkah, batang pining, batang pinang, lan boni.[1]
Jambé biyasané thukul ing latar omah, ing pinggir dalan utawa kali.[1] Jambé uga dimupangataké kanggo kaéndahan kutha lan kanggo penghijauan.[1]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Dhèskripsi
Wit jambé dhuwuré 10-30 méter lan bentuké kang éndah cocok kanggo hiasan. [1]
[sunting] Panangkaran
Jambé bisa ditangkaraké kanthi nandur wijiné kang wis mateng utawa tuwa.[1] Sadurungé wiji ditandur, wiji luwih dhisik ditandur ing plastik utawa kang biyasa diarani polybag.[1] Nalika isih cendhèk, wit pinang kena kanggo hiasan omah. Sawisé gedhé, wit jambé banjur ditandur ing njaba omah.[1]
[sunting] Kagunan
Jambé wis dimupangataké masarakat Indonésia wiwit jaman biyèn.[1] Jambé dienggo campuran mangan suruh utawa nginang.[1] Wong kang mangan jambé bisa nduwèni untu kang kuwat sanajan wis tuwa.[1]
Jus woh jambé kang isih nom bisa ningkataké stamina utawa vitalitas wong lanang.[2] Kanggo nétralisir rasa pait ing jus woh jambé bisa nganggo gula pasir.[2] Carané woh jambé dipisah saka kulité banjur dicampur karo kuning endhog pitik kampung utawa endhog bèbèk.[2] Sadurungé di blènder dicampur karo madu kang cacahé telung sendok lan susu kenthel kang rasané legi.[2] Jus woh jambé banjur disaring ampasé. [2] Jus woh jambé iki uga cocok yèn diombé kaum manula.[2]
Wiji lan woh pinang uga kena dimupangataké kanggo pangobatan.[1] Wiji pinang kena kanggo nambani panyakit beri-beri, cacingen, weteng kembung, tatu, diare, watuk riak.[1] Godhongé kena kanggo bungkus panganan. Sepet jambé kena kanggo tamba beri-beri, sembelit, lan gangguan pancernan.[1] Woh pinang kang isih enom kena kanggo tamba tatu kang disebabaké kacilakan.[1]
[sunting] Chatetan sikil
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.