Suruh
| Godhong Suruh | |
|---|---|
| Godhong suruh | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| (unranked): | Angiospermae |
| (unranked): | Magnoliidae |
| ordo: | Piperales |
| kulawarga: | Piperaceae |
| Genus: | Piper |
| Species: | P. betle |
| Jeneng binomial | |
| Piper betle L. |
|
Suruh (jeneng Latiné Piper betle. L) yaiku kalebu jenis godhong-godhongan kang uripé ngrambat. [1] Suruh kalebu tanduran asli Indonésia kang uripé ngrambat ing watang utawa bonggol wit liyané [2]. Minangka budaya godhong lan wohé, biasa dipangan kanthi cara mamah bareng gambir, pinang lan kapur. Ananging, mamah suruh wis dikaitaké karo penyakit kanker tutuk lan panyusunan squamous cell carcinoma kang nduwèni sifat malignan.[2]
Suruh kang digunakaké, minangka tanduran obat (fitofarmaka); nduwèni peranan kang wigati banget ing kauripan uga upacara adat rumpun Melayu.[2]
Jenisé suruh kuwi ana suruh ijo lan suruh abang.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Dasanama
Godhong iki nduwé jeneng béda-béda ing saben panggonan, yaiku suruh utawa sedah (Jawa), seureuh (Sunda), ranub (Aceh), belo (Batak Karo),cambai (Lampung), uwit (Dayak), base (Bali), nahi (Bima), gapura (Bugis), mota (Flores), afo (Sentani). [1] Ing Cina, godhong suruh nduwéni jeneng ju jiang. [1] Saliyané iku, ing Prancis suruh diarani betel lan ing Portugal diarani betel, betelhe, lan vitele. [3]
[sunting] Wujud
Tanduran ngrambat iki bisa nduwèni dhuwur nganti 15 m.[2] Bongol suruh, warnané coklat semu ijo, bentuké bunder, nduwèni ros lan kalebu panggonan metuné oyot.[2] Godhongé kang tunggal mbentuk jantung lan rada kasar[1], pucuké lancip, uripé selang-seling, nduwèni gagang, lan metu ambuné kang ora sedhep yèn diremes. [2] Dawané watara 5-8 cm lan ambané utawa jembaré 2-5cm.[2] Kembangé majemuk utawa akèh, lan nduwèni bentuk bulir lan ana godhong pelindhung ± 1 mm kang bentuké bunder dawa.[2] Ing bulir jantan utawa lanang, dawané watara 1,5-3 cm lan ana benang sari loro kang cendhèk tinimbang ing bulir betina utawa wédok dawané watara 1,5-6 cm ing ngendi ana kepala putik telu kanthi lima iji, kang warnané putih lan ijo semu kuning.[2] Wohé woh buni mbentuk bunder, ana dagingé, lan wernané ijo semu klawu. Oyoté tunggang, bunder lan warnané coklat semu kuning.[2]
Wit suruh seneng urip ing panggonan kang jembar lan sempit, sing penting ana medhia kanggo rambatané. [1] Saliyané iku, wit suruh ora èntuk langsung kena matahari lan ora èntuk kakèhan banyu nalika disirami. [4] Wit iki bisa dikembangbiakakè kanthi cara stek ing salah siji gagangé. [1] Wit iki nduwé musuh ama kèong, bekicot cilik, lan semut. [4]
[sunting] Kandhutan
Wit suruh utawa sedah nduweni kandhungan kimia kang akeh, yaiku lenga atsiri, hidroksivacikol, kavicol, kavibetol, allypyrokatekol, akrvakrol, eugenol methyl ether, p-cymene, cineole, caryphyllene, cadinene, estragol, terpenena, sesquiterpena, fenil propane, tanin, diastase, gula, lan pathi. [1][5][4]
Lenga atsiri saka godhong suruh ngandhut lenga terbang (betIephenol), seskuiterpen, pathi, diatase, gula lan dat samak lan kavikol kang nduwèni daya matèni kuman, antioksidasi lan fungisida, anti jamur.[6].
[sunting] Kasiyat lan kagunan
Suruh nduwèni kasiyat ngilangaké ambu awak kang disebabaké bakteri lan cendawan.[6] Suruh uga bisa ngilangaké mambu ora énak ing tutuk lan nambani sariawan yèn banyu godhogan suruh dianggo kemu-kemu. Saliyané iku bisa nambani keputihan yèn banyu godhogan godhong suruh dianggo cèwok, nambani mimisen utawa getihen ing irung kanthi digulung lan dilebokaké ing irung kang mimisen, ngresiki mripat kang gatel kanthi nètèsaké banyu godhogan godhong suruh, nambani korèngen utawa gatel-gatel kanthi ngomprès korèngen utawa kang gatel-gatel mawa banyu godhogan godhong suruh, ngurangi kukul utawa ing basa Indonésia diarani jerawat yèn raup nganggo banyu godhogan banyu suruh, lan nguwataké untu yèn dimamah barengan karo gambir, pinang lan injet.[1][7] Saliyané iku, banyu godhogan godhong suruh bisa dadi obat anti radhang yèn banyuné diombé.[5]
Godhong suruh uga nduwèni sifat nahan panggetihan, marasaké tatu utawa borok ing kulit, lan gangguan saluran pancernan. Ora mung kuwi, suruh uga nduwèni sifat ngerutaké, ngetokaké dhahak utawa riyak, ngluruhaké widu, hemostatik, lan mandhegaké panggetihan. Biyasané kanggo obat irung getihen, dienggo 2 lembar godhong seger Piper betle, dikumbah, digulung banjur dilebokaké ing njero bolongan irung.[6] Ora mung kuwi, kandhutané bahan aktif fenol lan kavikol godhong suruh alas uga ana kang dimupangataké dadi pestisida nabati kanggo ngendhalèkaké ama pangisep.[6]
[sunting] Panelitèn
[sunting] Cina
Ing farmakologi Cina, sirih dikenal tanduran kang duwéni sifat anget lan pedes. [8] Mawa tradisional kabéh kuwi nggunakaké godhong sirih kanggo ngluruhaké kentut, mèndekaké watuk, ngurangi peradangan, lan nghilangaké gatel.[8] Ing pengobatan tradisional India, godhong sirih dikenal minangka zat aromatik kang ngangetaké, duwéni sifat antiseptik, lan uga ningkataké gairah seks.[8]
Karo sifat antiseptiké, sirih asring digunakaké kanggo marikaké borok ing sikil amarga ngandhut styptic kanggo nahan pendarahan lan vulnerary, kang marikaké borok ing kulit (mariaké kulit utawa sikil kaki).[8] Juga bisa dikunyah untuk memperbaiki suara penyanyi.[8]
[sunting] Cathetan sikil
- ↑ a b c d e f g h (id) Muhlisah, Fauziah. 2001. Taman Obat Keluarga. Jakarta: Panebar Swadaya. Hal 74-76. ISBN 979-489-308-0
- ↑ a b c d e f g h i j (id) [Mursito, B. dan Heru P. 2002. "Tanaman Hias Berkhasiat Obat", halaman 59-60. Jakarta. Penebar Swadaya]
- ↑ (id)Iptek.net
- ↑ a b c (id)[1]
- ↑ a b (id) Dalimarta, Setiawan. 2001. Jakarta: Panebar Swadaya. Hal 70 ISBN 979-489-560-1
- ↑ a b c d (id) [Sudarmo, S. 2005. "Pestisida Nabati, Pembuatan dan Pemanfaatannya", halaman 20. Yogyakarta. Penerbit: Kanisius]
- ↑ (id) Lembaga Penelitian Pengembangan dan Pemberdayaan Lingkungan. 2000. Pemanfaatan Tumbuh-Tumbuhan Alami untuk Kesehatan dan Pengobatan Alternatif. Jawa Tengah: Jaya Madani. Hal 17
- ↑ a b c d e (id) dipun unduh tanggal 14 April 2011