Baidoa
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Baidoa (basa Somali: Baydhabo) kuwi sawijining kutha ing sisih kidul Somalia, ndarbèni pedunung watara 132.000 jiwa (2006).[1] Kutha iki dumunung udakara 256 km saka Mogadishu lan minangka ibu kutha Kawasan Bay. Miturut sajarah, Baidoa dipanggoni déning rong klan, yakuwi klan Digil lan Mirifle.
Taun 1991, wektu Perang Sadulur Somalia diwiwiti, éwon cacahé warga Baidoa tilar donya akibat keluwèn lan kakurangan gizi.[2] Wektu iki pamaréntahan sementara Somalia manggon ing kutha iki amarga Mogadishu, ibu kutha negara, lagi dikuwasani déning klan-klan lan organisasi kang pada memungsuhan.
Referensi [sunting]
|
||||||||||||||||||||||