Bay, Somalia
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Bay (Basa Somali: Baay) kuwi sawijining dhaérah administratif (gobolka) ing tlatah kidul Somalia. Ibukuthané yaiku Baidoa. Dhaérah iki wewatesan karo dhaérah Bakool, Shabele Ngisor, Juba Tengah, lan Gedo.
[sunting] Pamérangan administratif
Dhaérah Bay kuwi dhaérah kang paling padhet pedunungé ing Somalia lan kabagi jroning distrik-distrik:
- Baidoa (ibukutha)
- Buurhakaba
- Diinsoor
- Qansaxdheere
- Berdaale
Baidoa biyèn minangka ibukutha dhaérah Juba Ndhuwur lawas, kang dumadi saka Bay, Gedo, Bakool lan mayoritas tlatah Juba Tengah (Jubbada Dhexe). Dhaérah kang ana saiki iki dirancang taun 1970-an déning rejim militèr.
[sunting] Demografi
Klan-klan kang ana ing tlatah iki:
Klan Rahanweyn kang dadi mayoritas pedunung:
- Siyeed
- Boqolhore
- Leysan
- Hariin
- Eelaay
- Garwaale
- Sagaal
- Hadame
- Luwaay
- Yantaar
- Hubeer
- Geelidle
- Eeyle
- Digil
- Dabarre
- Garre
-
- Reer Shabeelle
[sunting] Basa
Mayoritas pedunung nganggo basa Somali dhialek Afmaay. Uga akèh dianggo ing tlatah iki dhialek Afdabare lan Afgarre, uga dhialek Maxaatiri.
|
||||||||||||||||||||||