Adolf Hitler

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Bundesarchiv Bild 183-S62600, Adolf Hitler.jpg

Adolf Hitler (20 April 1889 - 30 April 1945) iku salah sijining dhiktator ing donya sing paling kejem. Dhèwèké tau mimpin negara Jerman saka taun 1933 nganti 1945. Hitler sing ngadegaké parté NSDAP utawa Nazi. Banjur ing pamilihan umum ing taun 1933 Hitler bisa menang dadi Kanselir Jerman. Dhèwèké dadi misuwur amerga nduwé karep nguwasani sa-Éropah lan ngembangaké bangsa Jerman supaya sumebar. Hitler nganggep yèn wong Yahudi iku mungsuhé wong Jerman. Hitler iku sing miwiti Perang Donya II ing Eropah. Nalika mimpin, akèh wong-wong sing dianggep asor ing Eropah kayata wong Yahudi, Slavia, Gipsi lan sabanjuré ditumpes. Sing tiwas ing Perang Donya II iki, nganti puluhan yuta jiwa, kalebu enem yuta wong Yahudi. Nalika ing pungkasaning Perang Donya II, rikala Berlin dikupengi Wadya Bala Abang, Uni Sovyèt, Hitler kawin resmi karo pacaré; Eva Braun. Ora nganti 24 jam manèh, loro-loroné padha sudhuk slira ing tanggal 30 April 1945 ing jero Führerbunker ("bunker Sang Pemimpin").

Latar wuri[sunting | sunting sumber]

Adolf nalika isih bayi

Mèh kabèh biografi Hitler nudhuhaké prabédan gedhé antara paruh kapisan lan kapindho uripé. Nganti umur kira-kira 30 taun, Hitler iku dudu apa-apa, tanpa perspèktif masa ngarep, tilas prajurit Perang Donya I sing gagal lan kuciwa tanpa sipat-sipat astamiwa. Nanging Hitler bisa dadi Kanselir Jerman lan dhiktator sing nguwasani sa-Éropah ing wanci sawetara taun waé lan malahan dayané bisa ngungkuli para pamimpin sadurungé lan sawisé.

Mangsa cilik[sunting | sunting sumber]

Adolf Hitler lair ing Braunau am Inn, Austria, minangka anak kaping papat saka anak enem. Bapakné Alois Hitler, (1837–1903), iku sawijining pegawé pabéyan. Ibuné Klara Pölzl, (1860–1907), iku bojo Alois sing katelu. Nanging Klara iku isih sanak-seduluré, dadi supaya bisa kawin, dhèwèké kudu olèh dispènsasi saka Paus dhisik. Saka putra Alois lan Klara sing enem cacahé, namung Adolf lan Paula sing urip nganti diwasa. Bapané Hitler, uga nduwé anak lanang, Alois Jr lan anak wadon, Angela saka bojoné sing kapindho.

Alois Hitler iku lair minangka bocah haram. Salawasé 39 taun, Alois nganggo jeneng ibuné Schicklgruber. Ing taun 1876, dhèwèké njupuk jeneng bapak kuwaloné, Johann Georg Hiedler. Jeneng iki ditulis Hiedler, Huetler, lan Huettler. Éjaan Hitler iku mbokmenawa salah tulisé sawijining juru tulis. Asal jeneng iki yaiku tembung Jermanik Hittler utawa sing mèmper lan tegesé kurang luwih "sing manggon ing gubug", "juru angon" utawa saka basa Slavik Hidlar lan Hidlarcek.

Propaganda sekutu eksploitasi jeneng marga (jeneng kulawarga) asliné Hilter nalika ing Perang Donya II. Akèh pamflèt sing disebar saka montor mabur ing kutha-kutha Jerman isiné ukara Heil Schicklgruber. Nanging sajatiné kepriyé waé Hitler resmi lair minangka Hitler lan dhèwèké uga ana gandhèngané karo Hiedler liwat mbah putriné saka ibuné, Johanna Hiedler.

Jeneng Adolf iku asalé saka basa Jerman Dhuwur Kuna kanggo "sregala priyayi" (Adel=priyayi + wolf=sregala). Dadi, salah sijiné peparabané Hitler iku Wolf utawa Herr Wolf, sing wis dienggo ing dasawarsa 1920-an lan utamané namung dienggo déning kanca-kanca cedhaké (kaya ta Oom Wolf déning kulawarga Wagner) nganti ambruké Reich ka-III. Jenengé sawetara markas gedhé Hitler saindhenging Eropah uga nyandhang jeneng "sregala" (Wolfsschanze "Susuh sregala" ing Prusia Wétan, Wolfsschlucht "Jurang sregala" ing Prancis, Werwolf "Sregala siluman" ing Ukraina lan sabanjuré). Déning kanca cedhaké lan para waris, Hitler diarani "Adi".

Minangka bocah cilik, Hitler tau ngomong yèn dhèwèké kerep dipecuti bapakné. Taunan sawisé dhèwèké tau celathu marang sekretarisé: "Banjur aku tékad nduwé kekarepan ora arep nangis manèh yèn bapaku mecuti aku. Pirang dina sawisé iku, aku duwé kasempatan kanggo mbuktèkaké kekarepku. Ibuku, sing wedi, mlayu ing ngarepe lawang. Aku dhéwé, meneng sinambi ngétung pecutan sing kena ing bokongku."

Simbah kakungé Hitler saka bapakné kamungkinan gedhé iku salah siji saka Johann Georg Hiedler utawa Johann Nepomuk Hiedler. Ana gosip yèn Hitler iku mbokmenawa seprapat Yahudi lan mbahé wadon, Maria Schicklgruber, tau meteng nalika nyambut gawé dadi réwang ing salah sijining kulawarga Yahudi. Gosip-gosip iki minangka pulitik temtuné bisa ngakibataké dampak sing gedhé kanggo Hitler sing ndarbéni paham anti-sémitik lan rasis. Mulané para lawan pulitik Hitler akèh sing nyoba mbuktèkaké yèn dhèwèké iku nduwé keturunan Yahudi utawa Ceko. Senadyan gosip-gosip iki ora tau bisa dibuktèkaké, kanggo Hitler kabèh iki mènèhi alesan cukup kanggo nutupi asal-usulé. Miturut Robert G. L. Waite ing The Psychopathic God: Adolf Hitler, Hitler banjur nglarang wong wadon Jerman nyambut gawé ing kulawarga Yahudi lan sawisé Anschluss utawa pancaplokan Austria, Hitler nggawé kutha klairan bapakné dadi papan latihan artileri. Waite celathu yèn olèhé Hitler kurang percaya dhiri iku luwih wigati tinimbang apa asal-usul Yahudiné bisa dibuktèkaké lawan-lawané apa ora.

Kulawarga Hitler kerep pindhah-pindhah, saka Braunau am Inn menyang Passau, Lambach, Leonding, lan Linz. Hitler nalika enom iku sawijining murid sing pinter ing SD. Nanging nalika ing taun kapisan SMP (Realschule) ing Linz, dhèwèké gagal lan kudu ngulang manèh. Guru-guruné celathu yèn dhèwèké "ora nduwé karep nyambut gawé". Salah siji kanca sekolahé Hitler ing Realschule iku Ludwig Wittgenstein, salah sijining filsuf paling wigati ing abad kaping 20. Sawijining buku déning Kimberley Cornish mènèhi kesan yèn konflik antara Hitler lan sawetara murid Yahudi, kaya ta Wittgenstein, iku mèlu mènèhi kagethingané Hitler marang wong Yahudi sing pungkasané nggawé Hitler dadi anti-sémitik.

Hitler dhéwé kandha yèn kegagalané ing sekolah iku merga dhèwèké mbaléla marang bapakné, sing kepéngin supaya dhèwèké dadi pegawé pabéyan. Nanging Hitler sajatiné kepéngin dadi pelukis. Hitler mbésuk kandha yèn dhèwèké sajatiné iku sawijining seniman sing ora dimangertèni. Kepriyé waé, nalika Alois tilar donya ing 3 Januari 1903, préstasi Hitler ing sekolah ora dadi luwih apik. Mawa umur 16 taun, Hitler jebol saka sekolah tanpa ijazah.

Ing Mein Kampf, Hitler kandha yèn tuwuhing rasa nasionalisme Jermané iku merga nalika remaja tau maca buku bapakné perkara Perang Prancis-Prusia sing nggawé dhèwèké dadi mikir lan takon kena apa bapaké lan wong-wong Jerman Austria liyané ora mèlu perang mbéla Jerman wektu kuwi.

Masa diwasa awal ing Wina lan München[sunting | sunting sumber]

Saka taun 1905 lan sabanjuré, Hitler urip kayadéné seniman ing Wina ing sawijining wisma yatim-piatu lan olèh tunjangan saka ibuné. Dhèwèké ditulak nganti ping loro nalika péngin mlebu Akademi Seni Murni Wina (1907-1908) mawa alesan "kurang cocog kanggo nglukis". Dhèwèké uga dikandhani yèn mbokmenawa luwih cocog studi arsitèktur. [1] Ing bukuné Hitler kandha mengkéné:

   
Adolf Hitler
Tujuan perjalananku iku kanggo studi galeri lukisan ing Museum Karajan, nanging aku sajatiné namung ndelengi gedhongé waé. Saka ésok nganti bengi, aku mlayu saka obyèk siji menyang obyèk liyané, nanging sing tak-senengi mesthi namung gedhongé waé."[2]
   
Adolf Hitler

Nuruti saran sekolahé, Hitler dhéwé yakin yèn iki pancèn dalan uripé, nanging dhèwèké ora nduwé ijazah kanggo kuliyah ing sekolah arsitèktur:

   
Adolf Hitler
Ing sawetara dina aku ngerti yèn sawijining dina aku arep dadi arsitèk. Pesthiné, angèl banget arep kuliyah iki amerga aku nglirwakaké sekolahku ing Realschule sing saiki diperlokaké banget. Aku ora bisa kuliyah ing akademi arsitektur tanpa nduwé ijazah. Aku ora bisa mencapai cita-citaku.[3]
   
Adolf Hitler

Ing 21 Desember 1907, ibuné Hitler tilar donya déning penyakit kanker payudara mawa umur 47 taun. Banjur Hitler dikon déning Pengadilan ing Linz supaya mènèhaké bagéyan tinggalan yatimé marang seduluré wadon, Paula. Nalika umur 21 taun, Hitler olèh warisan saka tantené. Dhèwèké rekasa dadi sawijining pelukis ing Wina, niru gambar-gambar saka kartu-kartu pos lan ngedol lukisané marang para dagang lan wisatawan.

Sawisé ditolak manèh kapindho ing Akademi Seni, dhuwité Hitler entèk. Ing taun 1909 Hitler urip ing omah panampungan kaum glandhangan. Banjur ing taun 1910, Hitler mondhok ing wésma wong-wong kéré Hitler celathu yèn dhèwèké nalika kapisan dadi wong anti-sémitik iku awalé ana ing Wina, (Mein Kampf, jilid 1, bab 2: "Taun studi lan kasengsaran ing Wina")</ref> sing nduwé komunitas Yahudi gedhé, kalebu wong-wong Yahudi Ortodoks sing August Kubizek, Hitler iku uwis dadi "anti-sémit sing tegas" sadurungé ninggalaké Linz, Austria.[4]

Wina nalika iku sawijining sarang prasangka tradisional religius lan rasisme abad kaping 19. Hitler bisa waé kena pengaruh anti-sémitisme déning polémik lan tokoh Austria lan Wina kala kuwi. Hitler dhéwé kandha ing Mein Kampf yèn transisiné saka wong sing ora sarujuk marang anti-sémitisme sing adhedhasar alesan agama dadi wong sing nyekuyung anti-sémitisme adhedhasar alesan rasial iku sawisé ndeleng sawijining wong Yahudi Ortodoks:

   
Adolf Hitler
Ing Linz namung ana sithik wong Yahudi. Ing salawasé abad, wong-wong Yahudi sing urip ing kana wis dadi kaya wong Eropah lan mèmper banget karo umat manungsa liyané nganti aku dhéwé nganggep kabèh iku wong Jerman. Alesané kena apa kala iku aku ora wruh absurditas ilusi kaya mengkono iku amerga siji-sijiné tandha jaba sing tak-wruhi mbédakaké wong Yahudi karo awaké dhéwé iku praktèk agamané sing anèh. Nalika aku nggagas wong Yahudi iku dikuya-kuya amerga kapercayané, aku dadi krasa gething sing tumuwuh mèh dadi rasa gila yèn krungu kritik pedhes sing ditujokaké marang wong Yahudi. Aku ora bisa weruh yèn ana barang kaya ta anti-sémitisme sistèmatik.

Ing sawijining dina, nalika mlaku ngliwati punjer kutha, ujug-ujug aku weruh fénoména iki ing jubah dawa lan nganggo kuncir ireng loro ing pipi. Pikiranku sing pisan iku: Apa iki wong Yahudi? Sing cetha ing Linz wong Yahudi ora kaya mengkéné rupané. Ati-ati lan meneng-meneng wong iku tak-delengi, nanging saya suwé tak-delengi patemon anèh iki lan sawisé tak-titèni ciri-ciri khasé, saya suwé pitakonan iki dadi muncul ing batinku: Apa iki wong Jerman?[5]

   
Adolf Hitler

Menawa crita iki bener, Hitler dadi jebulé ora tumindhak adhedhasar kapercayané sing anyar. Dhèwèké kerep mertamu mèlu mangan ing omahé kulawarga priyayi Yahudi lan sesrawungan karo para dagang Yahudi sing nyoba ngedolaké lukisané.[6]

Hitler mbokmenawa uga dipengaruhi déning karya Martin Luther Von den Juden und ihren Lügen ("Bab wong Yahudi lan dustané"). Prastawa Kristallnacht ("Wengi kristal") kadadéyan ing tanggal 10 November – dina ulang tauné Luther. Ing Mein Kampf, Hitler ngrujuk Martin minangka sawijining satriya agung, negarawan sejati, lan tokoh réformis agung, sesandhingan karo Wagner lan Friedrich Agung.[7] Wilhelm Röpke, sawijining sejarawan sing nulis bukuné sawisé Perang Donya II, narik kasimpulan yèn "wis jelas, Lutheranisme awèh pengaruh pulitik, spiritual lan sajarah sosial Jerman ing cara tartamtu nganti sawisé kabèh iku direnungaké, namung bisa diarani pancèn wis garisé."[8]

Hitler dhéwé kandha yèn wong-wong Yahudi iku mungsuhé wong Arya. Dhèwèké nganggep yèn wong Yahudi iku sing ndhalangi krisis ing Austria. Hitler uga nganggep sawetara wangun sosialisme lan bolshevisme sing nduwé akèh pemimpin Yahudi minangka gerakan Yahudi lan ngaworaké paham anti-sémitisme Hitler, karo kagethingané marang Marxisme.

Hitler uga narik kesimpulan saka kagègèran ing parlemèn negara Austria sing multi-kultural yèn sistèm démokrasi parlementèr iku ora apik. Senadyan mengkono, miturut August Kubizek, sing tau dadi kancané, Hitler luwih ketarik marang opera Wagner tinimbang pulitik.

Hitler olèh warisan pungkasan saka bapakné ing sasi Mei 1913 lan banjur pindhah menyang München. Dhèwèké nulis ing Mein Kampf yèn dhèwèké wis nityasa péngin urip ing sawijining kutha Jerman "sejati". Ing München, dhèwèké dadi luwih ketarik marang arsitèktur lan karya Houston Stewart Chamberlain. Saliyané iku olèhé pindhah menyang München uga ngréwangi kekarepe mlayu saka wajib militèr Austria. Wusanané wadya-bala Austria bisa nangkep Hitler. Sawisé ditliti sacara fisik dhèwèké dianggep ora cocog makarya ing wadya-bala lan olèh bali menyang München manèh. Nanging nalika Perang Donya I pecah, Hitler nyuwun idin marang Raja Ludwig III saka Bayern supaya pareng bekti ing sawijining résimèn Bayern. panyuwuné dilulusaké lan Adolf Hitler mlebu wadya-bala Bayern.[9]

Perang Donya I[sunting | sunting sumber]

Pecahing Perang Donya I iku ing Jerman disambut anget, uga déning Hitler. Hitler sing péngin mèlu perang, dianggep anèh. Dhèwèké olèh fungsi caraka. Ing fungsi iki Hitler kudu nggawa préntah-préntah perang ing front kulon sing ngarep dhéwé mlebu ing jero parit. Kontak senjata kapisané kadadéyan nalika ana ing Pertempuran Ieper I cedhak Kruiseke/Wervik. Hitler pancèn kendel lan kabuktèn amerga dhèwèké ing Desember 1914 olèh pahargyan Eisernes Kreuz 2. Klasse

Ing Mei 1918, dhèwèké olèh panghargyan ijazah amerga kendel marang musuh lan ing Desember 1918 dhèwèké olèh Eisernes Kreuz 1. Klasse sing arang diwènèhaké marang prajurit. Ing 1918 dhèwèké tatu déning serangan gas minangka nduwé pangkat korperal (basa Jerman Gefreiter). Wektu iku dhèwèké dadi wuta lan kudu diopname telung sasi ing rumah sakit.

Wektu iku amerga dhèwèké lara, dadi ora ngalami gencatan senjata. Mula dhèwèké percaya karo gosip yèn Jerman dicidrani déning para pulitikus lan utamané kaum komunis. Para pancidra iki diarani para "Durjana November" (Novemberverbrecher).

Hitler mèlu pulitik[sunting | sunting sumber]

Sawisé Perang Donya I, Hitler tetep dadi prajurit ing wadya-bala Jerman lan bali menyang München. Ing kono – séjé karo katrangané mbésuk – dhèwèké mèlu nglayat lelayoné Perdana Menteri Bayern sing dipatèni, Kurt Eisner. Sawisé 'Republik Sovyèt Bayern' ditumpes, Hitler mèlu kursus "pamikiran nasional" sing dianakaké déning Bagiyan Pendidikan lan Propaganda klompok Reichswehr (angkatan senjata) Bayern lan dikepalani déning Kaptèn Karl Mayr. Sing dadi kambing ireng kala iku "komunitas Yahudi internasional", kaum komunis lan para pulitikus ing kabèh partai pulitik, utamané partai-partai pulitik ing koalisi pamaréntahan Weimar.

Ing Juli 1919, Hitler ditunjuk dadi Verbindungsmann ("mata-mata pulisi") sawijining Aufklärungskommando ("Komando inteligènsi) déning Reichswehr. Karepé iku Hitler dikon mempengaruhi lan infiltrasi sawijining partai pulitik cilik "Partai Buruh Jerman" utawa Deutsche Arbeiterspartei (DAP). Nalika nylidiki partai iki, Hitler malahan dadi kasengsem karo paham pelopor partai iki: Anton Drexler. Anton Drexler nduwé paham anti-sémitisme, nasionalisme, anti-kapitalisme lan anti-Marxisme. Drexler nyekuyung sawijining pamaréntah sing kuwat, sawijining vèrsi paham "sosialime non-Yahudi" lan solidaritas antara kabèh anggota masarakat.

Hitler ing kéné uga tepungan karo Dietrich Eckart, sawijining pangrintis partai lan anggota komunitas Thule sing asifat klenik. Eckart dadi mèntoré Hitler, lan kerep dhiskusi karo dhèwèké, ngajari tatacara lan tatakrama pacelathon saha klambèn. Saliyané iku Hitler ditepungaké marang wong akèh. Hitler wusanané matur nuwun marang Eckart lan jenengé disebut ing jilid kapindho Mein Kampf.

Hitler diwetokaké saka wadya-bala ing sasi Maret 1920 lan tilas atasané tetep nyekuyung supaya dhèwèké tetep aktif ing kauripan partai. Ing awal taun 1921, Hitler wis pinter pidhato ing ngarepé wong akèh. Ing sasi Februari, Hitler pidhato marang mèh wong 6.000 ing München. Kanggo sosialisi yèn ana 'tabligh akbar', Hitler ngirim rong truk kebak suporter partai supaya muter-muter lan nggawa simbul-simbul swastika, nggawé gègèran lan nyebar brosur. Ini panrapan kapisan taktiké. Hitler dhéwé dadi misuwur sacara umum déning pidhatoné sing kasar, polèmis lan nentang Prajanjian Versailles, lawan pulitik (kalebu kaum monarkis, nasionalis lan sosialis non-internasional liyané) lan utamané marang kaum Marxis lan Yahudi.

DAP punjeré ana ing München, sarang nasionalisme Jerman sing panas, kalebu para upsir militèr sing nduwé kekarep numpes kaum Marxis lan nggulingaké Republik Weimar. Alon-alon kabèh padha weruh Hitler lan nganggo Hitler minangka sawijining wahana kanggo kawigatènané dhéwé-dhéwé. Hitler lunga menyang Berlin lan marani klompoj nasionalis ing musim panas taun 1921, lan nalika Hitler ora ana, ana pambalélan marang para kepala DAP ing München.

Partainé saiki diparéntah déning sawijning komité èksèkutif lan anggota-anggota asliné nganggep yèn Hitler iku gawé masalah. Banjur kabèh nggawé pasekuton karo sawijining kelompok sosialis saka Augsburg. Hitler langsung bali menyang München lan ngancam arep metu saka partai ing tanggal 11 Juli 1921. Nalika kabèh pada sadhar yèn Hitler metu saka partai, partainé bakal sirna, Hitler njupuk momèntum iki lan kandha gelem bali mawa sarat dhèwèké diwèhi kakuwasan diktatorial. Anggota komité sing nesu nulak dhisik. Banjur sawetara iku ana pamflèt anonim sing disebar lan isiné kritik sing ditujokaké marang Hitler lan wong-wong cedhaké sing ganas. Hitler banjur mbales mawa nulis layang ing sawijining koran München lan nganggep pitenah lan wusanané bisa menang.

Komité èksèkutif DAP wusanané dadi luwih longgar lan panjaluké Hitler diserahaké para anggota lan dianakaké sawijining pamungutan swara. Hitler olèh 534 swara pro lan namung siji sing kontra. Banjur ing tanggal 29 Juli 1921, Adolf Hitler diangkat dadi Führer utawa pamimpin partai iki. Jeneng partai iki déning Hitler banjur diganti dadi Nationalsozialistische Deutsche Arbeiterpartei (dicekak NSDAP) utawa Partai Buruh Jerman Nasional-Sosialis.

Sawisé iku partai iki olèh saya akèh anggota déning pidhato-pidhatoné Hitler sing èkstrem nyerang wong Yahudi, kaum sosial-démokrat, liberal, monarkis, kapitalis lan komunis. Wong-wong sing wiwit katarik klebu Rudolf Hess, Hermann Göring sing manten pilot angkatan udara, lan kaptèn Ernst Röhm, saka angkatan dharat. Röhm dadi kepala organisasi paramilitèr Nazi sing diarani SA (Sturmabteilung utawa "Bagian Panyerangan"). SA sing ngreksa rapat-rapat NSDAP lan intimidasi lawan-lawan pulitiké. Saliyané iku Hitler uga nyerep kelompok-kelompok mardika liyané, kaya ta Deutsche Werkgemeinschaft sing papané ana ing Nürnberg lan sadurungé dipimpin déning Julius Streicher lan diangkat dadi Gauleiter (sajenis Gubernur) ing Franconia. Hitler uga digatèkaké déning pebisnis lokal lan wiwit iku Hitler ditampa ing antara kalangan élit masarakat München lan tepungan karo Jéndral Erich Ludendorff sing mèlu dines ing Perang Donya I.

Bierkeller Putsch[sunting | sunting sumber]

Sawijining prasasti sing wiwit didokok ing taun 1994 lan ngélingaké para pulisi sing tiwas: Friedrich Fink, Nikolaus Hollweg, Max Schobert, lan Rudolf Schraut.
Artikel utama: Bierkeller Putsch

Ing pungkasan taun 1923, Adolf Hitler rumangsa yèn wektuné wis cocog kanggo ngrebut kakuwasan ing Jerman. Hitler olèh ilham déning Benito Mussolini sing nganakaké Mars menyang Roma lan bisa ngrebut kakuwasan. Banjur karo sekuyungan kancané, Jéndral Erich Ludendorff, Hitler ing tanggal 8 November 1923 lunga karo pendukungé menyang sawijining balé minuman bir ing kutha München lan ing basa Jerman diarani Bierkeller. Ing kono pas ana Gustav Ritter von Kahr, pemimpin Bayern. Hitler banjur nodhongaké pistulé lan nuntut kakuwasan, dhèwèké nyoba nggulingaké kakuwasan utawa nganakaké kudéta (basa Jerman Putsch). Rencanané yèn kakuwasan wis olèh ing München, Hitler lan kanca-kancané arep mars menyang Berlin.

Nanging penggayuhé Hitler ora kasil lan wusanané ana témbak-témbakan antara pulisi lan para sekuyungé Hitler. Ana 4 pulisi sing tiwas lan 16 kaum Nazi sing mati. Wong-wong Nazi sing mati iki mbésuk didadèkaké martir déning Hitler lan dianggep mati syuhada:

  • Felix Alfarth
  • Andreas Bauriedl
  • Theodor Casella
  • William Ehrlich
  • Martin Faust
  • Anton Hechenberger
  • Oskar Körner
  • Karl Kuhn
  • Karl Laforce
  • Kurt Neubauer
  • Klaus von Pape
  • Theodor von der Pfordten
  • Johann Rickmers
  • Max Erwin von Scheubner-Richter
  • Lorenz Ritter von Stransky
  • Wilhelm Wolf

Hitler dhéwé ésoké ing tanggal 9 November 1923 mlayu nanging bisa dicekel pulisi. Dhèwèké diadili lan olèh ukuman 5 taun penjara. Dhèwèké dipenjara ing Landsberg. Nanging sawisé prastawa iki jenengé Hitler dadi misuwur sa-Jerman.

Mein Kampf[sunting | sunting sumber]

Artikel utama: Mein Kampf

Nalika dipenjara ing Landsberg, Hitler ndikté bukuné Mein Kampf ("Perjuwanganku") marang wakilé Rudolf Hess. Buku iki isiné otobiografiné lan gagasan-gagasané. Buku iki didol ing rong jilid ing taun 1925 lan 1926. Wusanané antara taun 1925 lan 1934 bisa payu 240.000 èksemplar. Bubar Perang Donya II, ana 10 yuta èksemplar sing wis didol lan didum (mantèn anyar lan prajurit olèh gratis).

Manuju kakuwasan[sunting | sunting sumber]

Kasil pemilu Partai Nazi
Tanggal Swara Persentase Kursi ing Reichstag Latar wuri
Mei 1924 1.918.300 6,5 32 Hitler ing penjara
Desember 1924 907.300 3,0 14 Hitler diwetokaké saka penjara
Mei 1928 810.100 2,6 12  
September 1930 6.409.600 18,3 107 Sawisé krisis ékonomi
Juli 1932 13.745.800 37,4 230 Hitler dadi kandidat presiden
November 1932 11.737.000 33,1 196  
Maret 1933 17.277.000 43,9 288 Nalika masa jabatan Kanselir kanggo Hitler

Holocaust[sunting | sunting sumber]

Wiwit 1 April 1933 ana boikot bisnis Yahudi sing dipréntah déning kaum Nazi. Ing blabag iki tulisané Deutsche, wehrt euch! Kauft nicht bei Juden ("Wong-wong Jerman, nglawana! Aja tetuku karo wong Yahudi"). Plang iki gumantung ing ngarepé toko Tietz ing Berlin. Ing cendhéla ana gambaré Lintang Yahudi. Plang iki dijaga déning sawijining laskar Nazi.
Artikel utama: Holocaust

Langsung sawisé Hitler dilantik, ing bilik-bilik umum muncul plang-plang sing tulisan 'Dilarang kanggo wong Yahudi'. Wong-wong Yahudi diwatesi pagawéyané lan undhang-undhang pakawinan uga diowahi. Wiwit taun 1935 (nalika 'undhang-undhang Nürnberg'), wong Yahudi dilarang kawin karo wong non-Yahudi. Sangsaya akèh wong Yahudi Jerman sing padha hijrah. Sawetara dirazzia lan dikirim menyang 'kamp-kamp kerja' sing jebulé iku 'kamp-kamp konsentrasi' utawa malahan 'kamp-kamp pasirnan manungsa'. Dikira-kira ana watara 15,000 kamps dibangun ing tlatah sing dikuwasani Jerman, ora klebu kamp cilik-cilik sing dibangun saanané kanggo pedunung lokal. [10]Salah siji kamp kosèntrasi sing misuwur yakuwi Kamp konsèntrasi Auschwitz.

Ing ibu kutha Polandia Warsawa, wong-wong Yahudi sing manggon ing kono digiring ing ghetto lan sawisé diangkut menyang kamp-kamp konsentrasi. Saliyané wong-wong Yahudi, gunggungé uga ana sayuta wong Polandia liyané sing dikirim menyang kamp-kamp konsentrasi lan saka tlatah-tlatah pendudukan gunggungé ana 6 yuta pemudha antara 18 lan 45 taun sing dipeksa kerja kanggo industri perang Jerman. Perkara iki diarani Arbeitseinsatz ("panrapan kerja"). Nanging bésok déning para hakim Sekutu ing Nürnberg diarani 'pangulunan' (perbudakan). Ing konferènsi Wannsee (Januari 1942), nalika para pamimpin Nazi rapat, kabèh padha mikiraké 'solusi pungkasan' (Endlösung) 'Masalah Yahudi'. Nalika iku diputusaké supaya ngrampungi 10 yuta wong-wong Yahudi ing Eropah.

Organisasi 'solusi pungkasan' iki diwènèhaké marang Reinhard Heydrich lan Heinrich Himmler, administrasiné marang Adolf Eichmann lan èksekusiné marang akèh opsir, militèr lan pedunung sipil biasa sing wis taunan olèh propaganda. Saliyané wong Yahudi, wong-wong liyané sing dianggep mungsuh lan kurang mulyané kaya ta wong Gipsi, homosèksual, saksi Yehova lan liya-liyané uga dirampungi.

Holocaust dhéwé ing lingkungané Hitler dianggep tabu diomongaké. Nganti sepréné durung ditemokaké bukti katulis préntah Hitler ngenani holocaust iki. Hitler dhéwé durung tau ing kamp-kamp konsentrasi Auschwitz, Majdanek, Sobibór, Treblinka utawa liyané. Nanging kepriyé waé Hitler dhéwé ora tau nutupi kagethingané marang wong Yahudi lan wis kerep ngomongaké 'pasirnané' lan 'pambusakané' wong Yahudi.

Cathetan sikil[sunting | sunting sumber]

  1. ^ Bullock, A. Hitler: A Study in Tyranny, 30-31.
  2. ^ Mein Kampf, Bab II, paragraf 3)
  3. ^ Mein Kampf, Bab II, paragraf 5 & 6.
  4. ^ (Mein Kampf, jilid 1, bab 2: "Taun studi lan kasengsaran ing Wina ")
  5. ^ (Mein Kampf, vol. 1, chap. 2: " Taun studi lan kasengsaran ing Wina ")
  6. ^ Hitler's Vienna. A dictator's apprenticeship by Brigitte Hamann and Thomas Thornton, Oxford University Press, USA (1 Juli 1999)
  7. ^ Hitler, Adolf, Mein Kampf, Jilid 1, Bab VII
  8. ^ The Solution to the German Problem, déning Wilhelm Röpke (1946: 117), G.P. Putnam's Sons
  9. ^ Shirer, William L., The Rise And Fall of Adolf Hitler c 1961, Random House
  10. ^ Concentration Camp Listing Sumber saka Van Eck, Ludo Le livre des Camps. Belgium:Editions Kritak; and Gilbert, Martin Atlas of the Holocaust. New York:William Morrow 1993 ISBN 0-688-12364-3. In this on-line site are published the names of 149 camps and 814 subcamps, organized by country.

Pranala jaba[sunting | sunting sumber]

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:

Gambar lan vidéo[sunting | sunting sumber]

Pidato lan publikasi[sunting | sunting sumber]

Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Adolf_Hitler&oldid=807605"