Jerman Nazi
Jerman Nazi utawa Reich Katelu iku ngarujuk utamané mangsa wiwit taun 1933 nganti 1945, nalika Adolf Hitler mimpin negara Jerman minangka diktator lan nyebaraké ideologi nasional-sosialisme (Nationalsozialismus). Reich iku tembung Jerman kanggo "karajan". Disebut karajan katelu amarga karajan pisanan yakuwi Kakaisaran Romawi Suci, déné karajan kaloro yakuwi Kakaisaran Jerman.
Jroning periode iki Jerman tuwuh saka negara sing kalah Perang Donya I nganti dadi salah siji kakuwatan militer paling gedhé ing donya. Jroning wektu kuwi uga dileksanakaké pulitik rasis sing ngagungaké bangsa Arya lan ora ngajèni ras-ras liya.
Utamané bangsa Yahudi didiskriminasèkaké lan dikumpulaké kanggo dipatèni ing kamp konsèntrasi. Saliyané wong Yahudi kaum Nazi uga ndiskriminasi lan mbesmi bangsa Gipsi (Roma lan Sinti) sarta bangsa Slavia. Jerman Nazi bubar nalika kalah jroning Perang Donya II nglawan Uni Soviet lan kakuwatan Sekutu sing dipimpin déning Amérika Sarékat. Kasil saka kakalahan iki negara Jerman banjur dipérang, yakuwi Republik Federasi Jerman ing sisih kulon lan Republik Demokratis Jerman ing sisih wétan sarta wilayah ing wétané Kali Oder lan Neisse diwènèhaké marang Polandia lan Uni Soviet.
Wilayah taklukan Nazi Jerman[sunting]
- Austria (Maret 1938)
- Cekoslowakia
- Polandia (September 1939)
- Denmark (April 1940)
- Norwegia (April 1940)
- Walanda (Mei 1940)
- Belgia (Mei 1940)
- Luksemburg (Mei 1940)
- Prancis (Juni 1940)
- Yunani (April 1941)
- Yugoslavia (April 1941)
- sawetara negara ing bagian Afrika Lor
- sewetara wilayah Uni Soviet/Rusia (ora kasil nguasani kabèh wilayah sadurungé mangsa adhem)
Delengen uga[sunting]
| Sajarah Jerman | |
|
|