Holocaust
Holocaust (saka basa Yunani: holokauston sing tegesé "persembahan pangurbanan sing diobong "), uga dikenal minangka (Ha)-Shoah (Ibrani: השואה), Churben (Yiddish: חורבן) kuwi genosida sistematis sing dilakoni Jerman Nazi marang werna-werna klompok etnis, kaagamaan, bangsa, ing jaman Perang Donya II.
Bangsa Yahudi ing Eropah minangka kurban-kurban utama jroning Holocaust, sing disebut kaum Nazi minangka "solusi pungkasan masalah Yahudi". Cacahing kurban Yahudi umumé disebut watara enem yuta jiwa. Genosida sing diciptakaké déning Adolf Hitler iki dilaksanakaké kanthi cara panémbakan, panyiksan, lan nganggo gas racun, ing sajroning kampung Yahudi lan Kamp konsèntrasi.
Saliyané kaum Yahudi, klompok-klompok liyané sing dianggep kaum Nazi "ora disenengi " antara liya bangsa Polandia, Rusia, suku Slavia liyané, panganut agama Katulik Roma, wong cacat, wong cacat méntal, homosèksual, Saksi-Saksi Yehuwa (Jehovah's Witnesses), wong komunis, suku Gipsi (Wong Rom lan Sinti) lan lawan-lawan pulitik. Wong-wong mau uga ditangkep lan dipatèni. Yèn digunggung klebu wong-wong iki mau cacahing kurban Holocaust bisa nganti 9-11 yuta jiwa.
Rujukan [sunting]
Delengen uga [sunting]
Pranala jaba [sunting]
- (en) United States Holocaust Memorial Museum. Includes the extensive Holocaust Encyclopedia and large collections of maps and photos, one of the most comprehensive sites.
- (en) Yad Vashem (Israeli Holocaust Memorial). Extensive archives with a searchable database of victims, extremely comprehensive
- (en) Jehovah's Witnesses
- (en) Jujukan masa kearah Holocaust.
- (Basa Inggris)Dean, Martin: Robbing the Jews - The Cofiscation of Jewish Property in the Holocaust, 1935 - 1945, Cambridge University Press, 2008.