Anne Frank
| Anne Frank | |
|---|---|
| 200px Prangko Jerman gambar Anne Frank. |
|
| Lair | 12 Juni 1929 Frankfurt am Main, Jerman |
| Séda | Awal Maret 1945 (yuswa 15) Kamp konsentrasi Bergen-Belsen, Lower Saxony, Jerman |
| Pagawéan | Panulis ingkang dipun publikasikaken sasampunipun tilar donya |
| Kabangsan | Jerman (miyos), dipun nyatakaken stateless, kepéngin dados tiyang Walandi.[1] |
| Pangaruh marang | Cissy van Marxveldt[2] |
Annelies Marie "Anne" Frank (12 Juni 1929 – Februari/Maret 1945) punika satunggiling pawèstri kaum Yahudi ingkang nyerat setunggal buku dintenan nalika panjenenganipun sesidheman sesarengan kulawarga lan sekawan réncangipun ing Amsterdam ing mangsa pendhudhukan Nazi ing Walandi nalika Perang Donya II. Saksampunipun sesidheman dangunipun kalih taun, grup punika dipun khianati lan sedaya dipun bekta dhumateng kamp konsentrasi ingkang njalari sedaya tiwas kejawi Otto, bapakipun Anne. Otto kundur dhumateng Amsterdam lan panjenenganipun manggihi buku dintenan putrinipun. Amargi yakin dhumateng kaunikan cathetan kasebat, Otto ngupados publikasinipun.
Buku dintenan wau dipun paringaken dhumateng Anne nalika ambal warsanipun ingkang kaping tiga welas lan nyathet urutan prastawa-prastawa kagesangan Anne saking tanggal 12 Juni 1942 dumugi cathetan pungkasan tanggal 1 Agustus 1944. Pungkasanipun buku dintenan puniku dipun pertal saking basa Walandi dhumateng manéka basa lan dados salah satunggil buku ingkang paling kathah dipun waos ing donya. Sapérangan prodhuksi téater lan film ugi ngangkat téma buku dintenan puniki. Buku dintenan ingkang dipun gambaraken minangka karya ingkang diwasa lan kagungan wawasan puniki nyariyosaken potrèt kagesangan sedinten-sedinten ingkang lebet ing saandhaping pendhudhukan Nazi; langkung seratanipun, Anne Frank dados salah satunggil korban Holocaust ingkang paling kathah dipuncariyosaken.
Bab lan Paragraf |
Période ingkang kacathet salebeting buku dintenan[sunting]
Sadèrèngipun dhumateng papan sesidheman[sunting]
Kanggé ambal warsanipun ingkang kaping tiga welas tanggal 12 Juni 1942, Anne nampi satunggiling buku cathetan alit ingkang piyambakipun tedahaken dhumateng bapakipun salebeting satunggiling jendhéla toko sawatawis dinten sadèrèngipun. Senadyan buku puniku satunggiping buku tapak asma, Anne migunakaken minangka satunggiling buku dintenan. Panjenenganipun wiwit nyerat, nggambaraken piyambakipun, kulawarganipun, lan réncang-réncangipun, réncang jaler ingkang panjenganipun remeni lan papan-panggénan ingkang remen dipundhatengi ing saubengipun dalem. Senadyan isi awal puniki nggambaraken panjenenganipun minangka satunggiling kenya alit ingkang biasa, panjenenganipun ugi nggambaraken éwah-éwahan ingkang dumados sasampunipun pendhudhukan Jerman.
Pranala njawi[sunting]
| Wikiquote anggadhahi kolèksi kutipan ingkang magepokan kaliyan: |
- (nl) Griyanipun Anne Frank
- (en) Griyanipun Anne Frank - arupi footage film Anne Frank
- (en) Yayasan Anne Frank
- (en) Anne Frank Center, AS
- (en) Réferènsi buku dintenan Anne Frank
Réferènsi[sunting]