Menyang kontèn

Misbach Jusa Biran

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Misbach Jusa Biran
Misbah Yusa Biran
Lair22 September 1933
Rangkasbitung, Lebak, Banten
Pati11 April 2012
Tangerang Selatan, Banten
PakaryanSutradara, juru tulis skenario, sastrawan, sinematek
BojoEleanora Nikijuluw ex; Nany Wijaya
Wong tuwaAyun Sabiran lan Yumenah

Misbach Jusa Biran ya iku sutradara lan juru tulis skénario, sinématèk, uga sastrawan.[1][2][3][4] Lair ana Rangkasbitung, Lebak, Banten ing 22 September 1933 lan surud ana Tangerang Kidul, Banten, ing 11 April 2012.[1][2] Nyandhang gelar haji taun 1964.[1]

Kulawarga[besut | besut sumber]

Misbach Yusa Biran ya iku anaké Ayun Sabiran saka Minangkabau dan Yumenah Banten.[2] Bapaké asal Dangung-dangung, Lima Puluh Kota, Sumatra Kulon, ya iku wong Digulis kang banjur dadi pamilik studio foto.[2] Jeneng Misbach dikèki bapaké, njupuk jeneng tokoh pergerakan Haji Misbach.[2] Déné, Yusa Biran, ditambahaké Misbach nalika dhèwèké diwasa, kang dadi jeneng pena-né bapaké, "Jose Beron".[2]

Misbach sepisanan mbojo karo Eleanora Nikijuluw (Nora) tanggal 12 Maret 1964.[5] Pisah ing Dhésèmber 1964.[5]

Limang taun lebaré, utawa pasé tanggal 16 Januari 1969, mbojo karo Nany Wijaya.[5] Karo Nany Wijaya, nduwé 6 anak, ya iku 4 wadon lan 2 lanang.[5]

Pakaryan[besut | besut sumber]

Jenengé wiwitan kondhang amarga skètsa-skètsané ngenani "Seniman Senen" kang diemot ana kalawarti Aneka taun 1950-an.[1] Nganggo jeneng Ardjawi, dhèwèké uga ngisi ruang "Komedi Djakarta" ana èdhisi minggu Harian Abadi kang nggambaraké urip sedinan-dina wong Jakarta.[1] Saka skètsa-skètsa iki, dhèwèké banjur nulis cerita kang digawé filem Ardjawi ke Ibukota[1]

Ana donya perfileman[besut | besut sumber]

Kawit ana Taman Madya (SLTA) Taman Siswa, Jakarta, dhèwèké wis nyutradarani manéka téater lan nulis resènsi filem.[1] Déné, ana donya filem, dhèwèké wiwit ing taun 1954 minangka juru cathet skrip ana studio Perfini.[3][5] Taun 1956, dhèwèké kacathet minangka anggota sidhang pengarang ana studio pimpinan Usmar Ismail Marzuki.[5] Taun 1960, dhèwèké wiwit njangkah minangka sutradara enom.[5] Ana "Pekan Apresiasi" taun 1967, dhèwèké kapilih minangka juru tulis carita paling apik kanggo filem Menjusuri Djedjak Berdarah lan sutradara paling apik kanggo panggarapan filem Di Balik Tjahaja Gemerlapan.[3][5]

Sabubaré nyutradarani Honey, Money and Jakarta Fair taun 1970, Misbach mutuské mandheg dadi sutradara, amarga filem jaman iku akèh diwènèhi bumbu sèks.[3] Kontribusiné ana donya filem ora banjur mandheg.[3] Dhèwèké ngrumusaké pangadhege Karyawan Film dan Televisi (KFT), kalebu nulis konsèp anggaran dhasaré, ana taun 1964.[3] Taun 1970, Miisbach uga dadi salah sawijining pangrancang ngadhege Akandemi Sinematografi kang saiki dadi Jurusan Film IKJ.[3] Misbach mulang ana kono taun 1970 nganti 1995 kanggo mata kuliyah Sajarah Film Indonesia dan Penulisan Skenario Film.[3] Taun 1978, dhèwèké ngedhegaké Yayasan Citra, sawijining badan pendidikan filem.[3]

Pakaryané Misbach kang paling misuwur ya iku Sinematek Indonesia. Pusat dokumèntasi filem gedhé dhéwé ana Asia iku didhegaké taun 1975 ditopang béaya saka Gubernur Daerah Khusus Ibukota (DKI) Ali Sadikin.[4] Dhèwèké uga dadi pimpinan sepisanan lembaga kang duwé gensi iku.[4]

Cerita cekak[besut | besut sumber]

Karyané kang awujud cerkak:[5]
1. Mangsa Barat;
2. Si Embok dan si Kukut;
3. Nasihat;
4. 2-0-1-1 Potongan Rambut Edhie Polo;
5. Bentang Filem Anyar, Boga Bakat.

Novèl[besut | besut sumber]

Menyusuri Djedjak Berdarah diterbitaké taun 1967 kanthi Penerbit Budajata, Jakarta, ya iku panulisan saka cerita filem kang digawé dhèwèké dhéwé.

Drama/lakon[besut | besut sumber]

Karyané kang awujud drama/lakon:
1. Bung Besar, éntuk Bebungah Kedua Penulisan Naskah Drama Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan taun 1958; banjur diterbitaké kanthi bersambung ana kalawarti Budaya no. 3, 4, lan 5 taun 1959;[5] Bung Besar sarat kritik nuju Bung Karno kang wektu kuwi ngangkat awake dhéwé minangka Pemimpin Besar Revolusi. Gara-gara Bung Besar, dhèwèké meh baé cilaka lantaran dimungsuhi pendhukunge Bung Karno.[4]
2. Setengah Djam Mendjelang Maut, ditulis taun 1968, naté ditayangaké ing TVRI.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g Dendy Sugono 2003, kc. 174.
  2. a b c d e f Sinematek Indonesia (2015). "Misbach Jusa Biran". Perpustakaan Nasional Republik Indonesia. Dibukak ing 2 Agustus 2016. {{cite web}}: Cite has empty unknown parameter: |5= (pitulung)[pranala mati permanèn]
  3. a b c d e f g h i Pasaribu, Adrian Jonathan; Sekarjati, Amalia (12 April 2012). "Misbach Jusa Biran: Sajarah Adalah Ilmu". Film Indonesia. Dibukak ing 2 Agustus 2016.[pranala mati permanèn]
  4. a b c d Bintang, Ilham (17 April 2012). Priyambodo RH (èd.). "In Memoriam Misbach Jusa Biran​". Antaranews. Dibukak ing 2 Agustus 2016. {{cite web}}: zero width space character in |title= at position 31 (pitulung)
  5. a b c d e f g h i j Dendy Sugono 2003, kc. 175.

Bibliografi[besut | besut sumber]

  • Dendy Sugono, èd. (2003). Ensiklopedia Sastra Indonesia Modern. Bandung: Remaja Rosdakarya. ISBN 979-692-283-5.

Pranala njaba[besut | besut sumber]