Misbach Jusa Biran
Misbach Jusa Biran | |
---|---|
Lair | 22 September 1933 Rangkasbitung, Lebak, Banten |
Pati | 11 April 2012 Tangerang Selatan, Banten |
Pakaryan | Sutradara, juru tulis skenario, sastrawan, sinematek |
Bojo | Eleanora Nikijuluw ex; Nany Wijaya |
Wong tuwa | Ayun Sabiran lan Yumenah |
Misbach Jusa Biran ya iku sutradara lan juru tulis skénario, sinématèk, uga sastrawan.[1][2][3][4] Lair ana Rangkasbitung, Lebak, Banten ing 22 September 1933 lan surud ana Tangerang Kidul, Banten, ing 11 April 2012.[1][2] Nyandhang gelar haji taun 1964.[1]
Kulawarga
[besut | besut sumber]Misbach Yusa Biran ya iku anaké Ayun Sabiran saka Minangkabau dan Yumenah Banten.[2] Bapaké asal Dangung-dangung, Lima Puluh Kota, Sumatra Kulon, ya iku wong Digulis kang banjur dadi pamilik studio foto.[2] Jeneng Misbach dikèki bapaké, njupuk jeneng tokoh pergerakan Haji Misbach.[2] Déné, Yusa Biran, ditambahaké Misbach nalika dhèwèké diwasa, kang dadi jeneng pena-né bapaké, "Jose Beron".[2]
Misbach sepisanan mbojo karo Eleanora Nikijuluw (Nora) tanggal 12 Maret 1964.[5] Pisah ing Dhésèmber 1964.[5]
Limang taun lebaré, utawa pasé tanggal 16 Januari 1969, mbojo karo Nany Wijaya.[5] Karo Nany Wijaya, nduwé 6 anak, ya iku 4 wadon lan 2 lanang.[5]
Pakaryan
[besut | besut sumber]Jenengé wiwitan kondhang amarga skètsa-skètsané ngenani "Seniman Senen" kang diemot ana kalawarti Aneka taun 1950-an.[1] Nganggo jeneng Ardjawi, dhèwèké uga ngisi ruang "Komedi Djakarta" ana èdhisi minggu Harian Abadi kang nggambaraké urip sedinan-dina wong Jakarta.[1] Saka skètsa-skètsa iki, dhèwèké banjur nulis cerita kang digawé filem Ardjawi ke Ibukota[1]
Ana donya perfileman
[besut | besut sumber]Kawit ana Taman Madya (SLTA) Taman Siswa, Jakarta, dhèwèké wis nyutradarani manéka téater lan nulis resènsi filem.[1] Déné, ana donya filem, dhèwèké wiwit ing taun 1954 minangka juru cathet skrip ana studio Perfini.[3][5] Taun 1956, dhèwèké kacathet minangka anggota sidhang pengarang ana studio pimpinan Usmar Ismail Marzuki.[5] Taun 1960, dhèwèké wiwit njangkah minangka sutradara enom.[5] Ana "Pekan Apresiasi" taun 1967, dhèwèké kapilih minangka juru tulis carita paling apik kanggo filem Menjusuri Djedjak Berdarah lan sutradara paling apik kanggo panggarapan filem Di Balik Tjahaja Gemerlapan.[3][5]
Sabubaré nyutradarani Honey, Money and Jakarta Fair taun 1970, Misbach mutuské mandheg dadi sutradara, amarga filem jaman iku akèh diwènèhi bumbu sèks.[3] Kontribusiné ana donya filem ora banjur mandheg.[3] Dhèwèké ngrumusaké pangadhege Karyawan Film dan Televisi (KFT), kalebu nulis konsèp anggaran dhasaré, ana taun 1964.[3] Taun 1970, Miisbach uga dadi salah sawijining pangrancang ngadhege Akandemi Sinematografi kang saiki dadi Jurusan Film IKJ.[3] Misbach mulang ana kono taun 1970 nganti 1995 kanggo mata kuliyah Sajarah Film Indonesia dan Penulisan Skenario Film.[3] Taun 1978, dhèwèké ngedhegaké Yayasan Citra, sawijining badan pendidikan filem.[3]
Pakaryané Misbach kang paling misuwur ya iku Sinematek Indonesia. Pusat dokumèntasi filem gedhé dhéwé ana Asia iku didhegaké taun 1975 ditopang béaya saka Gubernur Daerah Khusus Ibukota (DKI) Ali Sadikin.[4] Dhèwèké uga dadi pimpinan sepisanan lembaga kang duwé gensi iku.[4]
Cerita cekak
[besut | besut sumber]Karyané kang awujud cerkak:[5]
1. Mangsa Barat;
2. Si Embok dan si Kukut;
3. Nasihat;
4. 2-0-1-1 Potongan Rambut Edhie Polo;
5. Bentang Filem Anyar, Boga Bakat.
Novèl
[besut | besut sumber]Menyusuri Djedjak Berdarah diterbitaké taun 1967 kanthi Penerbit Budajata, Jakarta, ya iku panulisan saka cerita filem kang digawé dhèwèké dhéwé.
Drama/lakon
[besut | besut sumber]Karyané kang awujud drama/lakon:
1. Bung Besar, éntuk Bebungah Kedua Penulisan Naskah Drama Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan taun 1958; banjur diterbitaké kanthi bersambung ana kalawarti Budaya no. 3, 4, lan 5 taun 1959;[5] Bung Besar sarat kritik nuju Bung Karno kang wektu kuwi ngangkat awake dhéwé minangka Pemimpin Besar Revolusi. Gara-gara Bung Besar, dhèwèké meh baé cilaka lantaran dimungsuhi pendhukunge Bung Karno.[4]
2. Setengah Djam Mendjelang Maut, ditulis taun 1968, naté ditayangaké ing TVRI.
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d e f g Dendy Sugono 2003, kc. 174.
- ↑ a b c d e f Sinematek Indonesia (2015). "Misbach Jusa Biran". Perpustakaan Nasional Republik Indonesia. Dibukak ing 2 Agustus 2016.
{{cite web}}
: Cite has empty unknown parameter:|5=
(pitulung)[pranala mati permanèn] - ↑ a b c d e f g h i Pasaribu, Adrian Jonathan; Sekarjati, Amalia (12 April 2012). "Misbach Jusa Biran: Sajarah Adalah Ilmu". Film Indonesia. Dibukak ing 2 Agustus 2016.[pranala mati permanèn]
- ↑ a b c d Bintang, Ilham (17 April 2012). Priyambodo RH (èd.). "In Memoriam Misbach Jusa Biran". Antaranews. Dibukak ing 2 Agustus 2016.
{{cite web}}
: zero width space character in|title=
at position 31 (pitulung) - ↑ a b c d e f g h i j Dendy Sugono 2003, kc. 175.
Bibliografi
[besut | besut sumber]- Dendy Sugono, èd. (2003). Ensiklopedia Sastra Indonesia Modern. Bandung: Remaja Rosdakarya. ISBN 979-692-283-5.
Pranala njaba
[besut | besut sumber]- Laman web Perpusnas Archived 2016-09-17 at the Wayback Machine.
- Laman web Film Indonesia Archived 2016-06-22 at the Wayback Machine.
- Laman web Antaranews
- Laman web Jakarta.go.id/Encyclopedia[pranala mati permanèn]