Zulkifli Lubis

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Zulkifli Lubis

Zulkifli Lubis (lair ing Banda Acèh, 23 Dhésèmber 1923 – pati ing Jakarta, 23 Juni 1993 ing umur 69 taun)[1] inggih punika mantan KSAD periode 2 Mèi 1955 - 22 Juni 1955. Kajawi punika piyambakipun ugi dipunkenal minangka pendiri lan ugi njabat minangka Ketua Badan Intelijen ingkang angka 1 ing Indonésia. Zulkifli minangka putra angka 5 saking 10 sadhérék. Bapakipun gadhah nama Aden Lubis gelar Sutan Darialam lan ibunipun gadhah nama Siti Rewan Nasution. Kekalih tiyang sepuhipun minangka guru ing satunggaling sekolah guru Normaalschool.

Masa Alit[besut | besut sumber]

Zulkifli Lubis pikantuk kesempatan ndhérék pendidikan Walanda ing Hollandsch Inlansche School. Sasampunipun mungkasaken HIS, lajeng Kifli nglajengaken dhateng Meer Uitgebreid Lager Onderwijs wonten ing kutha ingkang sami. Wonten ing jaman punika Zulkifli Lubis wiwit katingal asring maos koran Deli Blaad, ingkang pikantuk saking kancanipun ingkang dedagangan. Lumantar Deli Blaad, Zulkifli wiwit ngenal pidato-pidato Sukarno, Hatta, Muhammad Husni Thamrin lan perdebatan wonten ing Volksraad. Koran ingkang minangka kagunganipun pamilik perkebunan wonten ing Sumatera Timur punika gadhah peranan mbangkitaken greget kebangsaan pelajar kados déné Zulkifli Lubis. Wonten ing MULO, Zulkifli lan kanca-kancanipun kagabung wonten ing salebeting kelompok Patriot. Ingkang saged dipunsebut minangka oposisi "diam-diam" amargi minangka tuladha, manawi wonten upacara, kelompok punika boten purun nyekaraken lagu kebangsaan Walanda, Wilhelmus, malahan ngajak pasarta upacara sanèsipun saperlu ndhérék mendel kemawon.[2]

Masa remaja[besut | besut sumber]

Sasampunipun tamat saking MULO, Zulkifli nglajengaken dhateng Algemeene Middlebare School B wonten ing Yogyakarta. Bab ingkang ngremenaken tumrap Zulkifli wonten ing AMS B inggih punika kesempatan dipunsuwuni majeng dhateng ngajeng kelas saperlu nyobi ngulang kanca-kancanipun. Kadosta mata wulangan ngèlmu tata nagara lan sajarah. Wonten ing AMS B, Zulkifli sesarengan kaliyan kanca-kancanipun asring ngawontenaken pirembagan bab kebangsaan, kalebet kanca-kanca saking Parindra.

Masa pendudukan Jepang[besut | besut sumber]

Nalika Jepang njajah Hindia Walanda, Zulkifli Lubis ndhèrèk ajakan kancanipun saperlu ndhèrèk gladhen ingkang dipunwontenaken déning Tentara Jepang kanggé para nom-noman. Pilihan punika dipunpendhet Zulkifli katimbang piyambakipun nganggur. Sasampunipun pikantuk gladhen antawis 2 wulan wonten ing Seinen Kurensho (pusat kanggé gladhen barisan nom-noman), Zulkifli pikantun tawaran mirunggan saperlu pikantuk pendidikan perwira militèr. Wonten ing Seinen Dojo (balai penggemblengan nom-noman) Tangerang wonten antawis 40 siswa saking sadaya wewengkon ing Jawa. Zulkifli Lubis, Kemal Idris lan Daan Mogot kalebet angkatan ingkang angka 1. Balai penggemblengan punika ingkang pisanan ngenalaken Zulkifli wonten ing donya intelijen.[3]

Wonten ing mrika Zulkifli namung sekedhap amargi piyambakipun dipunpindhaken dhateng Resentai (korps galdhen) Bogor. Raos sengsemipun Zulkifli Lubis tumrap Jepang wiwit ical nalika ningal punapa ingkang kadadosan. Kathah-kathahipun instruktur ingkang asalipun saking wadyabala wadyabala kanthi busana lusuh lan katingal reged. Kaanan punika bènten sanget kaliyan ingkang kadadosan ing Seinen Dojo, Tangerang. Sedaya instruktur gadhah penampilan rapi lan resik. Wonten ing Resentai Bogor, Zulkifli boten kathah pikantuk kawruh lan ketrampilan militèr ingkang cekap ngengeti pendidikan ingkang namung kalaksanan 3 wulan kemawon lan langkung dipunarahaken ing maringi raos greget.

Wonten ing wulan Dhésèmber 1943, para shodancho punika dipunlantik lajeng kawangsulaken malih dhateng kutha asalipun utawi laladanipunpiyambak-piyambak saperlu ndhèrèk wonten ing salebeting pembentukan daidan (batalyon). Letnan Dua Zulkifli Lubis, Kemal Idris, Sabirin Mochtar, Satibi Darwis, Daan Mogot, Effendi, lan Kusnowibowo mbiyantu Kapten Tsuhiya Kiso saperlu nyamektakaken pembentukan daidan-daidan wonten ing pulo Bali. Lajeng Zulkifli Lubis, Kemal Idris lan Daan Mogot dipunlebetaken ing sawijining staf mirunggan dipunbentuk kanthi resmi ingkang dipunsukani nama Boei Giyugun Shidobu kanthi tugas ngengini babagan sadaya prakawis ingkang gegayutan kaliyan Pembela Tanah Air.

Wakasad lan Kasad[besut | besut sumber]

Sasampunipun Prastawa 17 Oktober ingkang nggayutaken konflik internal wonten ing Angkatan Dharat, pungkasanipun Zulkifli dipunangkat ngampingi Bambang Sugeng minangka Wakasad lan sasampunipun Bambang Sugeng ngundhuraken dhiri wonten ing pertengahan 1955 piyambakipun dipunangkat dados pelaksana tugas KSAD. Amargi kathahipun swanten ingkang nentang[4] piyambakipun amargi dipunanggep langkung intelijen tinimbang militèr lan pro-Barat, saéngga posisinipun dipungantosaken déning Bambang Utoyo.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

Didhisiki déning:
Bambang Sugeng
{{{jabatan}}}
1955
Diganti déning:
Bambang Utoyo