Menyang kontèn

Yusril Ihza Mahendra

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Yusril Ihza Mahendra
Mantri Larasgawé Babagan Ukum, Prawenanging Manungsa, Imigrasi, lan Pemasyarakatan Indonésia ke-3
Wiwit linggih
21 Oktober 2024
PrésidhènPrabowo Subianto
Kang sadurungéSartono
Mantri Sekretaris Nagara Indonésia ke-14
Linggih
21 Oktober 2004  9 Mèi 2007
PrésidhènSusilo Bambang Yudhoyono
Kang sadurungéBambang Kesowo
Kang sawiséHatta Rajasa
Mantri Kehakiman lan Prawenanging Manungsa Indonésia
Linggih
10 Agustus 2001  20 Oktober 2004
PrésidhènMegawati Soekarnoputri
Kang sadurungéMahfud MD
Kang sawiséHamid Awaluddin
Mantri Ukum lan Angger-Angger Indonésia ke-22
Linggih
29 Oktober 1999  7 Fèbruari 2001
PrésidhènAbdurrahman Wahid
Kang sadurungéMuladi
Kang sawiséBaharuddin Lopa
Rerincèn dhiri
Lair5 Fèbruari 1956 (umur 70)
Indhonésia Lalang, Manggar, Belitung Wétan, Kapuloan Bangka Belitung, Indonésia
AgamaIslam

Prof. Dr. Yusril Ihza Mahendra, M.Sc., (lair ing Lalang, Manggar, Belitung Wétan, 5 Fèbruari 1956; umur 70 taun) iku pulitikus kang ana ning Indonésia uga dadi artis ning Indonésia.[1] Dhèwèké njabat dadi Mantri Sekretaris Nagara Indonésia ning periode 20 Oktober 2004 nganti 8 Mèi 2007.[1] Ning babagan pulitik saka taun 1998 nganti taun 2005 dhèwèké njabat dadi katua Umum Parté Bulan Bintang.[1] Mahendra nganti dadi ketua ning telu kantor kang ngurusi masalah béda,dadi mantri ning kabinèt papréntahan Indonésia, ya iku Mantri Kehakiman lan Hak Asasi Manusia (26 Agustus 2000-7 Fèbruari 2001), Mantri Kehakiman lan Hak Asasi Manusia Kabinet Gotong Royong (Agustus 2001-2004) lan pungkasan Mantri Sekretaris Nagara Kabinet Indonésia Bersatu (20 Oktober 2004-2007).[1]

Pendidikan

[besut | besut sumber]

Pendidikan Sarjana kang dilakoni déning Yusril Ihza Mahendra[1][2]:

  • Pendidikané S-1 jurusan Hukum Tata Nagara Fakultas Hukum UI wisuda ning taun 1983 lan jurusan Filsafat Fakultas Sastra UI (1982).
  • Pendidikan S2-né saka Graduate School of Humanities and Social Science, Universitas Punjab (India) nalika taun 1984.
  • Pandidikan S-3 saka Institute of Post Graduate Studies, Universitas Sains Malaysia (1993)

Pangalaman Akademis

[besut | besut sumber]

Pangalaman Akademis saka Yusril Ihza Mahendra[1][2]:

  • Staf pengajar ning Universitas Muhammadiyah Jakarta (UMJ)
  • Staf pengajar ning Akademi Ilmu Pemasyarakatan, Depkeh (1983)
  • Staf pengajar ning Program Pascasarjana UI dan UMJ sarta pengajar Fakultas Hukum UI

Pengalaman organisasi

[besut | besut sumber]

Pangalaman Organisasi saka Yusril Ihza Mahendra[1][2]:

  • Wakil Ketua Badan Komunikasi Pemuda Masjid Indonésia (1981-1982)
  • Anggota DPP Dewan Dakwah Islamiyah Indonésia (1996-2000)
  • Ketua pengkajian hukum uga merangkap dadi wakil ketua Dewan Pakar ICMI ning wewengkon DKI Jakarta (1996-2000)

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 biografi Yusril Ihza Mahendra Archived 2016-03-04 at the Wayback Machine. dipununduh tanggal 29 Juni 2011
  2. 1 2 3 Tempo Interaktif dipununduh tanggal 29 Juni 2011