Baharuddin Lopa
| Baharuddin Lopa | |
|---|---|
![]() | |
| Mantri Ukum lan Angger-Angger Indonésia ka-23 | |
| Linggih 9 Fèbruari 2001 – 2 Juni 2001 | |
| Présidhèn | Abdurrahman Wahid |
| Kang sadurungé | Yusril Ihza Mahendra |
| Kang sawisé | Marsilam Simanjuntak |
| Jaksa Agung Indonésia ka-17 | |
| Linggih 2 Juni 2001 – 3 Juli 2001 | |
| Présidhèn | Abdurrahman Wahid |
| Kang sadurungé | Marzuki Darusman |
| Kang sawisé | Marsillam Simanjuntak |
| Rerincèn dhiri | |
| Pati | 3 Juli 2001 (umur 65) |
| Bangsa | Indonésia |
| Agama | Islam |
Baharuddin Lopa, SH. (lair ing Pambusuang, Balanipa, Polewali Mandar, Indonésia, 27 Agustus 1935 – pati ing Riyadh, Arab Saudi, 3 Juli 2001 ing umur 65 taun) inggih punika Jaksa Agung Républik Indonésia ingkang njabat awit tanggal 6 Juni 2001 ngantos dumugi tilar donyanipun nalika 3 Juli 2001.[1] Baharudin Lopa ugi naté njabat dados Duta Ageng Républik Indonésia kanggé Arab Saudi. Nalika taun 1993-1998 panjenenganipun njabat dados anggota Komnas HAM.[2]
Wiwit njabat dados Jaksa Agung, 6 Juni 2001, minangka gantosipun Marzuki Darusman, Lopa tansah mbudi daya kanggé mbrantas korupsi.[1] Lopa misuwur minangka jaksa ingkang boten gadhah raos ajrih nalika njejegaken hukum lan kaadilan.[1] Panjenenganipun tilar donya ing yuswa 66 taun, ing griya sakit Al-Hamadi Riyadh, tabuh 18.14 wekdal Arab Saudi utawi tabuh 22.14 Wekdal Nuswantara iring Kilèn (WNIK) 3 Juli 2004, ing Arab Saudi, amargi gerah jantung.[1]
Nalika samanten Lopa rawuh ing Riyadh, 26 Juni 2001 kanggé pasrah panampi kalungguhan kaliyan Wakil Kepala Perwakilan Républik Indonésia Kemas Fachruddin.[1] Kemas njabat dados Kuasa Usaha Sawetawis Kedubes RI kanggé Arab Saudi ingkang dunungipun ing Riyadh.[1] Lopa kaliyan robonganipun ngawontenaken ngibadah umroh.[1] Sasampunipun punika Lopa dados gerah amargi fisikipun kirang kiyat, ingkang pungkasanipun panjenenganipun tilar donya.[1]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- 1 2 3 4 5 6 7 8 Baharuddin Lopa Teladan Jaksa Pendekar Hukum Archived 2011-09-11 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 1 Oktober 2011)
- ↑ Baharuddin Lopa Archived 2016-03-14 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 1 Oktober 2011)
Pranala njawi
[besut | besut sumber]
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
