Wong Samin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Wong Samin iku salah siji kelompok budaya kang urip ing wewengkon Blora, Jawa Tengah lan akèh-akehané uga urip ing kabupatèn Bojonegoro.

Kelompok iki nduwé cara urip kang unik tur mbingungaké wong-wong sak jabane kelompoké. Budaya kang dijenengaké Saminisme iki pratandha perlawananing kelompok iki marang Walanda. Upamané, yèn dikongkon ning kiwa, nglakonine ing tengen. Masarakat Samin disebat uga kelompok kang lugu, lan apa anané.

Simbol identitas wong Samin bisa dideleng saka sandhangan kang dianggo lan uga basané.[1] Panganggoné wong samin padatan iku klambi lengen dawa ora nganggo krah lan wernané ireng.[1] Sing lanang nganggo iket.[1] Déné kang wadon nganggo kebaya lengen dawa, lan jarikané nganti sangisor dhengkul utawa sandhuwuré pala.[1].

Asal usulé wong Samin ya iku turunané R. Samin Surosentiko (Raden Kohar, lair 1859) asal saka Randhublatung, Blora. Wiwit taun 1890 Samin lan para pandhéréké nyebaraké ajarané wiwit saka désa Klopodhuwur, Blora, nuli sumrambah nganti tekan Balerejo (Madiun), Kajen (Pati), Tapelan (Bojonagara).

Ing taun 1907 Samin Surosentiko dicekel déning Asisten Wedana Randhublatung lan dibuwang ing njabaning pulo Jawa saéngga wafaté ing taun 1914.

Sejatiné ajaran Samin mono kalebu ajaran kebathinan kang ngandhut napas kerakyatan nanging tiba mburine ngembang dadi obahan pembangkangan marang penjajah Walanda.

Ajaran Samin (saminisme)[besut | besut sumber]

  • Ajaran Kebathinan. Miturut warga Samin ing désa Tapélan, Samin Surosentiko iku bisa nulis lan maca aksara Jawa, katilik saka anané buku paninggalan kang tinemu ing Tapelan lan désa-désa liyané. Buku tilas Samin Surosentiko kang ana ing désa Tapelan diarani Serat Jamus Kalimasada. Buku iki kapèrang dadi sawatara buku antarané Serat Uri-Uri Pambudi, ya iku buku kang isiné ngupakara budi pekerti manungsa. Ajaran Kebatinan Samin Surosentiko apunjer ing kawruh manunggaling kawula gusti utawa sangkan paraning dumadi kang diibarataké warangka manjing curiga. Kanggo nglawan Pemerentah Kolonial Walanda, Samin Surosentiko ngajak para pendhèrèké nulak mbayar pajeg, nulak ndandani dalan, nulak ronda wengi lan nulak kerja peksa/rodi. Perkara kanagaran uga ana ing Serat Pikukuh Kasajaten ajaran Samin Surosentiko, ya iku nagara bakal kawentar lan wibawa yèn bisa didadèkaké panggonan ngeyub kanggo wargané lan para warga tansah nguri-uri ngèlmu pangetahuan lan urip damai.
  • Gègèr Samin. Samin Surosentiko lair taun 1859, ing désa Ploso Kedhiren, Randhublatung, Kabupatèn Blora. Bapaké kang jenengé Raden Surowijaya nanging luwih koncar kanthi tetenger Samin Sepuh. Jeneng asliné sakbeneré Radèn Kohar, nanging tembé mburi diowahi dadi Samin, jeneng kang luwih kemrakyat. Wiwit taun 1890, Samin Surosentiko nyebaraké ajarané ana ing tlatah Klopodhuwur, Blora. Akèh warga désa saubengé kang uga kepéncut marang ajarané, saéngga ing sajeroning wektu ora suwé wis akèh warga kang dadi muridé. Wektu iku Pemerentah Kolonial Walanda durung pati ngrèwès amarga dianggep ajaran kebathinan biyasa utawa agama anyar kang ora mbebayani tumraping pemerentah kolonial. Ana ing taun 1903 Residen Rembang nglapuraké yèn ana sawatara 711 pendhèrèk Samin kang nyebar ana ing 34 désa ing Blora bagèan kidul lan Bojonegoro lagi padha nyebaraké ajaran Samin. Tekan titi wanci taun 1907 warga Samin wis tambah ngrembaka dadi limang èwunan. Pemerentah Kolonial Walanda wiwit ngrasa was-was saéngga akèh pendèrèk Samin kang dicekel lan dikunjara. Nalika tanggal 8 Novèmber 1907, Samin Surosentiko diangkat déning pendhèrèké dadi Ratu Adil, kanthi gelar Prabu Panembahan Suryangalam. Patang puluh dina sawisé pemgangkatan mau Samin Suryosentiko dicekel déning Radèn Pranolo, Asisten Wedana Randublatung. Sawisé dicekel, Samin lan 8 pendhèrèké dibuang ning njabaning Jawa nganti sak tilar donyané ing taun 1914. Kanthi dicekelé Samin tibaké ora matèni Gerakan Samin. Taun 1908, Wongsorejo, salah sawijining pendhèrèk Samin nyebaraké ajaran Samin nèng Madiun. Ning kéné warga désa diasut supaya ora mbayar pajeg marang pemerentah Kolonial. Sidané Wongsorejo lan pendhèrèké uga dicekel lan dibuwang ing njabaning pulo Jawa. Taun 1911, Surohidin, mantuné Samin Surosentiko karo Engkrak, salah sawijining pendhèrèké, nyebaraké ajaran Samin ing tlatah Grobogan; déné Karsiyah nyebaraké ajaran Samin ing tlatah Kajèn Pathi. Ana ing taun 1912 pendhèrèk ajaran Samin nyoba nyebaraké ajaran ing tlatah Jatirogo, Tuban, nanging ora kasil. Taun 1914, minangka pucuking Geger Samin, amarga Pemerentah Walanda ngunggahaké pajeg, malahan ing sawatara tlalah kaya ta ing Purwadadi, Madiun, Pathi lan Bojonegoro, wong-wong Samin wis ora ngregani para Pamong Désa lan Pulisi. Taun 1930 perlawanan Samin tumrap Pemerentah Kolonial mandheg amarga ora ana figur pemimpin kang kuwat. Saka data kang tinemu ing Serat Punjer Kawitan, disimpulaké yèn Samin Surosentiko iku sawijining Pangèran utawa bangsawan kang nyamar dadi wong cilik kanggo ngumpulaké kakuwatan rakyat supaya nglawan pemerentah Kolonial Walanda.[2]

Kawinané wong Samin[besut | besut sumber]

Sajeroning kawinan, wong Samin ngenut paham monogami kanthi istilah siji kanggo selawase.[3]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. a b c d (id)Perpustakaan Kearifan Lokal di Lingkungan Masyarakat Samin kabupatèn Blora Jawa Tengah(dipunundhuh 27 Fèbruari 2011)
  2. Sejarah Samin
  3. Buku Panduan Gelar Tradisi Komunitas Adat

Pranala njaba[besut | besut sumber]