Wikipédia:Artikel pilihan/2010 07
Tebu (basa Inggris: sugar cane), nduwèni jeneng lokal rupa-rupa antara liya Tebu, Rosan (Jawa); Tiwu (basa Sundha), Tebhu (basa Madura), Tebu, Isepan (basa Bali); Teubee (basa Aceh), Tewu (basa Nias, Florès), Atihu (Ambon); Tebu (Lampung), Tepu (Timor); yakuwi tanduran sing paédah utamané kanggo bahan baku gula. Tanduran iki mung bisa thukul ing daerah iklim tropis, utamané ing daerah tebu (Sacharum Officinarum Linn), sing dhuwuré watara 1 nganti 1300 meter saknduwuré lumahing segara. Tanduran iki klebu jenis rumput-rumputan. Ing tanah Jawa sumebar sawetara jinis tebu antara liya jinis tebu ireng Cirebon, tebu kasur, POJ 100, POJ 2364, EK 28, POJ 2878. Saben jinis tebu nduwèni ukuran dhuwur, dawané ros lan werna sing béda-béda, nanging rata-rata dhuwuré wit tebu udakara 2 meter nganti 4 meter. Umur tanduran wiwit ditandur nganti tekan bisa dipanen kurang luwih 1 tahun. Ing Indonesia tebu akêh dibudidayaaké ing pulo Jawa lan Sumatra. [1] Kanggo nggawé gula, wit tebu sing wis dipanèn diperes nganggo mesin pameres (mesin près) ing pabrik gula. Sakwisé kuwi, nira utawa banyu perasan tebu mau disaring, dimasak, lan diputihaké saéngga dadi gula pasir kaya sing kita kenal sadina-dina. Saka proses nggawé gula tebu iku mau bakal ngasilaké gula 5%, ampas tebu 90% lan sisané arupa tètès (molasse) lan banyu. Tètès sing dikasilaké saka proses penggilingan tebu mau diperlokaké minangka bahan kanggo nggawé cèt.