Urutan tata cara mantu miturut adat Jawa
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Urut-urutaning Tata Cara Mantu Miturut Adat Jawi (ꦲꦸꦫꦸꦠ꧀ꦲꦸꦫꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦶꦁꦠꦠꦕꦫꦩꦤ꧀ꦠꦸꦲꦢꦠ꧀ꦗꦮꦶ)
[besut | besut sumber]Urut-urutaning tata cara mantu menika mligi ing Jawa Tengah, Jawa Wetan, saha Daerah Istimewa Yogyakarta, dene boten saben wewengkon mesthi nindakaken sadaya lampah uruting tata cara mantu menika. Ananging gumantung kalihan kabetahan utawi kawontenaning kulawarga ingkang badhe nglampahi mantu menika. Wondene, urut-urutaning tata cara mantu ingkang limrah katindakaken inggih menika.
Lamaran
[besut | besut sumber]- Lamaran katindakaken sapisanan dening ingkang badhe bebesanan salajengipun badhe tumuju ing pawiwahan. Wondene, tempuking jodho jaman rumiyin kalihan samenika beda. Awit jaman rumiyin tiyang sepuh menika limrah njodhokaken putra tuwin putrinipun. Dene ing wekdal samenika sampun sami pitepangan langkung rumiyin kalajengaken sami prasetya badhe mangun gesang sesarengan.
- Paningset (Sanggan & Lampang Kalpika) ugi dipunsebut Tukon, menika nggadhahi ancas putra kakung ningseti putri calon temanten. Wondene, pasrah sanggan saha lambang kalpika menika salah satunggaling cara utawi sarana paningset.
Ubarampe Pasrah Sanggan saha Lambang Kalpika
[besut | besut sumber]- Kalpika ingkang awujud ali-ali bunder gilig ingkang ngewrat makna tresnanipun calon temanten tansah gilig boten wonten telasipun saking purwa duwugi wasana.
- Ageman putri sapengadeg kados ta kebayak, nyamping, kotang, kendhit lan sanesipun. Sadaya ngewrat makna bilih putra kakung badhe nyekapi kabetahaning garwa putri, nutupi sadaya wadi, ngemuli lair batosipun temah garwa boten kacingkrangan.
- Rerenggan pelik-pelik kados gelang, kalung, suweng. Maknanipun putra kakung bakal tansah ngudi soroting garwa boten tumindak ingkang badhe damel kucem.
- Jadah, wajik, jenang lan sanesipun ngewrat makna bilih calon temanten ingkang pepacangan boten wonten ingkang kuwawi misahaken kajawi oncating nyawa.
- Woh-wohan kados jeram, manggis, nanas, saha salak. Mugi tresnanipun mujudaken woh ingkang sejati inggih menika palakrama.
- Suruh Ayu Saha Gedhang Ayu. Maknanipun suruh pindha lumah lawan kurepe nadyan beda rupane nanging tunggal rasane, dene gedhang ayu menika limrahipun pisang raja ingkang ngewrat makna mugya calon temanten kadya raja ingkang tansah nggadhahi tanggel jawab.
- Cengkir gadhing ingkang ngewrat makna murih tresnanipun calon temanten kados toya ing salebeting cengkir gandhing menika tansah suci.
- Arta utawi buwuh dipunkerata dados imbuh-imbuh anggenipun badhe ewuh.
- Urip-urip kados ayam, menda, kambangan, banyak sajodho. Maknanipun supados calon temanten sageda tanggel jawab dhumateng gesang kados dene urip-urip menika.
- Pasang Tarub,
- Upacara Buwangan,
- Pasang Tuwuhan,
- Siraman,
- Sade Dhawet,
- Plangkahan,
- Midodareni,
- Panebusing Kembar Mayang,
Mantu
[besut | besut sumber]- Ijab Qobul
- Panggih utawi Dhaup
Pahargyan Ngundhuh Mantu
[besut | besut sumber]Adicara menika katindakaken wonten ing dalemipun penganten kakung sasampunipun sepasar utawi gangsal dinten cumondhok ing dalemipun penganten putri. Sasampunipun sepasar menika lajeng kaboyong dhateng dalemipun penganten kakung. Tata upacara menika langkung ringkes awit sipatipun suka parisuka, byawara dhateng tangga tepalih bilih putranipun sampun kasil mengku wanita pepujanipun.
PRATELAN WAOSAN
Pringgawidagda. Suwarna. 1998. Gita Wicara Jawi. Yogyakarta: Penerbit Kanisius.