Tréta Yuga

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Artikel punika bagean saking seri
Filsafat Hindu
Aum.svg
Ajaran Filsafat
SamkhyaYogaMimamsa
NyayaVaisisekaVedanta
Ajaran Vedanta
AdvaitaVishishtadvaita
DvaitaShuddhadvaita
DvaitadvaitaAchintya Bheda Abheda
Tokoh Filsafat Hindu
KapilaPatanjaliJaimini
GotamaKanadaRsi Vyasa
Patengahan
Adi ShankaraRamanuja
MadhvaMadhusūdana
Vedanta DesikaJayatirtha
Moderen
RamakrishnaRamana
Swami VivekanandaNarayana Guru
RamakrishnaRamana
Sri AurobindoSivananda
Caturyuga
SatyayugaTretayuga
DwaparayugaKaliyuga
Aksara Suci Agama Hindhu

Miturut ajaran agama Hindhu, Trétayuga (Sansekerta: त्रेतायुग) inggih punika jenjang jaman ingkang angka kalih wonten ing siklus Yuga. Jaman punika minangka kalanjutan saking jaman Satya yuga, jaman nalika moral manungsa taksih sampurna. Jaman Treta yuga minangka jaman saderengipun Dwaparayuga. Jaman punika kinten-kinten dangunipun kirang langkung 1.296.000 taun.[1]

Manawi dipunibarataken kados "Lembu Dharma" (simbol perkembanganing moralitas), sekawan siklus Yuga kados "lembu" ingkang jumeneng kanthi sekawan padanipun, ing pundisaeben jaman gantos, suku "lembu" inggih kirang satunggal. Jaman Satya yuga kados "lembu" ingkang jumeneng kanthi sekawan suku, manteb. Nalika masa Treta Yuga, "Lembu Dharma" jumeneng kanthi tigang suku.[2]

Nalika Jaman punika, para manungsa wiwit nindakaken dosa, tumindak ingkang awon, nista. Para penjahat wiwit kathah. Ananging sadayanipun taksih lumampah kanthi seimbang. Sedaya pawiyatan ingkang gegayutan kaliyan agama saha kerohanian taksih dipuntidakaken wonten ing pundi kemawon saha taksih caket kaliyan pagesanganipun manungsa ing masarakat.[3]

Nalika jaman punika kadadéan manéka prastawa. Prastawa ingkang kawéntar inggih punika wontenipun Awatara Déwa Wisnu ingkang angka gansal (5), kaenem (6), saha kaping pitu (7), inggih punika Awatara: Wamana, Parasurama, sarta Rama.[4]

Awatara ing jaman Treta Yuga[besut | besut sumber]

  • Wamana, (Devanagari: वामन ; Vāmana) ing agama Hindhu, ya iku awatara Wisnu kang angka lima, Sang Déwa njalma ana nalika jaman Treta yuga, minangka putrane Aditi lan Kasyapa, Brahmana. Wisnu njalma kanthi ancas mbrasta kanisthan lan mènèhi pitutur marang Raja Bali (Mahabali), ya iku Asura kang esih kaitung dadi putune Prahlada. Raja Bali wis ngrebut swarga saka Déwa Indra, saéngga déwa Wisnu njalma dadi manungsa kanggo mènèhi paukuman marang Raja Bali. Wamana awatara digambarake mawi wujud anak cilik nggawa payung. Wamana awatara iku dadi panjalmaning déwa Wisnu kang njalma dadi manungsa lengkap, déné wujudé cilik. Wamana kala mangsa uga disebut Upendra[5]
  • Parasurama, (Dewanagari|Sansekerta: परशुरामभार्गव; Parashurāma Bhārgava) utawi wonten ing Indonesia kala mangsa diarani Ramaparasu, inggih punika namanipun paraga Ciranjiwin (abadi) wonten ing ajaran agama Hindhu. Asma Parashurama tegesipun "Rama kanthi senjata pethèl". Asma sanèsipun inggih punika Bhagarwa (Keturunan Maharesi Bregu). Parasurama kawentar manawi awatara Wisnu ingkang kaping enem saha gesang wonten ing jaman Treta Yuga. wonten ing jaman punika kathah para kaum satriya ingkang sami prang tandhing satunggal baka satunggal kaliyan satriya sanèsipun saéngga damel risak kantentremaning donya. Wisnu minangka déwa ingkang njagi alam, njalma kanthi wujud Brahmana ingkang nggegirisi, inggih punika Rama putra Jamadagni, kanthi ancas mbrasta para satriya.[6]
  • Rama, ugi saged ingaran Prabu Ramawijaya inggih punika ratu ing Pancawati. Prabu Ramawijaya putranipun Prabu Dasarata ing Ayodya saking garwa Dèwi Reghu inggih Sukasalya. Prabu Ramawijaya punika tokoh utamanipun Ramayana, salah satunggaling wiracarita saking tanah India ingkang misuwur ing tanah Jawa.[7]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ [1](dipunundhuh tanggal 12 November 2012)
  2. ^ [2](dipunundhuh tanggal 12 November 2012)
  3. ^ [3](dipunundhuh tanggal 12 November 2012)
  4. ^ [4](dipunundhuh tanggal 12 November 2012)
  5. ^ [5](dipunundhuh tanggal 15 November 2012)
  6. ^ [6](dipunundhuh tanggal 15 November 2012)
  7. ^ Dharam Vir Singh (Alih Basa Déning I. G. A. Dewi Paramitha, S. S. (2006). Hinduisme Sebuah PengantarISBN 978-979-722-399-1. Surabaya: Penerbit Paramita.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cithakan:Topik Hindhu