Menyang kontèn

Timbul Suhardi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Timbul Suhardi
LairTimbul Suhardi
Jeneng liyaTimbul Srimulat
Taun aktif1979-2009
BojoSukarti
AnakKadar Sumarsono
Teguh Sunardi
Bingah
Ovi
Widi Haryati
Oki Nugroho Mulat
Wong tuwaDjumadi lan Suhardi

Timbul Suhardi (lair ing Magelang, Jawa Tengah, 28 Dhésèmber 1942  pati ing Jakarta, 26 Maret 2009 ing umur 66 taun.[1], iku salah sijiné pelawak sénior kang nggabung ing grup lawak Srimulat.[1] Saliyané nglawak ing Srimulat, Timbul Suhardi uga nglawak ing kasenian tradhisional kethoprak.[2] Saliyané iku, Timbul uga akting ing sinétron-sinétron.[2] Pelawak kang akrab diundang kanthi jeneng Timbul iki uga tau akting ing filem layar amba nasional.[2]

Timbul lair saka kulawarga seniman tradhisional.[2] Wong tuwané Timbul ya iku Djumadi lan Suhardi iku pamimpin kethoprak wayang wong “Margo Utomo”, kethoprak keliling tlatah.[2] Sawisé diwasa Timbul nutugaké pagawéyané wong tuwané.[2] Timbul nggabung ing salah sijiné grup kethoprak kanggo sinau lan ngangsu kawruh.[2] Timbul uga bisa main wayang wong lan dadi sutradara kethoprak.[2] Timbul nggabung ing Srimulat nalika taun 1986, amarga honor kang ditampa ora cukup kanggo nyukupi kabutuhan.[2] Nalika patengahan taun 1998, bareng karo mantan anggota grup pelawak Srimulat, Timbul nggawé Yayasan Paguyuban Kasenian Samiaji.[2] Yayasan iki duwé anggota kang cacahé 80 wong.[2] Salah siji asil karya saka yayasan iki ya iku Kethoprak Humor.[2]

Timbul palakrama karo Sukarti.[2] Saka bebrayané iki, Timbul nduwé anak kang cacahé enem ya iku Kadar Sumarsono, Teguh Sunardi, Bingah, Ovi, Widi Haryati, lan Oki Nugroho Mulat.[2]

Nalika tanggal 26 Maret 2009, Timbul séda amarga komplikasi lelara stroke, vertigo lan diabetes.[2] Timbul séda nalika umur 66 taun.[2]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 srimulat.org Archived 2011-09-03 at the Wayback Machine.(diundhuh tanggal 9 September 2011)
  2. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 {{id}m.kapanlagi.com[pranala mati permanèn](diundhuh tanggal 9 September 2011)