Tembung èntar

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Tembung Entar)
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Tembung Éntar yaiku tembung loro utawa luwih sing digabung dadi siji lan tegesé dadi béda saka asal-usulé. Tembung éntar tegesé ora kaya teges saluguné (kata kiasan) utawa tembung kang ora kena ditegesi sawantahé baé. Ing basa Indonesia diwastani tembung silihan (kiasan), ing basa walanda diwastani Figuurlijke betekenis.

Tuladha tembung éntar:

A[sunting | Owah sumber]

  • Abang kupingé tegesé nesu
  • Abang-abang lambé tegesé Ora tenanan/ lamis
  • Abang rainé tegesé nandhang isin
  • Abot sanggané tegesé rekasa
  • Adol ayu tegesé pamèr ayu
  • Adol kringet tegesé nyambut gawé abot banget
  • Amba jangkahé tegesé akeh usahané
  • Ala jenengé tegesé Ora bisa dipercaya
  • Ati kethul tegesé ora bisa ngrasa
  • Atiné momot tegesé sabar banget

B[sunting | Owah sumber]

  • Mbalang liring tegesé nglirik
  • Bening ati tegesé sumèh
  • Buwang tilas tegesé nutupi tumindak ala
  • Bau tengen tegesé wong sing dipercaya

C[sunting | Owah sumber]

  • Cagak urip tegesé kanggo nyukupi kabutuhan urip
  • Cangkemé gatel tegesé seneng ngrasani
  • Cangkem turah tegesé kakèhan ngomong sing pra perlu
  • Cendhak umuré tegesé gelis mati
  • Cepak jatukramané tegesé cepet oleh jodho
  • Cupet atiné tegesé gampang nesu
  • Cupet pangandel tegesé ora percaya

D[sunting | Owah sumber]

Dawa tangané, tegesé clemer, seneng nyolong.

  • Dawa ususe tegesé sabar
  • Ndhedher kautaman tegesé nandur kabecikan
  • Dhuwur atiné tegesé gumedhe

E[sunting | Owah sumber]

  • Empuk rembugé tegesé kepénak omongané
  • Entek atiné tegesé kuwatir banget
  • Èntheng tangané tegesé seneng milara

F[sunting | Owah sumber]

G[sunting | Owah sumber]

  • Gantung kepuh tegesé nyandhang ora ganti-ganti
  • Gantung untu tegesé selak arep mangan
  • Gedhé atiné tegesé teguh, tatag
  • Gilik rembugé tegesé padha sarujuk
  • Gilud kawruh tegesé mempeng sinau

H[sunting | Owah sumber]

I[sunting | Owah sumber]

  • Idu geni tegesé omongané mesthi kelakon
  • Ijo matané tegesé seneng dhuwit
  • Ilang klilipé tegesé ilang mungsuhé

J[sunting | Owah sumber]

  • Jembar kawruhé tegesé pinter
  • Jembar kuburé tegesé mlebu suwarga
  • Jembar segarané, tegesé seneng ngapura kasalahané liyan

K[sunting | Owah sumber]

  • Kakéhan tangan tegesé kakéhan sing tandang gawé
  • Kaku atiné tegesé gampang nesu
  • Kandel kupingé tegesé ora nggugu pitutur
  • Kuat isin tegesé ora tau isin

L[sunting | Owah sumber]

  • Landhep bahuké tegesé lantip, pinter, wasis
  • Lara owah tegesé édan
  • Lunyu ilaté tegesé méncla-ménclé

M[sunting | Owah sumber]

  • Mata yuyu tegesé gampang nangis
  • Matèni pangan tegesé gawé ilang rejekiné wong liya
  • Métani luput tegesé nggolèki luputé
  • Mlaku nengen tegesé tumindak bener lan jujur
  • Mlaku ngiwa tegesé tumindak culika, tumindak ala utawa nasingsir saka paugeran

N[sunting | Owah sumber]

  • Ngangsu kawruh tegesé meguru
  • Ngemut driji tegesé ora oleh apa-apa
  • Ngilani dhadha tegesé nantan

O[sunting | Owah sumber]

P[sunting | Owah sumber]

  • Padhang jagaté tegesé katon tentrem
  • Padhang ulaté tegesé sumèh
  • Peteng atiné tegesé kuciwa, serik
  • Puput yuswa tegesé séda

R[sunting | Owah sumber]

  • Rai gedhèg tegesé ora duwé isin
  • Rengga praja tegesé njaga pribadi
  • Rupak segarané tegesé ora gampang ngapura

S[sunting | Owah sumber]

  • Sabuk gelang tegesé sugih sawah
  • Sumpek atiné tegesé susah banget

T[sunting | Owah sumber]

  • Tanpa tilas tegesé ora oléh gawé
  • Tipis lambéné tegesé seneng rerasan

U[sunting | Owah sumber]

  • Utang pati tegesé gawé patiné liyan

W[sunting | Owah sumber]

  • Wedi getih tegesé jirih
  • Weteng karèt tegesé akèh mangané


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Tembung_èntar&oldid=932640"