Tari Srimpi

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Jujug: pandhu arah, pados
COLLECTIE TROPENMUSEUM Danseressen aan het hof van de Sultan van Jogjakarta TMnr 60046818

Srimpi inggih punika babagan ingkang dados sebatanipun tiyang èstri ingkang mbeksa wonten ing Kraton Ngayogyakarta. Semanten ugi kaliyan bedhaya saha dados sebutan kagem tiyang èstri ingkang mbeksa wonten ing Kraton Ngayogyakarta.[1]. Miturut RM. Wisnu Wandhana, srimpi inggih punika beksan putri ingkang dipunbeksaaken déning sekawan putri, minangka pralambang saking grama, angin, toya, kaliyan bumi.[2] Miturut Baoesastra Djawa, srimpi ateges lelangen beksa, ingkang mbeksa tiyang èstri cacahipun sekawan, amargi simpi punika nggadahi ateges dasanama saking wanda sekawan.[3]. Kejawi bedhaya, srimpi inggih dados beksa ingkang dipuntarekaken wonten ing istana, saha dados lelangen beksa klasik ingkang dipun ngleluri amargi beksan punika kalebet beksan pusaka kraton. Beksan srimpi punika nggadhahi cariyos ingkang sami kaliyan beksan Bedhaya Sanga, ingkang nyariyosaken babagan akal kalian nepsu tiyang manungsa ingkang perang. Wonten ing sanesipun, Kadipaten Pakualaman nyariosaken menawi beksan srimpi punika beksan ingkang dipun pentasaken wonten ing adicara sepekenan utawi gangsal dinten bibar adicara pawewahan ageng boyongan putri Pakualam dhateng Pakualaman. Beksan srimpi punika dipun pentasaken kagem adicara mangayubagya resepsi kados tradisi Kasunanan Surakarta.[4].

Mula-bukanipun Beksan Srimpi[sunting | besut sumber]

Tari srimpi kanggo mangayubagya pèngetan dina wiyosan Pakubuwoono X (Foto kolèksi Troopenmuseum)

Srimpi miturut saking Kasultanan Ngayogyakarta inggih punika lelangen beksan klasik ingkang dipun beksakaken kalian tiyang èstri cacahipun sekawan, amargi beksan srimpi punika nggadhahi ateges wanda sekawan. Miturut saking Dr. Priyono, beksan srimpi punika dhumateng saking tembung impi. Tembung "impi" punika amargi para pamirsa ingkang mirsani beksan srimpi, ingkang dangunipun dumugi setunggal jam, kados dipun beta dhateng donya impi, amargi sadaya pambeksanipun langkung alus. Miturut Kangjeng Brongtodiningrat, srimpi punika pralambang saking sekawan unsur mata angin, kados grama, toya, angin, saha bumi. Wonten ing Kasultanan Ngayogyakarta, beksan srimpi punika sami sepuh kaliyan beksan bedhaya saha dipun dadosaken beksan pusaka kraton ingkang adhiluhung. Beksan Srimpi punika cariyosipun kapendhet saking cariyos Bedhaya Sanga. Wonten ing sanèsipun, Srimpi nggadhahi carios babagan ingkang dados pralambang grama, angin, toya, saha bumi. Para pambeksa srimpi awujudaken batak, gulu, dhada, saha buncit.[5].

Miturut kalian Dr. Priyono, Srimpi ingkang dipun beksa nalika semanten dipun wiwiti wonten ing pamaréntahanipun Sultan Agung antawis 1613-1646. Beksan Srimpi punika namung dipun péntasaken wonten ing dalem Kraton kagem ritual kanagaran dumugi jumenengan Sultan. Wonten ing taun 1755, Kraton punika pecah dados kalih inggih punika kraton Kasultanan Ngayogyakarta kalian kraton Kasunanan Surakarta, amargi inti saha cariyos beksan srimpi punika taksih sami. Wonten ing Kasultanan Ngayogyakarta, beksan srimpi kagolongaken dumados Serimpi Babul Layar, Serimpi Dhempel, Serimpi Genjung, benten wonten ing Kasunanan Surakarta ingkang anggolongaken beksan srimpi dumados Serimpi Anglir Mendung kalian Serimpi Bondan. Sajatosipun, beksan Srimpi punika sampun dangu dipun pentasaken wonten ing Kraton, amargi beksan punika saweg dipun mangertosi kalian masyarakat taun 1970-an.[5].

Miturut R.M. Wisnu Wardhana perang ingkang dipun cariyosaken wonten ing beksan Srimpi inggih punika falsafah gesang piyantun Jawi. Cariyos beksan Srimpi kados kabecikan kalian kabatilan ingkan boten saged bibar. Perang wonten ing beksan Srimpi punika langkung ketingal amargi sadaya pambeksa Srimpi ingkang nyariyosaken prajurit kalih sami tarung kalian prajurit sanesipun ngagem keris alit utawi cundrik, jemparing, jebeng, utawi pistol. Wonten ingkang kaping sepindah, sadaya penari ingkang mbeksa srimpi ngagem rasukan kados temanten Jawi, inggih punika dodot kalian gelung bokor mengkurep. Sapunika, rasukanipun para pambeksa beksan Srimpi langkung nuweni ewah-ewahan, inggih punika ngagem jarik parang rusak kalian sered kiwa, saha rasukan ingkan boten mawi lengen.[5]

Beksan Srimpi[sunting | besut sumber]

Beksan Srimpi Jemparing wonten ing Pentas Ambal Warsa Yayasan Pamulang Beksa Sasmita Mardhawa,lakon Suci Sang Pinudya (Ndalem Pudjokusuman)

Srimpi miturut saking Paku Alaman, nggadhahi jinis ingkang kathah, amargi srimpi punika beksan ingkang dados beksan induk kados bedhaya. Wonten ing pèriode Paku Alam ingkang kaping setunggal dumugi Paku Alam ingkang kaping sanga,[4] beksan srimpi ingkang remen dipun pentasaken inggih punika:

Srimpi Gandrung Winangun[sunting | besut sumber]

Srimpi Gandrung Winangun inggih punika beksan srimpi ingkang taksih nggadhahi kiblat saking beksan Srimpi ing umum ipun. Beksan Srimpi Gandrung Winangun dipun beksakaken kalian putri ingkang cacahipun sekawan, saha dipun iringi kalian gendhing ingkang namanipun Gandrung Winangun. Beksan Srimpi Winangun sejatosipun beksan ingkang dados tradisi saking Kasultanan Ngayogyakarta ingkang dipun terasaken kalian Kadipatèn Pakualaman[4]

Srimpi Ela-ela[sunting | besut sumber]

Beksan Srimpi Ela-ela sejatosipun sami kalian srimpi sanesipun. Beksan Srimpi Ela-ela dipun beksaaken kalian putri ingkang cacahipun sekawan, saha dipun iringi kalian gendhing Ela-ela. Beksan Srimpi Ela-ela punika sejatosipun beksan tradisi saking Kasultanan Ngayogyakarta ingkang dipun terasaken kalian Kadipatèn Pakualaman.[4]

Srimpi Nadheg Putri[sunting | besut sumber]

Beksan Srimpi Nadheg Putri inggih punika beksan ingkang kasebat wonten ing naskah Langen Wibawa, wonten ing Pamarintahan ipun K.G.P.A.A. Paku Alam IV. Naskah ingkang kaserat kalian basa Jawi, miturut data kodikologis dipun serat kalian sekawan panyerat. Ingkang nyerat kaping sepindah wonten ing taun 1866, inggih punika wonten ing wekdal Paku Alam IV jumeneng (taun 1864 dumugi 1878). Ingkang nyerat kaping kalih dumugi kaping sekawan boten nyerat tarikh utawi wekdal, amargi taksih nyebataken raja ingkang jumeneng, inggih punika Haryo Prabu Suryadilaga utawi Paku Alam V, ingkang jumeneng taun 1878 dumugi 1900. Wonten ing lebet ipun naskah Langen Wibawa, wonten kathah wedhana renggan]] utawi tulisan ingkang dipun sukani gambar-gambar ingkang nyariosaken babagan seni tari. Salah satunggalipun wedhana renggan nyariosaken 8 tiyang ingkang saweg beksa, ingkang dipun ubet maneka warna kewan saha tanduran. Beksan ingkang dipun ceriosaken inggih punika beksan Srimpi Nadheg.[4]

Srimpi Mangunkung[sunting | besut sumber]

Beksan Srimpi Mangunkung dipun kinten beksan srimpi ingkang sampun ical, amargi sadaya sumber saha maneka warna naskah ingkang nyariosaken babagan beksan punika boten wonten. Beksan Srimpi Mangunkung dipun kinten kairing kalian gending Mangunkung.[4]

Srimpi Sangupati[sunting | besut sumber]

Srimpi Sangupati inggih punika beksan ingkang sampun dados beksan tradisi saking Pura Pakualaman. Beksan punika nggadahi sumber saking tradisi beksan Kasunanan Surakarta. Srimpi Sangupati dipun pentasaken kalian putri ingkang cacahipun sekawan kagem atur raos kinurmatan dumateng sadaya ksatriya ingkang sampun nggadhahi raos kendhel merangi walandi. Beksan Srimpi Sangupati dipun ciptaaken kalian I.S.K.S. Paku Bawana X, saha dipun paringaken dumateng wayah ipun K.G.P.A.A. Paku Alam VIII dumados hadiah. Beksan Srimpi Sangupati dumugi sapunika dipun leluri kalian Pura Pakualaman.[4]

Srimpi Lagu Dhempel[sunting | besut sumber]

Beksan Srimpi Lagu Dhempel utawi Srimpi Dhempel inggih punika beksan ingkang dados tradisi saking Pura Pakualaman, saha nggadhahi yuswa ingkang sami kalian Srimpi Gambirsawit. Beksan Srimpi Lagu Dhempel dipun pentasaken kalian putri ingkang cacahipun sekawan. Miturut kalian cariyos ipun beksan srimpi sanesipun, sadaya srimpi dipun beksaaken kanthi pasangan saha ungkur-ungkuran, amargi beksan punika boten nyariosaken ingkang menang utawi nggejejer saha ingkang kalah utawi seleh.[4]

Srimpi Gambir Sawit[sunting | besut sumber]

Beksan Srimpi Gambir Sawit inggih punika beksan srimpi ingkang dados tradisi saking Surakarta. Beksan punika nyariosaken perang antawis babagan ingkang sae saha ingkang kirang sae, ingkang leres saha ingkang luput. Sedaya putri ingkang beksa Srimpi Gambir Sawit ngginakaken keris saha dhadhap.[4]

Srimpi Sukarsih[sunting | besut sumber]

Kados Srimpi Gambir Sawit, Beksan Srimpi Sukarsih inggih punika beksan ingkang dados tadisi saking Kasunanan Surakarta, saha dipun leluri kalian Pura Pakualaman. Putri ingkang beksa Srimpi Sukarsih punika cacahipun sekawan saha ngginakaken pistol.[4]

Srimpi Anglirmendhung[sunting | besut sumber]

Kados beksan Srimpi Gambir Sawit saha beksan Srimpi Sukarsih, beksan Srimpi Anglirmendhung inggih punika beksan srimpi ingkang dados tradisi saking Surakarta. Amargi ingkang dados kabèntenan saking beksan Srimpi Anglirmendhung,inggih punika sadaya putri ingkang beksa boten ngagem keris utawi pistol, langkung ngagem sampur.[4]

Srimpi Ludira Madu[sunting | besut sumber]

Beksan Srimpi Ludira Madu inggih punika beksan srimpi ingkang kados srimpi sanèsipun. Wonten ing kaping pisan, beksan Srimpi Ludira Madu nggadhahi asma Srimpi Ludira Madura, ingkang ateges trah katurunan Madura. Trah Madura ingkang kasebat inggih punika Sinuhun Paku Buwono V.[6] Sajatosipun beksan Srimpi Ludira Madu punika kacipta kaliyan Sinuhun Paku Buwono V ingkang dados putra mahkota Kasunanan Surakarta, ingkang misuwur kanthi gelar Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom. Sanesipun cariyos ingkang dados mula bukanipun beksan Srimpi Ludira Madu inggih punika cariyos kagem mengeti Ibu saking trah keturunan Madura, inggih punika putri Adupati Cakraningrat saking Pamekasan. Wonten ing beksan punika, kacariyosaken ibu ingkang bijaksana. Sedaya cariyos punika kasebat wonten ing kandha saha gendhing ipun ingkang ngiringi.[7].

Cathetan suku[sunting | besut sumber]

  1. ^ (id)Anton M. Moeliono via Soedarsono, dkk. 2000. Misteri Serimpi. Yayasan Untuk Indonesia
  2. ^ (id)RM Wisnu Wardhana.1981. Macam-macam Tari Tunggal, Beksan, dan Tarian Sakral Gaya Yogyakarta dalam Mengenal Tari Klasik Gaya Yogyakarta. Percetakan Ofset Liberty
  3. ^ (jv)Poerwadarminta.1939.Baoesastra Djawa. J. B. Wolters Uitgevers Maatschappij
  4. ^ a b c d e f g h i j k (id)Nyi M.T. Probomatoyo. 2011. "Warnasari Sistem Budaya Kadipaten Pakualaman". Trah Pakualaman Hudyana
  5. ^ a b c (id)Sejarah Srimpi(dipun undhuh tanggal 19 Juli 2012)
  6. ^ (id)Srimpi Ludira Madu(dipun undhuh tanggal 25 Juli 2012)
  7. ^ (id)Sejarah Srimpi(dipun undhuh tanggal 25 Juli 2012)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Tari_Srimpi&oldid=1014036"