Taman Sari Yogyakarta

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Taman Sari
Jogjakarta, January 2007.jpg
Padusan Taman Sari
Tetélan pokok
Cakrik yasan Jawa, Padusan
Kutha Jl. Ngasem, Yogyakarta
Nagara Indonésia
Koordhinat 7°48′37″S 110°21′32″E / 7.810151°S 110.358946°E / -7.810151; 110.358946Koordhinat: 7°48′37″S 110°21′32″E / 7.810151°S 110.358946°E / -7.810151; 110.358946
Diyasa kawit 1758
Rampung 1765/9
Klièn Hamengkubuwana I
Rancangan lan yasan
Arsitèk Tumenggung Mangundipura,[1] Demang Tegis (ing carita)

Taman Sari iku tilas padusan kang dumunung ing kuloné Karaton Ngayogyakarta. Duk nguni, padusan iki minangka patirahané putri-putri karaton. Taman Sari diyasa ing jaman pamaréntahané Hamengkubuwana I lan dirampungaké ing jaman pamaréntahané Hamengkubuwana II. Ing jaman pamaréntahané Panembahan Senapati, Taman Sari ingaran Umbul Pacethokan. Umbul iki kaloka saka iliné banyuné kang banter tur resik.[2]

Yasan kang diyasa sawisé Prajanjian Giyanti (1755) iki, pamrihé minangka yasan patirahan. Sanajan mangkono, Taman Sari uga minangka bètèng kang ana langgaré, kapernah ing ngisor yasan Sumur Gumuling.[2]

Jeneng Taman Sari dijupuk saka tembung "taman" kang tegesé pakebonan kang ditanduri kembang-kembangan lan "sari" kang tegesé (1) asri utawa (2) kembang.

Taman Sari sajatiné duwé 36 pérangan kang séjé-séjé pigunané. Nanging, pérangan-pérangan mau wis akèh kang rusak dalah katutup yasan-yasan anyar lan omah-omah warga.[3]

Yasa[besut | besut sumber]

Ngenani yasané Taman Sari, ana carita warna loro kang kacathet.

Carita Demang Tegis[besut | besut sumber]

Dicaritakaké manawa ing Mancingan (sawijining laladan ing Yogyakarta) ana wong kang ora kaweruhan asalé. Masarakat ing laladan kono ngarani yèn wong iku sabangsa jin utawa makluk saka alas amarga wong mau ngendikan ing basa kang ora dingertèni. Wong mau banjur digawa marang Sultan Hamengkubuwana II. Sultan pranyata ngersani yèn wong mau dadi abdiné. Saya suwé wong mau saya lanyah cara Jawa, banjur nyaritakaké yèn dhèwèké asalé saka Portugis. Wong Portugis mau banjur diangkat dadi abdi kang mandhégani yeyasa (sairib arsitèk). Sultan Hamengkubuwana II banjur ndhawuhi wong Portugis mau yasa bètèng. Ora dinuga, Sultan Hamengkubuwana II ngrenani yasané. Wong Portugis mau banjur diwènèhi kalungguhan dadi demang, kang banjur kondhang ajejuluk Demang Portugis utawa Demang Tegis.

Yasan Taman Sari ingaran-sebut acakrik Éropah, mula dinuga diyasa déning wong Éropah, mligi wong Portugis.[butuh sitiran]

Carita Radèn Rangga Prawirasentika[besut | besut sumber]

Kacarita ing jamané bupati Madiun nama Radèn Rangga Prawirasentika, dhèwèké akèh jasané marang Sultan Hamengkubuwana I. Dhèwèké nyuwun supaya dibébasaké saka kuwajiban mbayar pajeg laladan. Kanggo ngabulaké suwunané iku, Sultan ana sesuwunan yèn bupati Madiun iku ngganepi rerenggan lan kamulyaning Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat.

Déning Sultan Hamengkubuwana I, bupati Madiun iku banjur kapatah nggawé gamelan sekatèn minangka geganepé gamelan sekatèn saka Surakarta. Kawitané, gamelan mau cacahé sapasang, nanging amarga palihan nagari ing 1755, gamelan mau diparo. Siji kanggo Kasultanan Yogyakarta lan sijiné kanggo Kasunanan Surakarta. Saliyané iku, Sultan Hamengkubuwana I uga ndhawuhi bupati Madiun mau saperlu nggawé jempana minangka tetumpakané putriné sultan.

Ing taun 1684, Radèn Rangga Prawirasentika didhawuhi nggawé bata lan geganepé kanggo yasa taman kang éndah minangka patirahané sultan, amarga kala samana tembé bubar nindakaké perang kang dawa. Dhawuhé sultan ditandhani sengkalan memet kang uniné Catur Naga Rasa Tunggal (1684). Yasané taman iku dipanggedhèni Radèn Tumenggung Mangundipura lan diawasi déning K.P.H. Natakusuma. Yasané patirahan lan urung-urung, kondhang ajejuluk guwa siluman, menyang karaton ditindakaké ing taun 1687 lan ditandhani candra sangkala Pujining Brahmana Ngobahaké Pajungutan (1687).

Yasané gapura lan pageré rampung ing taun 1691 kang mratandhani rampungé yasané Taman Sari. Yeyasan iku rinenggan sengkalan memet awujud wit-witan lan kembang-kembangan kang lagi dicecep maduné déning memanukan kang uniné Lajering Kembang Sinesep Peksi (1691).

Ing carita liyané, kacarita yèn Radèn Rangga Prawirasentika ora bisa ngrampungaké yasané patirahan taman sari. Mula, dhèwèké nyuwun yasané dirampungaké K.P.H Natakusuma.[2]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ Brongtodiningrat, K. P. H. (1978). Arti Kraton Yogyakarta / olèh K. P. H. Brongtodiningrat ; diterjemahkan kanthi bébas dalam bahasa Indonésia olèh R. Murdani Hadiatmaja (ing basa Indonesian). Yogyakarta: Museum Kraton Yogyakarta. k. 7. Dijupuk April 6, 2010. 
  2. ^ a b c ISTANA AIR TAMANSARI
  3. ^ Taman Sari Istana Air Tempo Dulu di Yogyakarta