Sulistyo Tirtokusumo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Sulistyo Tirtokusumo (lair ing Kutha Surakarta, Jawa Tengah, 6 Juli 1953; umur 70 taun) inggih punika salah satunggalipun seniman saking Indonesia. Namanipun sampun misuwur lumantar pakaryanipun minangka pranata beksa (koréografi) ingkang dipunpitontonaken wonten sawenèh panggung, saé wonten Indonesia, ugi wonten manca nagari. Piyambakipun ugi salah satunggalipun juru beksa Pura Negara. Sulistyo Tirtokusumo dipunpracaya nglenggahi minangka Direktur Jenderal Kebudayaan, Kementrian Kebudayaan Republik Indonesia. [1] [2][3][4][5][6]

Latar wingking[besut | besut sumber]

Sulistyo Tirtokusumo lair ing Kutha Surakarta, Jawa Tengah, tanggal 6 Juli 1953. Awit taksih nèm sampun raket dhumateng jagat seni, mliginipun beksan, kanthi ngangsu kawruh dhumateng mpu beksan, R.M. Wignyohambegso lan mlebet wonten Pawiyatan Kabudayan Karaton Surakarta (1966-1971). Nalika yuswanipun nembelas taun, piyambakipun kapilih dados juru beksa wonten Sendratari Ramayana lan kacawisaken maragani minangka Rama, Sendratari Ramayana Prambanan ingkang dipunkintunaken wonten Festival International Ramayana ing Pandaan, Jawa Timur (1971). Awit saking punika, piyambakipun dados paraga Rama saben dipunwontenaken Sendratari Ramayana. Sulistyo ugi pikantuk kapracayan beksa wonten ing Pura Negara, Taman Mini Indonesia Indah, lan sanèsipun. Piyambakipun sinau beksan Bedhaya lan Srimpi saking R.Ay. Laksmintorukmi, Nyi Bei Pamarditoyo lan R. Ngaliman Tjondropangrawit. Taun 1971, Sulistyo ngalih wonten Jakarta lan mlebet wonten kelompok Padnecwara minangka pambiyantu pranata beksa ingkang dipunwengku déning Retno Maruti. Kajawi kaliyan Retno Maruti, Sulistyo ugi asring mbiyantu pagelaran beksan anggitanipun Sardono W. Kusumo, Sal Murgiyanto, lan Wiwiek Sipala. Taun 1973, Sulistyo wiwit ngripto beksan antawisipun; beksan ‘Catur Sagotro’ (1973), beksan ‘Yudhasmoro’ (1973), beksan ‘Bedaya Ratnaningprang’ (1974), drama beksan ‘Bisma Gugur’ (1975), drama beksan ‘Aryo Jipang’ (1979), beksan ‘Kirono Ratih’ (1981), beksan ‘Diam’ (1987), beksan ‘Bedaya Suryo Sumirat’ (1990), beksan kontemporer ‘Panji Sepuh’ (1993), beksan ‘Puspito Retno’ (1998), beksan kontemporer ‘Nyai Sembako’ (1999), lan beksan ‘Krisis’ (1999). Awit saking kaprigelanipun mbeksa lan ngripta beksan, nglantaraken piyambakipun saget nggelar pakaryan wonten manca nagari antawisipun Moomba Festival, Australia (1975), International Ramayana Festival Bangkok, Thailand (1991), Cervantino Festival, Juanajuato, Meksiko (1992), Korean International Dance Event, Seoul, Koréa Kidul (1995), International Ramayana Festival, Angkor, Kamboja (1996), lan Indonesian-Japan Friendship Festival, Jepang (1997). Kajawi minangka juru beksa lan ngripta beksan, piyambakipun naté kadhapuk dados sekretaris pribadi Duta Besar Indonesia ing Vatikan, punggawa nagari sipil wonten Departemen Pariwisata, Pos dan Telekomunikasi, Direktur Jenderal Kepercayaan Terhadap Tuhan Yang Maha Esa awit Agustus 2006, lan Direktur Kebudayaan Kementerian Kebudayaan Republik Indonesia.

Pakaryan[besut | besut sumber]

  • Jogèd Catur Sagotro (1973)
  • Jogèd Yudhasmoro (1973)
  • Jogèd Bedaya Ratnaningprang (1974)
  • Drama Jogèd Bisma Gugur (1975)
  • Drama Jogèd Aryo Jipang (1979)
  • Jogèd Kirono Ratih (1981)
  • Jogèd Diam (1987)
  • Jogèd Bedaya Suryo Sumirat (1990)
  • Jogèd Kontemporer Panji Sepuh (1993)
  • Jogèd Puspito Retno (1998)
  • Jogèd Kontemporer Nyai Sembako (1999)
  • Jogèd Krisis (1999)
  • Kidung Dandaka (2016)

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Situs resmi Taman Ismail Marzuki Archived 2015-04-02 at the Wayback Machine., kapundhut 31 Maret 2015
  2. Yayasan Kelola Archived 2016-11-08 at the Wayback Machine., kapundhut 31 Maret 2015
  3. Penutupan hari tari sedunia Archived 2015-04-02 at the Wayback Machine., kapundhut 31 Maret 2015
  4. Unggulan film berkarakter keindonesiaan, kapundhut 31 Maret 2015
  5. Situs resmi Pemprov Kepulauan Riau, kapundhut 31 Maret 2015
  6. FFTV IKJ Archived 2015-04-02 at the Wayback Machine., kapundhut 31 Maret 2015