Retno Maruti

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Theodora Retno Maruti ya iku maestro jogèd Jawa Klasik kang misuwur saka Surakarta. Retno Maruti  lair 8 Maret 1947 (umur 72 taun) ing Baluwarti, Sala, Jawa Tengah.[1] Retno kang kerep diceluk Mbak Utik iki ngrembakakaké lan nguri-uri beksan Jawa sanadyan dhèwèké naté uga sinau joged  kontèmporèr. Retno Maruti kang dadi Dosén Fakultas Seni Pertunjukan ing Institut Kesenian Jakarta (IKJ) wus mbabaraké akeh juru kagungan lan pambeksan klasik mudha.

Kauripan[besut | besut sumber]

Lair saka pasangan Susiloatmojo karo Siti Maryam, Retno dadi putri kaloro saka pitu sedulur.  Bapake ya iku juru beksan, mulang pedhalangan, juru kagungan kriya uga kagungan ukir. Ibune ya iku juru mbatik lan juru rias ledhèk ing dharah keraton. Sanajan bapaké dadi dhalang wayang lan Ibuné dadi juru rias, dhèwèké panggah ngangsu kawruh saka para empu keraton kayata empu beksan lan empu karawitan lan para pandé keraton kaya déné juru gawé busana lan blangkon. Retno ga nyinaoni beksan saka dhaerah liya kayata Bali, Sunda, Sumatera, Kalimantan lan Sulawesi.

Retno kerep diceluk Limbuk miwiti gladhén beksan saka umur 4 taun. Banjur ing umur 5 taun dhèwèké dilebokaké ing pakempalan seni Baluwarti dening bapaké. Ana kéné ora mung beksan Jawa kang disinaoni, ananging uga sinau gamelan, tembang macapat, lan suluk. Retno nyinaoni babagan kagungan mau marang RT Koesoemoekesowo, Ray Laksminto Rukmi, Ray Sukorini lan Basuki Kuswarogo. Guru tembangé ya iku Bei Mardusari lan Sutarman. Sakwisé iku dhèwèké sekolah ing SD Pamardi Putri Solo kang manggon ing jero Keraton.

Nalika lungguh ing bangku SMP Negeri VI Solo, Retno miwiti péntas sepisanan ana pagelaran Sendratari Ramayana. Dhèwèké  dadi pambeksan Kijang Kencana kang mapan ing panggung Candhi Prambanan  nalika taun 1961-1969. Banjur ing taun 1965 Retno Maruti mbeksan ana ing Keraton Kasunanan Surakarta kanthi beksan Bedhaya Ketawang kanggo nyambut Sarwo Edie kang wanci iku dadi dhayoh Sri Susuhunan Pakubuwono XII. Sakwisé Retno namataké sekolah ing SMEA 1 Surakarta, dhèwèké nutugaké ing Akademi Administrasi Negara sinambi kerja ing Batik Danar Hadi. Ora mung kuwi, Retno uga kursus rambut ing Rudy Hadisuwarno lan kursus make up Martha Tilaar.

Taun 1970 Retno duwé bojo Arcadius Sentot Sudiharto, kancané sing wis tepang awit cilik kang sapadha dadi pambeksan. Kaloroné rabi ing pavilion Filipina, Expo Osaka, Jepang. Sakwise iku mulih ing Indonésia lan bebrayan ing Jakarta, banjur duwé anak putri kanthi jeneng Genoveva Ruri Nostalgia. Ing taun 1976 Retno Maruti gawé sanggar Padnecwara [2] kanggo wadah ngudi kawruh para pambeksan mliginé beksan Jawa Klasik, bedhaya, srimpi, langendriyan karo wayang wong.

Pakaryan lan karya[besut | besut sumber]

Pakaryan nalika wiwitan niti karir ya iku dadi pambeksan lan panata beksan sinambi dadi pangrias temanten. Déné pakaryan wayah saiki ya iku minangka Dosén Fakultas Seni Pertunjukan Institut Kesenian Jakarta (IKJ). Retno uga dadi pangadheg lan pangajar ing Sanggar Tari Padnecwara lan ngajar ing Taman Ismail Marzuki.[3]

Ana uga paméran beksan sing diampu dening Retno Maruti kayata :

  • Langendriyan Damarwulan (1969),
  • Abimanyu Gugur (1976),
  • Roro Mendut (1977),
  • Sawitri (1977),
  • Palgunadi (1978),
  • Rara Mendut (1979),
  • Sekar Pembayun (1980),
  • Keong Emas (1981),
  • Begawan Ciptoning (1983),
  • Kongso Dewo (1989),
  • Dewabrata (1998),
  • Surapati (2001),
  • Alap-alapan Sukesi (2004),
  • Portraits of Javanese Dance (2005),
  • Bedaya Legong Calonarang (2006) lan
  • Kidung Dandaka (2016).

Pangaji[besut | besut sumber]

Ing taun 1964, dhèwèké kapilih dadi  Duta Kesenian Indonesia ing forum Internasional, New York World Fair sing mapan ana ing Amérikah Sarékat. Retno Maruti entuk pangaji saka Akademi Jakarta (AJ) tanggal 10 November 2005 awit saka pangabdiné ing donya kagungan lan humaniora. Retno dipilih amarga entuk biji paling dhuwur saka dewan juri kang dibiji saka duweni daya pancipta kang dhuwur, nyinaoni babagan kagungan tradhisi lan rasa kang jero lan nyithak kawula mudha sing duwéni rasa tresna kang dhuwur ing kagungan klasik.[4]

Amarga pangabdiné wis mataun-taun marang beksan Jawa, Sri Susuhunan Paku Buwono XII mènèhi Retno Maruti gelar Kanjeng Mas Ayu (KMA) Kumalaningrum lan garwané Kanjeng Raden Tumenggung (KRT) Honggodipuro.

Pangaji kang ditampa dening Retno Maruti ing babagan kagungan lan budaya ya iku :

  • Wanita Pembangunan Citra Adikarsa Budaya (1978);
  • Penghargaan Teknologi Seni Budaya Kalyana Kretya Utama dari Menristek BJ Habibie (1997);
  • Citra Adhikarsa Budaya dari Citra Beauty Lotion dan SCTV (1994);
  • Anugerah Kebudayaan dari Departemen Kesenian dan Kebudayaan RI (2003);
  • Perempuan Pilihan dan Maestro dari Metro TV (2003);
  • Nominator Women of the Year dari ANTV (2004).

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Wahyu, Imam (2015). Profil Maestro Indonesia. Tangerang: Indra Tv. kk. 60–63. ISBN 979-97907-1-9. 
  2. Agnes, Tia (2017-02-02). "Cara Sanggar Padnecwara Lestarikan Seni Tari Jawa Klasik". Detik.com. Dijupuk 2019-05-10. 
  3. Sasongko, Tahjo (2017-03-18). "Budaya Luhur Jawa di Belantara Jakarta". Kompas.com. Dijupuk 2019-05-14. 
  4. Lestari, Sri (2017-03-16). "Retno Maruti : Menari seperti berdoa dan kebutuhan jiwa". BBC News Indonesia. Dijupuk 2019-05-12.