Soto Bangkong


Soto Semarang utawi ingkang misuwur kanthi sebatan Soto Bangkong punika salah satunggaling dhaharan khas Semarang, Jawa Tengah. Soto semarang kathah dipunremeni tiyang amargi gadhah ciri khas saking sate kerang ingkang dipunkum kecap manis minangka lawuhipun. Duduh soto semarang ingkang warninipun coklat ugi ingkang bedakaken saking soto-soto jinis sanèsipun.[1] Dipun wastani soto bangkong amargi miterat sujarahipun, bilih nalika sepisanan soto punika misuwur ing kitha Semarang, soto bangkong punika dipunsadé wonten ing Jl. A. Yani, Jl. M. T. Haryono saha Jl. Brigjen Katamso utawi ingkang asring dipunsebat jalan Bangkong ing Semarang. Amargi gadhah ciri khas ingkang bènten kaliyan jinis soto sanèsipun, mila soto ingkang dipunsadé ing jalan bangkong punika dipunwastani soto bangkong. Sapunika soto bangkong dipunsade boten namung ing kitha Semarang kemawon nanging sampun nyebar ing kitha-kitah sanès ing Pulo Jawa.[2]
Bahan-bahanipun
[besut | besut sumber]Bahan-bahan ingkang dipun-ginakaken kanggé damel soto semarang inggih punika:[3]
- 500 gr ayam, dipungodhog ngantos empuk, dipunpendhet dagingipun, lajeng dipunsuwir-suwiri
- 50 gr mi soun lajeng dipunkum toya anget kering, rendam air hangat hingga lunak, potong-potong
- 3 sdm lisah
- 1 lbr ron salam
- 1 btg sereh dipungeprak
- 2 lbr daun jeruk purut
- 1.250 ml kaldu ayam
- 2 btg ron bawang dipuniris tipis
- 2 btg seledri dipuniris alus
- 4 sdm kecap manis
- 2 sdm brambang goreng
- 1 bah jeruk nipis dipunkethok-kethok
Bumbu-bumbu
[besut | besut sumber]Bumbu-bumbu ingkang dipunbetahaken kanggé damel soto semarang inggih punika:
Pelengkap
[besut | besut sumber]Nalika dhahar soto semarang, badhé langkung éco manawi dipunjangkepi kaliyan bahan-bahan pelengkap, kados ta:
- sekul putih
- Bawang putih ingkang dipungorèng
- ron bawang,
- Sate Kerang
- jeruk nipis
- brambang gorèng
- kecap
- sambel rawit ingkang dipundamel saking lombok abang lan lombok ijem dipunsukani sarem lajeng dipunuleg ngantos alus.
Uga delengen
[besut | besut sumber]Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ (dipunundhuh tanggal 12 Dhésèmber 2012)
- ↑ "5 Tempat Makan Soto di Semarang, Cek Harganya". Tempo (ing basa Indonesia). 2025-04-16. Dibukak ing 2025-12-16.
- ↑ [pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 11 Dhésèmber 2012)