Simón Bolívar

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Simón Bolívar
Simón Bolívar - Juan Lovera, 1827.jpg
Presiden Kolombia Besar Pisanan
Lungguh
17 Desember 1819 – 4 Mei 1830
Wakil Présidhèn Francisco de Paula Santander
Kagantèni Domingo Caycedo
Presiden Venezuela ke-2
Lungguh
6 Agustus 1813 – 7 Juli 1814
Kadhisiki Cristóbal Mendoza
Presiden Venezuela ke-3
Lungguh
15 Februari 1819 – 17 Desember 1819
Kagantèni José Antonio Páez
Presiden Bolivia Pisanan
Lungguh
12 Agustus 1825 – 29 Desember 1825
Kagantèni Antonio José de Sucre
Presiden Peru ke-6
Lungguh
17 Februari 1824 – 28 Januari 1827
Kadhisiki José Bernardo de Tagle, Marquis of Torre-Tagle
Kagantèni Andrés de Santa Cruz
Rerincèn priangga
Lair (1783-07-24)Juli 24, 1783
Caracas, Venezuela
Pati Dhésèmber 17, 1830(1830-12-17) (umur 47)
Santa Marta, Kolombia
Sisihan María Teresa Rodríguez del Toro y Alaysa
Agama Katholik Roma
Tandha tangan

Simón José Antonio de la Santísima Trinidad Bolívar y Palacios (lair ing Caracas, Venezuela, 24 Juli 1783 – pati di Santa Marta, Kolombia, 17 Dhésèmber 1830 ing yuswa 47 taun) iku panglima militer perjuangan kamardikan Amérika Kidul sing sacara kolektif dikenal kanthi jeneng Perang Bolívar. Panjenengané mbébasaké akèh negeri ing Amerika Kidul saka Spanyol. Jroning sawetara taun, Simon Bulivar dadi Presiden Gran Colombia, negara sing ora suwé anané. Nagara Bolivia dijenengaké miturut jenengé Bolívar.

Simón Bolívar Memorial Monument, ing Colombia

Wayah Cilik lan Enome[besut | besut sumber]

Simon Bolivar lair tahun 1783 ing kutha Caracas, Venezuela. Bolivar lair ing kaluwarga aristokrat tedhak turune wong Spanyol. Nalika umure isih sangang taun, dhèwèké wis yatim. Bolivar akèh sinau saka kaum pembaharu Perancis. Tokoh kang dadi panutane ya iku John Locke, Rousseau, Voltaire lan Montesqueu.

Nalika enom, Bolivar lelugan ing jagad Éropah. Taun 1805, ing pucuking gumuk Aventine, Roma Simon sumpah yèn dhèwèké ora bakal njagong ungkang-ungkang sadurunge negarane merdika saka penjajah Spanyol.

Revolusi Amerika Latin[besut | besut sumber]

Taun 1808 Napoleon Bonaparte nyerang Spanyol lan ndadekake sedulure panguwasa ing kana. Kahanan iki apik kanggo Amerika Latin nggayuh kamardikane saka jajahane Napoleon.

Taun 1810 revolusi ing Venezuela diwiwiti. Nalika iku gubernur Spanyol kang kuwasa ing kana dipeksa mudhun saka kuwasane. Taun 1811 Venezuela banjur ngumumake kamardikane, Bolivar dadi pemimpin revolusioner. ananging setaun sabanjure pasukan Spanyol kasil nguwasani Venezuela manèh. Salah sawijining pemuka revolusi, Fransisco Miranda dipenjara lan Bolivar lunga saka negarane.

Taun-taun sabanjure Bolivar melu ing saperangan peperangan, menang lan kalah dilakoni ananging Bolivar ora tau mutung. Taun 1819 Bolivar mimpin pasukan kang campur lan morat-marit ora karuan, nyabrang kali, munggah gumuk, lembah lan pucuk gunung Andes kanggo nyerang serdadu Spanyol ing Columbia. Bolivar menangake peperangan ing Boyaca tanggal 17 Agustus 1819. Venezuela banjur dibebasake taun 1821 lan Ecuador taun 1822.

Ing panggonan liya, patriot Argentina, Jose de San Martin kasil mbebasake Argentina lan Chili saka kolonialisme Spanyol lan tanggung jawab ing kamardikanane Peru. Boliver lan Martin ketemu ing kutha Guayaquil, Ecuador, sasi panas taun 1822. Ananging, kekarone ora bisa bebrayan kanggo ngalahake Spanyol, amarga San Martin ora sarujuk karo Bolivar kang galak ngadhepi Spanyol. San Martin banjur mundur saka jabatan komandan lan nagdoh saka Amerika Latin. Taun 1824 pasukan Bolivar membebasake tlatah kang saiki sinebut Peru, lan ing taun 1825 pasukan Spanyol ing lor Peru (saiki sinebut Bolivia) diusir.

Dadi Presiden[besut | besut sumber]

Bolivar nduweni kekarepan anane federasi kanggo negara-negara ing Amerika Selatan. Venezuela, Colombia lan Ekuador wis dadi siji Republik Colombia Raya kanthi Bolivar minangka presidene. Ananging negara-negara ing Amerika Selatan nduweni kekarepan supaya bisa mardika lan mecul saka federasi. Nalika Bolivar nganakake muktamar negari-negari Amerika bekas jajahane Spanyol ing taun 1826, mung ana patang negara kang nekani. Perang sedulur pecah ing taun 1828 lan ana reka daya kanggo mrajaya Simon Bolivar. Ngancik 1830 Venezuela lan Ekuador metu saka federasi. Bolivar sadar yèn dhèwèké dadi alangan kanggo katentreman. Dhèwèké mundur saka pamarentahane ing sasi April taun 1830. Nalika seda ing sasi Desember 1830, kahanane Bolivar kuciwa lan gela, mlarat katula-tula lan dibuwang saka negara asale Venezuela.

Deleng uga[besut | besut sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Simón_Bolívar&oldid=1079644"