Shamanisme Korea

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Persiapan kanggé upacara gut ing Korean Folk Village

Shamanisme Koréa punika kapitadosan asli rakyat Koréa ingkang nggabungaken manéka kapitadosan la praktek ingkang dipunpengaruhi déning agama asli Koréa, agama Buda, lan Taoisme. Wonten ing Basa Koréa, shamanisme dipunsebat mu (무) lan sang pemraktik dipunwastani mudang (무당, 巫堂) [1]. Tugas mudang punika padatanipun déning wanita ingkang ngampahi kontak utawi ngubungaken antawisipun déwa lan manungsa. Shamanisme punika sampun dados satunggaling kapitadosan kanggé tiyang-tiyang Kuno Koréa. Minangka kapitadosan masarakat, shamanisme pitados bilih antawisipun awaking manungsa punika kapérang dados awak jasmani lan rohani, malah kadang kala ing satunggal jasmani wonten pinten roh [2]. Shaman ngawontenaken gut utawi upacara persembahan kanggé damel mari, mbeta kabegjan sarta dados lantaran antawisipun déwa kanthi cara kerasukan. Upacara gut ugi dipunwontenaken kanggé mbimbing arwah tiyang ingkang sampun séda dhateng swarga.

Kapitadosan masarakat Koréa dhateng dukun utawi shaman punika ing kathah aspèk pagesangan. Shamanisme Koréa punika akaripun saking kabudayan kuna ing wewengkon timur laut Asia. Kapitadosan punika kalebet sistem kapitadosan masarakat kuna ingkang dados pérangan ingkang wigati ing warisan kabudayan Koréa. Kanthi dhasar kapitadosan animisme, Shamanisme langkung condhong ing ritual utawi upacara ramalan déning dukun (mudang) ingkang kathahipun ingkang dados mudang punika priyantun èstri [1].

Asal usul tembung[besut | besut sumber]

Tembung shaman dipunpendhet saking Basa Tungusik ingkang dipun-ginakaken déning suku Bangsa Tungusik ing wewengkon Siberia lan Asia Tengah. Istilah shaman wiwit dipun-ginakaken kanthi wiyar awit saking panerbitan karyanipun Mircea Eliade kanthi irah-irahan "Shamanism; Archaic Techniques of Ectasy" (Shamanisme; Teknik Kuno Mencapai Ekstasi). Eliade nyebat shamanisme minangka teknik esktasi, boten sami kaliyan wujud ngèlmu ireng, sikir, utawi pengalaman ekstasi keagamaan.

Dhasar ngawontenaken ritual[besut | besut sumber]

Kanthi umum, anggènipun ngawontenaken ritual punika kanthi dhasar wonten ing ngandhap punika:

  • Ritual kanthi ancas nyuwun kabecikan. Tuladhanipun nyuwun supados panenipun kasil déning para kaum wong tani. Ugi wonten ritual sedekah laut ingkang dipunadani déning para kaum warigaluh.
  • Ritual kanthi ancas nolak lelara. Masarakat Koréa ing jaman rumiyin pitados bilih lelara amargi roh-roh ingkang ala lan namung shaman ingkang saged nambani.
  • Ritual kanthi ancas ngeter roh-roh tiyang ingkang sampun séda dhateng swarga [2].

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b [1][pranala mati permanèn] (id) Gut-Perdukunan yang dilestarikan (dipun-akses tanggal 10 Januari 2013)
  2. a b [2] Archived 2011-03-13 at the Wayback Machine. (id) Shamanisme dan Konfusianisme di Koréa (dipun-akses tanggal 10 Januari 2013)