Sambiloto

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Sambiloto
Andrographis paniculata 001.JPG
Wit Sambiloto
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Ordho: Lamiales
Famili: Acanthaceae
Génus: Andrographis
Spésies: A. paniculata
Jeneng binomial
Andrographis paniculata
(Burm.f.) Wall. ex Nees[1]

Sambiloto (jeneng ilmiyah= Andrographis paniculata utawa Adrographis paniculata (Burm.f.) Nees.) ya iku jinis tuwuhan obat kang isih sakuluwarga karo Acanthaceae.[2][3] Ing Jawa, sambiloto nduwè telung jeneng, ya iku bidara, sadilata, takila, lan sambiroto.[2][3][4]. Ing Sunda, sambiloto uga duwé telung jeneng, ya iku ki peurat, ki oray, ki pait, lan ki ular.[2][3] Déné ing Sumatra utawa Melayu, sambiloto diarani papaitan.[2][3] Yèn ing Cina sambiloto diarani chuan xin lien.[2]

Wujud lan Uripe[besut | besut sumber]

Sambiloto kalebu wit kang ora pati dhuwur ya iku mung 40–90 cm.[2] Gagang wit sambiloto dhapuré kothak, duwé pang kang akèh, lan rasané pait.[2] Godhong sambiloto kalebu jinis godhong tunggal, awujud taji, ukuran dawané 2–8 cm lan ambané 1–3 cm, gagangé cendhèk, lan rasané pait.[2][3] Déné kembangé ukurané cilik, wernané putih semu ungu, thukul saka pucuk gagang.[2] Woh sambiloto dhapuré dawa, dawané kira-kira 1,5 cm lan ambané 0,5 cm, lan yèn mateng wohé mlethèk dadi 4.[2] Winih sambiloto dhapuré gèpèng lan wernané soklat nom utawa soklat susu.[2] Wit sambiloto asalé saka India lan thukulé liyar ing kana.[4] Banjur nyebar ing Muangthai, Malaysia pérangan lor, lan Indonesia.[4] Ing Singapura lan Bangladesh, wit sambiloto uga thukul subur.[4] Sambiloto akèh kang tinemu thukul liyar ing panggonan kang amba, kaya déné ing pinggir dalan, tegalan, utawa laladan kang kosong lan ora karumat, uga ana ing kebon.[2] Laladan nyebaré wit sambiloto saka dhataran cendhèk nganti kang dhuwuré 700 m sadhuwuré laut.[2] Minangka budidaya sambiloto bisa kanthi methik woh sambiloto kang wis tuwa, jupuk winihé, banjur ditandur ing lemah.[5]

Kandhungan Kimia[besut | besut sumber]

Wit sambiloto duwé kandhungan kang akèh lan apik kanggo kasarasan awak. Kandhungan kimia ing sambiloto ya iku Laktone kang kapèrang ana deoxy-andrographolide, andrographolide, 14-deoxy-11, neoandrographolide, 12-didehydroandrographolide, lan homoandrographolide.[2][3] Saliyané iku, sambiloto uga duwé kandhungan mineral (K, Ca, Na), asem kersik, lan Flavonoid kang kapèrang ana alkane, ketone, lan aldehyde.[2][3] Deoxy-andrographolide, andrographolide, 14-deoxy-11, neoandrographolide, 12-didehydroandrographolide, lan homoandrographolide kalebu komponèn aktip kang duwé kasiyat antiradhang.[3]

Kasiyat[besut | besut sumber]

Kasiyat sambiloto ya iku bisa nambani lara panas, lara weteng, gatel-gatel ing kulit, rématik artritis, asem urat tinggi (gour), radhang ginjel akut, radhang paru, tumor paru, bronchitis, TBC paru, kencing manis, hépatitis, hipertensi, tipus, watuk rejan utawa pèrtussis, kencing nanah, nambah napsu mangan, lara untu, lan obat tètès ing kuping.[2][3][4][5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. "Andrographis paniculata information from NPGS/GRIN". www.ars-grin.gov. Dijupuk 2010-04-29. 
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p Muhlisah, Fauziah. 2001. Taman Obat Kulawarga. Jakarta: Panebar Swadaya. Hal 68-70. ISBN 979-489-308-0
  3. a b c d e f g h i Wijayakusuma, Hembing. 2006. Resep Alami dari Pakar Herbal Atasi Asam Urat & Rematik Ala Hembing. Jakarta: Puspa Swara. Hal 42. ISBN 979-24-4807-1
  4. a b c d e Inu, Ade. 1981. Kebun Apotik. Jakarta: Aries Lima. Hal 30-31
  5. a b Lembaga Penelitian Pengembangan dan Pemberdayaan Lingkungan. 2000. Jawa Tengah: Jaya Madani. Hal 54