Menyang kontèn

Reza Bukan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Reza Bukan

Biodata
Lair26 Novèmber 1980 (umur 45)
AsalIndhonésia Jakarta, Indonésia
PakaryanPresenter, MC, Aktor

Reza Bukan iku duwé jeneng asli Deron Eka. Rahadian Reza Bukan iku wong lanang klairan Jakarta, 26 November 1980.[1] Reza Bukan iku nduwéni profesi dadi presenter, lan aktor ing Indonesia.[1] Reza bukan uga tau dadi bintang filem ing filem kang judhulé Rindu Kami Padamu arahan sutradara Garin Nugroho lan presenter ing acara Star 7 kang disiyaraké ing TV7 bareng karo Asty Ananta.[1] Reza Bukan wiwitané tau kerja ing Komedi Kafe.[1] Ing kono Reza Bukan sianu dadi artis kanthi ngobrol karo para tamu lan tampil dadi MC.[1]

Reza Bukan tau dadi presenter Ngacir kang disiyaraké ing RCTI lan Star 7 ing TV7 bareng karo Asty Ananta.[1] Sadurungé dadi presenter, Reza Bukan uga tau dadi bintang iklan ya iku iklan Simpati Hoki.[1] Nalika taun 2004, Reza diajak main ing filem garapan sutradara Garin Nugroho kang judhulé Rindu Kami Padamu.[1] Ing filem iki, Reza akting karo artis senior kaya ta Didi Petet, Neno Warisman, Jaja Mihardja, Nova Eliza, lan Fauzi Baadilla.[1] Jeneng Reza Bukan asalé saka jenengé nalika cilik Reza nduwéni jeneng Reza Pahlevi, bukan Reza Iskandar, bukan mbak Reza.[1] Tembung bukan kang tegesé ora iki banjur dianggo dadi jenengé Reza.[1] Reza bukan iku salah sijiné anggotané kelompok OIO.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 m.kapanlagi.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 10 September 2011)
  2. ↑ nostalgia.tabloidnova.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 10 September 2011)