Ramadhan K.H.

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Ramadhan KH

Ramadhan K.H. utawi ingkang gadhah nama lengkap Ramadan Karta Hadimadja inggih punika salah satunggaling panulis biografi ing Indonésia ingkang miyos wonten ing Bandung tanggal 16 Maret 1927 lan séda ing Cape Town, Afrika Selatan ing tanggal 16 Maret 2006. Piyambakipun séda sasampunipun kènging lelara kanker prostat dangunipun ±3 wulan.[1]

Biografi[besut | besut sumber]

Kathah tiyang ingkang nyeluk Ramadhan KH punika kaliyan sebatan Kang Atun. Piyambakipun inggih punka putra ingkang kaping pitu saking sedasa sedhèrèkipun. Bapakipun, Rd. Edjeh Kartahadimadja, inggih satunggaling patih Kabupatèn Bandung ing jaman pamarèntahaning Hindia Walanda. Déné ibunipun ingkang asma Saidah. Aoh K. Hadimadja (1911-1972) ingkang ugi misuwur dados pujangga lan novelis, inggih punika kangmas kandhungipun Ramadhan ingkang sami bapakipun nanging saking garwa bapakipun ingkang sapisan, inggih punika Rd. Djuwariah binti Martalogawa. Nalika yuswanipun Ramadhan dѐrѐng jangkep tigang sasi, bapkipun sampun kesengsem kaliyan wanita sanèsipun, lan Saidah, ibunipun dipunpegat lan dipunwangsulaken ing kampung aslinipun. Ramadhan ingkang langkung caket kaliyan ibunipun wau, ingkang dadosaken piyambakipun saged ngraosaken deritanipun para kaum èstri. Ramadhan sampun naté kecathet dados mahasiswa ITB lan Akademi Dinas Luar Negeri ing Jakarta, nanging ing kekalihipun sekolah wau boten lulus.[2]

Padamelanipun[besut | besut sumber]

Ramadan sampun naté makarya dangunipun 13 taun dados wartawan ing Antara. Lajeng, piyambakipun medal saking kantoripun amargi boten kiyat ningali kaanan korupsi ingkang kadadosan ing kantoripun. Piyambakipun ugi sampun naté makarya dados Redaktur Majalah Kisah, Redaktur Mingguan Siasat lan Redaktur Mingguan Siasat Baru. Ing gesangipun, Ramadan misuwur dados pujangga ingkang kreatip saha produktip. Piyambakipun ugi kathah nyerat puisi, carkak, novèl, biografi, panerjemah, saha editor. Kempalan puisinipun ingkang dipunwedalaken kanthi irah-irahan “Priangan Si Djeita” (1956), dipunserat nalika Ramadan kondur dhateng Indonésia saking tindakan dhateng Éropah ing taun 1954. Ing wekdal punika, piyambakipun mirsani tanah lairipun ing Jawa Kulon nembé wonten gejolak amargi wonten prastawa separatis. Kaanan sosial pulitik ingkang bubrah punika ingkang dados inspirasinipun kanggé nyerat puisi-puisi punika.[3] Sastrawan Sapardi Djoko Damono paring pamanggih bilih buku kasebat inggih buku kempalan puisi ingkang saé piyambak dipunwedalaken ing sadangunipun Ramadan gesang, lan buku kempalan puisi ingkang saé piyambak ing Indonésia sasampunipun buku sanèsipun ingkang sampun naté dipunwedalaken piyambakipun. Piyambakipun inggih pujangga ing indonésia ingkang nggurit puisinipun mawi format tembang Kinanthi. Ing taun-taun salajengipun, Ramadan dumunung ing Capetown, Afrika Selatan, ndhèrèk garwanipun, Salfrida Nasution, ingkang dados Konsul Jenderal Republik Indonesia ing kitha wau. Sadèrèngipun, piyambakipun ugi sampun naté dumunung ing Los Angeles, Paris, Jenewa, lan Bonn, ndhèrèk garwanipun ingkang sepisanan, inggih punika Pruistin Atmadjasaputra, ingkang ugi makarya dados diplomat, ingkang misuwur kanthi nama ‘Tines”. Ramadan nikah kaliyan “Tines”, ing taun 1958, ingkang séda langkung rumiyin ing Bonn, Jerman, tanggal 10 April 1990. Ing taun 1993, Ramadan nikah kaliyan Salfrida, kancanipun Tines ingkang naté nyumbang getih kanggé Tines, garwanipun.

Karya-karya Ramadan[besut | besut sumber]

Biografi[besut | besut sumber]

  • Kuantar ke Gerbang: kisah cinta kisah cinta Ibu Inggit dengan Bung Karno (1981)
  • Gelombang hidupku: Dewi Dja dari Dardanella (1982)
  • Soeharto pikiran, ucapan, dan tindakan saya: otobiografi (1988)
  • A.E. Kawilarang-untuk Sang Merah Putih: pengalaman, 1942-1961 (1988)
  • Bang Ali demi Jakarta (1966-1977): memoar (1992)
  • Hoegeng, pulisi idaman dan kenyataan: sebuah autobiografi (dipunserat sesarengan kaliyan Abrar Yusra) (1993)
  • Soemitro, mantan Pangkopkamtib: dari Pangdam Mulawarman sampai Pangkopkamtib (1994)
  • Gobel, pelopor indhustri elektronika Indonesia dengan falsafah usaha pohon pisang (1994)
  • Sjamaun Gaharu, cuplikan perjuangan di daerah modal: sebuah autobiografi (dipunserat sesarengan kaliyan Hamid Jabbar, Sjamaun Gaharu) (1995)
  • D.I. Pandjaitan, pahlawan revolusi palastra dalam seragam kebesaran: biografi (dipunserat sesarengan kaliyan Sugiarta Sriwibawa) (1997)
  • Demi bangsa-liku-liku pengabdian Prof. Dr. Midian Sirait: dari guru SR Porsea sampai Guru Besar ITB (dipunserat sesarengan kaliyan Sugiarta Sriwibawa) (1999)
  • H. Priyatna Abdurrasyid-dari Cilampeni ke New York: mengikuti hati nurani (2001)
  • H. Djaelani Hidajat-dari tukang sortir pos sampai mantri: sebuah otobiografi (dipunserat sesarengan kaliyan Tatang Sumarsono) (2002)
  • Pergulatan tanpa henti-Adnan Buyung Nasution (dipunbiyantu nyerat déning Ramadan K.H. dan Nina Pane) (2004)

Novèl[besut | besut sumber]

  • Rojan revolusi (1971)
  • Kemelut hidup (1977)
  • Kulawarga Permana (1978)
  • Ladang Perminus (1990)

Puisi[besut | besut sumber]

  • Priangan si Djelita: kumpulan sandjak (1956)
  • Am Rande des Reisfelds: zweisprachige Anthologie moderner indonesischer Lyrik / herausgegeben von Berthold Damshäuser und Ramadan K.H. aus dem indonesischen übersetzt von Berthold Damshäuser = Pinggir sawah: antologi dwibasa puisi Indonesia modhèren / disunting bersama dengan Berthold Damshäuser, diterjemahkan ke dalam basa Jerman olèh Berthold Damshäuser (1990)
  • Gebt mir Indonesien zurück!-Anthologie moderner indonesischer Lyrik / herausgegeben von Berthold Damshäuser und Ramadan K.H.; aus dem Indonesischen übersetzt von Berthold Damshäuser, mit einem Vorwort von Berthold Damshäuser (1994)
  • Jakarta & Berlin dalam cermin puisi: antologi dwibasa dengan puisi mengenai Jakarta dan Berlin (2002)
  • Antologie Bilingue de la Poesie Indonesienne Contemporaine: antologi puisi dwibasa Indonesia-Prancis (..)

Terjemahan[besut | besut sumber]

  • Yerma: drama tragis dalam tiga babak dan enam adegan olèh Federico García Lorca (1956)
  • Romansa Kaum Gitana olèh Federico García Lorca (1973)
  • Rumah Bernarda Alba olèh Federico García Lorca (1957)

Sanès-saѐsipun[besut | besut sumber]

  • Bola Kerandjang-liputan Olimpiade Helsinki (1952) – bukunipun ingkang sepisanan medal
  • Syair Himne Asian Games Jakarta (1963)
  • Menguak duniaku-kisah sajati kelainan sèksual (dipunserat sesarengan kaliyan R. Prie Prawirakusumah) (1988)
  • Amatan para ahli Jerman tentang Indonesia, disunting bersama dengan Berthold Damshäuser (1992)
  • Rantau dan renungan: budayawan Indonesia tentang pengalamannya di Perancis (1992)
  • Transmigrasi: harapan dan tantangan (1993)
  • Dari monopoli menuju kompetisi: 50 taun telekomunikasi Indonesia sajarah dan kiat manajemen Telkom (dipunserat sesarengan kaliyan Sugiarta Sriwibawa, Abrar Yusra) (1994)
  • Mochtar Lubis bicara lurus: menjawab pertanyaan wartawan (1995)
  • Pers bertanya, Bang Ali menjawab (1995)
  • Rantau dan Renungan I: budayawan Indonesia tentang pengalamannya di Perancis (penyunting sesarengan kaliyan Jean Couteau, Henri Chambert-Loir) (1999)
  • Kita banyak berdusta-wawancara pers lan tulisan Laksamana Sukardi (penyunting sesarengan kaliyan Endo Senggono) (2000)
  • Peran historis Kosgoro (dipunserat sesarengan kaliyan Sugiarta Sriwibawa) (2000)

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. [1] Archived 2007-03-10 at the Wayback Machine. "Selamat Jalan, Kang Ramadan K.H." (dipunundhuh tanggal 25 Januari 2013)
  2. [2][pranala mati permanèn] Tokoh Indonesia (dipununduh tanggal 25 Januari 2013)
  3. [3] "Sastrawan Ramadan KH Berpulang" (dipunundhuh tanggal 25 Januari 2013)