Menyang kontèn

Prasasti Batutulis

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gambar Prasasti Batutulis

Prasasti Batutulis iku prasasti sing dumunung ing Kalurahan Batutulis, Kacamatan Bogor Kidul, Kutha Bogor.[1] Kompleks prasasti iki ambané 17 x 15 mèter, Prasasti Batutulis dianggep dumunung ing situs pusat Kutha Pajajaran lan isih in situ, ya iku isih dumunung ing papan asliné lan dadi jeneng désa laladan mau.[1] Watu prasasti lan barang-barang tinggalané Karajan Sunda ana ing komplek iki. Ing watu prasasti ana ukiran ukara-ukara nganggo basa Sunda Kuna.[1] Prasasti iki digawé ing mangsa papréntahan Surawisesa (1521-1535), ya iku salah sawijiné putra saka Prabu Siliwangi, Raja Pajajaran.[2] Ing jeroné ana watu terasir 15 kang kawangun saka 6 watu ing jero yasan cungkup, 2 watu ing serambi, lan 6 watu ing ngarepan.[2]

Papan panggonan

[besut | besut sumber]
Prasasti Batutulis taun 1920-an
Prasasti Batutulis ing taun 1920-an

Prasasti Batutulis dumunung ing jero sawijining yasan ing pinggir Dalan Raya Ratu Tulis, Kalurahan Batu Tulis, Kacamatan Bogor Kidul.[3] Kanthi géografis, dumunung ing koordinat 106 º 48 '32 "BT lan 06 º 37' 25" LS, lan dumunung ing kadhuwuran 510 m saka lumah sagara.[3] Amba laladan prasasti ya iku 255 m² lan ana yasan gedhong ambané 18 m². Ing saubengé situs prasasti Batutulis ana watu jejeg, watu dhatar, watu relief, watu kang ana luwangané, lan liya-liyané.[3] Lingkungan Prasasti Batutulis saiki dadi pemukiman kang cukup padhet. Prasasti Batutulis dumunung watara 3 km sisih kidul saka pusat Kutha Bogor, watara 20 km sisih wétan Pura Batu Tulis.[3]

Ing kompleks prasasti tinemu Batu Tapak kang miturut sujarahé ya iku tilas tapak sikil Prabu Surawisewa.[4] Ana uga méja watu tilas papan sesajèn ing saben pahargyan, watu tilas cadhangan tahta kanggo raja kang ditunjuk, watu lingga lan tonggak watu lima minangka punakawan (emban) saka watu lingga.[4] Watu lingga iki tilas tonkat pusaka karajan Pajajaran kang dadi lambang kasuburan lan kekuwatan.[4] Watara 200 m saka kompleks prasasti, ana laladan kang diarani Panaisan ya iku tilas alun-alun karajan tinemu laladan watu papat. Laladan watu mau ya iku patung Purwakali, Gelak Nyawang, Kidang Pinanjung lan Layung.[4]

Sajarah

[besut | besut sumber]

Panalitiyan ngenani tulisan ing Prasasti Batutulis Bogor wiwit dilakokaké taun 1806 kanthi nggawé céthakan tangan kanggo Universitas Leiden, Walanda.[5] Déné usaha kanggo maca prasasti sepisanan dilakokaké déning Friederich ing taun 1853.[5] Cathetan sujarah babagan Prasasti Batutulis Bogor kang sepisanan digawé déning Scipio kang nindakaké lelampahan menyang laladan Bogor diteraké déning pendhudhuk Kedunghalang lan Parung Angsana.[5] Scipio nggawé lapuran dhateng Gubernur Jenderal Joanes Camphuijs kang ditulis ing tanggal 23 Dhésèmber 1687 lan nyebutaké bilih puing pura Padjajaran, mligi panggonan lungguh raja dikrubuti lan dirumat déning sawatara macan.[5] Dinuga saka kéné iki tuwuh mitos bilih wadyabala Padjajaran wis gumanti dadi macan.[5]

Prasasti Batutulis Bogor iki dadi salah sawijining pituduh anané Karajan Sunda Pakuan Padjajaran kang umuré arep sa-abad (97 taun).[5] Karajan Pakuan Pajajaran sepisanan dipréntah déning Sri Baduga Maharaja (1282-1521) lan banjur dipréntah déning Prabu Surawisesa (1521-1535), Ratu Dewata (1535-1543), Ratu Sakti (1543-1551), Ratu Nilakendra (1551-1567), lan Raga Mulya (1567-1579).[5]

Isi prasasti

[besut | besut sumber]
Tulisan ing Prasasti Batutulis
  • Wangna pun ini sakakala, prebu ratu purane pun,
  • diwastu diya wingaran prebu guru dewataprana
  • di wastu diya wingaran sri baduga maharaja ratu haji di pakwan pajajaran seri sang ratu dewata
  • pun ya nu nyusuk na pakwan
  • diva anak rahyang déwa niskala sa(ng) sida mokta dimguna tiga i(n) cu rahyang niskala-niskala wastu ka(n) cana sa(ng) sida mokta ka nusalarang
  • ya siya ni nyiyan sakakala gugunungan ngabalay nyiyan samida, nyiyan sa(ng)h yang talaga rena mahawijaya, ya siya, o o i saka, panca pandawa e(m) ban bumi

Pertalan

[besut | besut sumber]
  • Moga slamet, iki tandha pangeling Prabu ratu suwargi
  • Didadèkaké dhèwèké mawa jeneng Prabu Guru Dewataprana,
  • didadèkaké manèh dhèwèké kanthi jeneng Sri Baduga Maharaja Ratu Aji ing Pakuan Pajajaran Sri Sang Ratu Dewata
  • Dhèwèké kang nggawé galengan (pertahanan) Pakuan.
  • Dhèwèké putra Rahiyang Déwa Niskala kang disarékaké ing Gunatiga, putu Rahiyang Niskala Wastu Kencana kang disarékaké menyang Nusa Larang.
  • Dhèwèké kang nggawé tandha pangeling wujud gunung-gunungan, nggawé undhak-undhakan kanggo hutan Samida[6], nggawé Sahiyang Tlaga Rena Mahawijaya (digawé) ing taun Saka Panca Pandawa Ngemban Bhumi.[7].

Prasasti Batutulis digawé Raja Surawisesa kanggo mèngeti jasa raja sadurungé, Jayadewara utawa Sri Baduga Maharaja kang wis mbenèkaké Pakuan Pajajaran kanthi nggawé galengan pertahanan, gunung-gunungan, ngatosaké dalan nganggo watu, nggawé alas Samida, lan nggawé tlaga Rena Mahawijaya, lan angkané taun dhapuré candrasengkala "Panca pandawa ngemban bumi" kang padha karo taun 1455 Saka (1533 M).[3] Prasasti iki minangka sawijining sakakala utawa tandha pangeling kanggo mèngeti 12 taun sédané Sri Baduga Maharaja kang kuwasa 39 taun suwéné (1482-1521).[3] Budaya agama Hindhu mangerteni upacara Srada kang dilakokaké 12 taun sawisé séda minangka panyampurna sukma. Prasasti iki digawé taun kaping 12 (1533 M) sawisé Sri Baduga Maharaja séda ing taun 1521. Taun 1455 Saka kang ana ing prasasti jumbuh karo taun 1533 M.[3] Déné alas Samida kang dimaksud dinuga saiki kang dadi Kebun Raya Bogor.

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c Mengenal Sejarah Prasasti Batutulis(diundhuh 26 Oktober 2012)
  2. a b Prasasti Batutulis Archived 2012-10-10 at the Wayback Machine.(diundhuh 27 Oktober 2012)
  3. a b c d e f g Prasasti Batu Tulis Archived 2015-07-13 at the Wayback Machine.(diundhuh 23 Fèbruari 2013)
  4. a b c d Prasasti Batu Tulis di Bogor[pranala mati permanèn](diundhuh 23 Fèbruari 2013)
  5. a b c d e f g Prasasti Batutulis Bogor Archived 2013-03-22 at the Wayback Machine.(diundhuh 23 Fèbruari 2013)
  6. Lokasi hutan samida ini jaréné yang sekarang dipakai sebagai Kebun Raya Bogor.
  7. Ini ya iku sangkala yang artinya ya iku 5 5 4 1 atau kalau dibalik ya iku 1455 Saka (1533 Masehi)---