Paskah Suzetta
| Paskah Suzetta | |
|---|---|
![]() | |
| Kepala Badan Perencanaan Pembangunan Nasional 8 | |
| Linggih 7 November 2005 – 22 Oktober 2009 | |
| Présidhèn | Susilo Bambang Yudhoyono |
| Kang sadurungé | Sri Mulyani Indrawati |
| Kang sawisé | Armida Alisjahbana |
| Rerincèn dhiri | |
| Lair | 6 April 1953 |
| Agama | Islam |
Drs. H. Paskah Suzetta, MBA (miyos ing Bandung, 6 April 1953) inggih punika salah satunggalipun pulitikus Indonésia.[1] Panjenenganipun dipunlantik dados Mantri Negara Perencanaan Pembangunan Nasional (Kepala Bappenas) ing pangowahan (reshuffle) Kabinet Indonésia Bersatu nalika tanggal 7 Dhésèmber 2005, minangka gantosipun Sri Mulyani ingkang dipundadosaken Mantri Kauangan.[1]
Sejatosipun sadèrèngipun dipunlantik, Suzzeta punika dados pangarsanipun Komisi XI DPR saking Parté Golongan Karya (Golkar).[1] Panjenenganipun naté dados anggota Komisi IV Fraksi Karya Pembangunan DPR/MPR RI Pusat nalika taun 1992-1997 lan anggota Komisi VIII Fraksi Karya Pembangunan DPR/MPR RI Pusat 1997-1999.[1] Sasanesipun punika, Suzzeta ugi naté dados anggota Pansus RUU Amandemen Bank Indonésia taun 1999-2004.[1] Panjenenganipun punika maratuanipun prèsènter TvOne, Tina Talisa.[2]
Kariér
[besut | besut sumber]- Anggota Komisi IV Fraksi Karya Pembangunan DPR/MPR RI Pusat, 1992-1997,[1]
- Anggota Komisi VIII Fraksi Karya Pembangunan DPR/MPR RI Pusat, 1997-1999,[1]
- Anggota DPR RI (minangka Anggota Fraksi Parté Golkar, Ketua Komisi IX (Keuangan lan Perencanaan Pembangunan) DPR RI, Anggota Pansus PKBB DPR RI, Anggota Pansus RUU Amandemen Bank Indonésia, 1999-2004,[1]
- Anggota DPR 2004-2009,[1]
- Mantri Nagara Parencanaan Pembangunan Nasional (Kepala Bappenas) Kabinét Indonésia Bersatu, 2005-2009.[1]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 Paskah Suzetta[pranala mati permanèn] dipunundhuh tanggal 26 September 2011)
- ↑ Wanita-Wanita Anchor Industri Berita Layar Kaca (1), Jawa Pos edisi 16 Juli 2008.
Pranala njawi
[besut | besut sumber]
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
